Si Hana, Ki Hana
Mastoni


"Apa Gusti Allah iku ana?" Tembung utawi pitakenan makaten punika yektosipun narik sanget tumrap para ingkang remen dhateng babagan ulah kabatosan utawi ingkang saweg kasengsem dhateng kawruh filsafat amesti kepingin sanget mirengaken kados pundi wedharanipun, kados pundi anggenipun ngonceki pitakenan wau.

Awit sayektosipun pitaken kados makaten punika prasasat ngumandang wonten salebeting sanubarining saben tiyang bebasan boten pilih janma, punapa para sarjana sujana utawi para intelek, punapa para punggung, para wredha punapa para taruna, sadaya kemawon limrahipun sami ngudaraos, sami ketuwuhan pitakenan ing salebeting sanubarinipun, Apa Gusti Allah iku ana?

Salajengipun terkadang mbetahaken andharan-andharan utawi paseksen. Manawi babagan kados makaten punika dipun anggep golonganing pengandel. Tiyang limrahipun inggih kepingin mireng perlu kangge nyantosakaken kapitadosanipun saprelu kangge ngencengaken kapitadosanipun. Awit tuwuhing pangandel punika ugi saged saking oreh-orehan, saking tandha saksi pinten banggi tandha saksi ingkang mutlak, ingkang kiyat.

Tandha saksi ingkang kiyat punika njiyat tiyang kedah ngandel utawi kapeksa ngandel, yen latu aspal punika demokanipun benter, gegodhongan punika warninipun ijem. Awit saking punika bab pitakenan 'apa Allah iku ana' punika kados pundi jawabanipun kados pundi orehanipun, sanget dipun betahaken para ingkang remen ngudi.

Manawi nyata Allah iku ana orehanipun, katranganipun, paseksenipun, kados pundi supados saged damel tansaya kandeling pangandel. Nanging yen mastani Gusti Allah iku ora na orehanipun, katranganipun, paseksenipun kados pundi?

Manawi badhe mangsuli pitakenan apa Gusti Allah iku ana, punika tamtu badhe wonten wangsulan ingkang tuwuh saking kalih golongan utawi kalih aliran, inggih punika sapisan golongan utawi aliran ingkang nggadhahi kapitadosan wontenipun Gusti Allah. Dene ingkang kaping kalih, saking golongan utawi aliran ingkang boten pitados wontenipun Allah.

Kapitadosan dhateng Gusti, punika sayektosipun satunggiling dogma, inggih punika raos pitados ingkang boten mbetahaken tandha saksi utawi bukti-bukti. Ingkang kenging dipun wastani gadhah cara piyambak-piyambak. Wonten ingkang mastani bilih Gusti punika panguwasa luhur. Wonten malih ingkang ngganta bilih Gusti punika kekiyatan ingkang luhur.

Tumrap manungsa ingkang dados bab ingkang baku punika: punapa ta sebabipun dene manungsa punika mbetahaken Gusti utawi tansah ngupadosi Gusti. Mangka manawi babagan kados makaten punika dipun rembag, wah ... mesti panjang tur boten sanes wohipun namung dados padudon ingkang rame.

Wonten sanepa dedongengan. Sayektosipun boten namung manungsa ingkang ngudi, ingkang ngupadosi Gusti, sanadyan para sato kewan punika sejatosipun inggih ngupadi Gusti. Mesthinipun sadaya wau pangganthanipun, panggambaranipun Gusti ing salebeting batosipun beda-beda. Saged ugi wonten ingkang nggantha Gusti mesti ageng inggil, watakipun welas asih.

Limrahipun para manungsa inggih sami anggantha Gusti lan pangganthanipun mesti inggih warni warni. Kacariyos inggih wonten manungsa ingkang sampun wuninga sayektos dhateng Gusti. Nanging piyambakipun boten saged nyariyosaken utawi boten saged mratelakaken menggah kawontenanipun Gusti punika kados punapa. Minangka tuladha Sang Buddha punika boten maiben dhateng wontenipun Gusti. Hewadene nalika salah satunggiling muridipun nyuwun pirsa kados pundi kawontenanipun Gusti, panjenenganipun Sang Buddha boten kepareng maringi wangsulan.

Salajengipun gegodhongan ingkang subur, tur aledhung wonten ingkang wangunipun edhi peni, punika rak boten saged yen ta dipun damel ngangge mesin-mesin pabrik. Para planet, para surya, para candra, para handaru, lan para kartika ingkang sami gadhah kaendahan lan kekiyatan punapa sadaya punika kenging sinebut Gusti? Pitaken punika tuwuh saking kanyatan manawi ing agami Hindhu boten gadhah tembung Gusti Allah nanging Sang Brahman ingkang tegesipun kasunyatan, kaendahan, tuwin kabegjan.

Wonten satunggiling murid ingkang pitaken dhateng gurunipun, kados pundi kawontenanipun Gusti. Murid wau lajeng dipun dhawuhi guru kapurih mender gelas ingkang isi toya, lajeng dipun cemplungi sarem. Para murid lajeng dipun dhawuhi necep toya ing gelas, ingkang dipun cemplungi sarem wau, raosipun kados pundi?

Sasampunipun necep, murid wau matur dhateng gurunipun bilih raosipun asin, pun murid lajeng dipun dhawuhi ngraosaken toya gelas wau ingkang tengah, lajeng ngandhap, murid pratela bilih raosipun inggih sami asinipun. Gelas isi toya wau lajeng dipun singgahaken guru, dangu dangu ngantos asat toyanipun namung kantun saremipun. Salajengipun guru maringi katrangan dhateng muridipun, saupami ing tembe jagad punika sirna, ingkang wonten kantun Gusti.

Manawi miturut piwulangipun Kejawen, menggah kawontenanipun Gusti punika manungsa saged anjawab piyambak piyambak, amargi Gusti punika dedunung ing pundi kemawon lan ugi dedunung wonten ing salebeting angganipun manungsa. Manawi badhe ngencupi intisari sesorah punika sajatosipun inggih meksa boten gampil. Amargi orehanipun sadaya wau inggih prasasat sami kemawon kaliyan orehan ing serat-serat ingkang sampun kita waos.

Dados dipun punapak-punapakna menggah kawontenanipun Gusti punika prakawis ingkang rungsit, rumpil, sungil, sulit, pun katetep angel alias boten gampil. Menggahing kaprecayan dhateng Gusti punika, punika mesti dogma, tegesipun pengandel ingkang boten mbetahaken paseksen, pengandel ingkang boten mbetahaken katrangan lan andharan punapa-punapa, wosipun: ngandel.

Tegesipun pengandel dhateng Gusti punika pengandel sanginggilipun pengandel. Awit manawi taksih mawi katrangan, andharan-andharan punika mangke malah ketotog. Jalaran ingkang damel katrangan-katrangan, andharan-andharan punika pamikir, kamangka dipun menapak-menapakna, pamikir dipun angge nyawang Gusti, dipun angge nalar Gusti, inggih mangsa dumugiya, mangsa gaduka, tiwas jebol pamikiripun, mangsa sageda nggayuh kangge nalar Gusti.

Nanging kauningana, yen pangandel cekap nem wanda: Si Hana, Ki Hana. Sampun cekap. Wasana rahayu sagung dumadi.


back to the top