Piwulang nem prakawis kasebut ing Serat Agutara
Nikaya punika nyimpen wewados ingkang kadhapur
kalimpadaning basa ingkang pikajenganipun
asung piwulang dhateng kita, yen sadaya pandamel
punika sayogi katindhakna kanthi papadhanging
angen-angen. Menggah piwulang kalawau badhe
kawedharaken kados ing ngandhap punika:
- Aja ngandel pituturing wong. Menggah pikajenganipun
kita sampun ngandel dhateng pituturing tiyang
ingkang boten kaseksen tuwin ingkang boten
miturut dhateng gumela ring akal sarta ingkang
boten saged kaseksen dening papadhanging
nalar.
- Aja ngandel marang wirayat kuna amarga saka
lawase. Pikajenganipun tembung lawas = luwas
= lawas = suwe = tebih = memet = lebet. Artosipun
punika sagedipun kita ngandel, inggih manawi
kita sampun saged njajagi maksudipun wirayat
wau.
- Aja ngandel pawarta amarga akeh kang ngandhaake.
Pikajenganipun sampun ngantos ngandel dhateng
pawartosipun tiyang ingkang sampun misuwur,
cidra, sanadyan maneka warni kasagahanipun
prayogi boten kapaelu.
- Aja ngandel thok waton layang karangane wong
wicaksana ing jaman kina.
- Pikajenganipun sampun ngantos ngandel kemawon
dhateng sadaya serat-serat kina. Awit serat-serat
wau upami mungela abrit saged ugi maksudipun
cemeng. Inggih serat makaten punika ingkang
kedah kita jinggleng maksud suraosipun. Sadaya
serat piwulang punika sami dinapur pralampita
, dene badharing pralampita wau muhung saking
pangertosan kita pribadi.
- Aja ngandel waton saka kira-kira. Wus matuh
lawas koanggep bener.
- Pikajenganipun sakathahing pandamel punika
esahipun manawi sampun wonten cihnanipun.
Kita prayogi manuta lan anglenggahana kawontenaning
jaman ingkang saweg dipun alami. Sanadyan
kaanggep sae, luhur tuwin mulya tumrap ing
jaman ingkang sampun kapengker, ananging
yen ing samangke sampun boten njamani, inggih
kedah kaberat ingkang rila. Awit yen boten
makaten, tangeh sagedipun kita manggih karaharjan
lan kamulyan.
- Aja ngandel marang gurumu lan para pandhita
amarga saka panguasane. Pikajenganipun mrayitnani
dhateng pratingkahing para ingkang ngaken
dados guru ingkang sami papacak; kudu manut
miturut lan kudu asih tresna marang gurumu
lan marang pandhuwuranmu sabab kadhudhuwuranmu
iku dadi wakile Kang Maha Kuwasa. Lha inggih
makaten wau manawi boten kita prayitnani,
temah saged ugi dhumawah ing kasangsaran.
Dene sanyatanipun ingkang wajib asih tresna
punika ratu tumrap ing kawula, bapa biyung
tumrap ing anak, guru tumrap murid. Yen sanyata
asih trus ing lahir batos sampun tamtu kawula
sami amangsul sih katresnan ingkang boten
mawi pinarentah.
|