1.
Ooo … kabeh kuwi perkara sweeping-sweepingan,
bom-boman, paten-pinaten, perang,
pedhang-pedhangan,
bacok-bacokan, obong-obongan,
merga ora padha
bangsane, merga ora padha agamane,
merga
ora padha coblosane, merga ora
padha jabatane,
ya kono terusna sakarepmu, sakatogmu,
tutugna
dhewe.
Lha yen wis kaya ngono kahanane, banjur sing
satemene nyrimpet lakune awake dhewe nganti
mateni awake dhewe iki ora liya ya awake
dhewe iki ta, amerga wis ora perduli maneh
marang wong liya, amerga manungsane dhewe
iki sing serakah. Pancen ya serakah kuwi
sing dadi sebabe, serakah lan ora perduli
nasibe liyan kagawa saka nafsu.
Saiki wis ora usah bingung-bingung maneh
nggoleki sapa sing dadi wewe gombele, genah
wis katon wela-wela, yakuwi nafsu, nafsu,
nafsu, sepisan maneh nafsu kekarepan elek
sing perlu disweeping, diperangi, dipedhangi,
dibacoki, diobongi, krungu ora?! Aku dhewe
mung lamat-lamat krungune. Sikap no reken
yu mau lha kok banjur dibuntel rapet dadi
siji karo sikap no reken sejatining Gusti
Kang Murbeng Dumadi, mung kanggo topeng,
wong Gusti kok dienggo topengan, dadine genep
jangkep pas, lho apa maneh sing kurang?
Wong edan kepingin dadi jagoan, wong becakan
kepingin dadi jagoan, pelajar mahasiswa kepingin
dadi jagoan, pejabate ora ketinggalan malah
sregep menehi conto kepriye bisane dadi jagoan,
ing ngarsa sung tuladha ing madya golek bala
tut wuri handayani, ajur negara! Lho kabeh
kok padha melu-melu kaya wong arepe budhal
nonton Bengawan Solo Fair sing nyatane ora
fair tenanan, ya apa iya? Mas Suryo diesemi
wong ayu aku ora, kamangka nontone bareng.
Lasykar Islam kepingin dadi jagoan, Amerika
kepingin dadi jagoan dudu crita anyaran,
Aleksander Agung kepingin dadi jagoan. Raja
Mesir mbiyen ya ngono uga kepingin dadi jagoan,
tapi Gusti Allah ora marengke banjur ngirim
wong sing ngendikane bae jarene jare ora
teteh, yakuwi Musa, wong siji bisa ngalahna
negara gedhe, lho kok dadi kaya pileme Arnold
Suwekgegere ya? Ya genah ora padha no, kowe
iki piye ta? Kabeh wis weruh Firaun kuwi
raja tenanan dudu raja singa, senadyan padha-padha
penyakite. Malah Charleston Heston ora budheg
matane, ora picek kupinge ya ngerti critane
banjur gawe pileme, wis kono delengen dhewe.
Manungsa kuwi saka kersane Gusti Allah katurunake
menyang ngrecapada minangka utusane Gusti
Allah mulane ana Ha Na Ca Ra Ka, tegese ana
utusan. Utusane Gusti Allah manungsa lanang
lan wadon. Minangka utusan, manungsa diparingi
kapinteran kang luwih-luwih dening Kang Maha
Kuwasa. Nanging aja salah ing panampa, kang
diarani utusan kuwi tegese kuwasane ora bisa
ngluwihi kang ngutus. Manungsa mung dikuwasakake
mengku kang wis gumelar ing jagad, diwenangke
nguwasani nanging ora maha kuwasa, kayata
ora bisa gawe urip. Yen nguripke lampu pancen
bisa, jenenge ya urip, nanging kuwi dudu
sejatining urip. Lha wong bisane urip mung
merga saka welase PLN mumpung durung dicabut
telat mbayar rekeninge. Tuladha liyane golekana
dhewe aku nehi-nehi, dak terusne olehku lumaksana
mblambangan karo ngombak banyu. Oops sabetane
keri. Dak sabet karo gaman Sarutama bakal
nggoleki maneh kowe ya?
Manungsa pancen diuja dening Kang Maha Kuwasa
diparingi mawarna-warna kabisan nganti bisa
nglumpuk manjing paseduluran ngedohi bengkerengan
lumantar Milis Jawa contone, mocok ce? Nanging uga akeh manungsa
sing rumangsa jagoan bebasan ditembak ora
mempan bareng dikabluk pitik kok ya mlayu,
watake keras sifate brangasan kaya Mastoni
hehe, angkara murka, mbregedul, lsp., banjur
nguja kesenengane dhewe utawa ngumbar hawa
nefsu ngaji pumpung. Malah ana sing guneman
ngene, "O Allah urip sepisan kanggo
apa, yen ora diseneng-senengke saiki kapan
maneh apa ngenteni mbesuk yen wis mati?"
Karepe sing guneman mau amerga saka kurang
ngertine tegese tembung 'O Allah urip sepisan
kanggo apa'. Kamangka pancen bener yen Allah
iku ya Urip Kang Sepisan kuwi, ora ping pindho
ping telu. Ya jalaran mung sepisan kuwi mulane
diarani langgeng. Sengaja aku nganggo asma
Allah senadyan kena bae ngaturi nganggo asma
liyane, iki ora liya amerga tembung Arab
'Allah' mau ora nduweni gender, lanang wadone tembung. Lha yen wis nduweni
gender ateges wis winates, mleset saka sifate Gusti
Allah.
Manungsa urip kuwi tegese manungsa sing ragane
isih kadunungan Urip. Yen ragane wis dioncati
dening Urip, yen wis ora dikanggokake maneh
dening Urip terus ditinggal glanggang, banjur
raga mau diarani bathang kang ora ana ajine,
mulane kudu digolekna panggonan dhewe ing
kuburan ben aku ora mlayu wedi hiii … uwong
kok medeni.
Urip kuwi dumunung ana ing sakabehing dumadi.
Dene Urip kang ana ing manungsa iku urip
kang sejati, urip kang sampurna, urip kang
dadi tungguling kahanan. Manungsa iku minangka
wadhahing urip kang suci, mulane sawise ana
ing manungsa mestine kudu nindhakake sakabehing
laku kang suci, supaya bisa dadi manungsa
kang utama, dadi utusaning Gusti, Ha Na Ca
Ra Ka. Aku dhewe isih rumangsa abot nglakoni
lho! Kesebelasan iman ini tidak selalu bisa
bertahan satu kosong, wis nate nonton Real
Madrid ora? Dadi surasane tembung 'O Allah
urip sepisan kanggo apa' kaya ing ndhuwur
mau satemene ya ora liya awake kang urip
sepisan, murih gamblange maneh ya badhan
wadhage manungsa sing kadunungan Urip Kang
Sepisan kuwi.
2
Gusti Allah kuwi 'boundless absence' utawa
yen miturut wong Jawa, Gusti Allah kuwi dununge
cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan,
ana rupa kang padhang trawangan nanging dudu
padhanging lampu dudu padhanging srengenge
uga dudu padhanging rembulan, gumantung tanpa
cantelan, kang dumunung ana ing suwung ya
ana njaba ya ana njero. Ilmu fisika modern
wis bisa menehi gambaran ngenani sifate Gusti
kaya sing wis dak aturke ing ukara ndhuwur
mau. Minangka tuladhane yakuwi energi, sawijining
cahya lan dhaya kekuwatan sing ora bisa cinipta
lan ora bisa dimusnahna, bebasan senadyan
disweeping ya isih tetep mringis he he heei.
Ketombe, siapa takut?
Aja kuwathokan, eh maksudku aja kuwatir dulur,
nalika aku ing Cambodia kahananane luwih,
luwih nggegirisi banget toh nyawa tenan.
Saiki bali menyang pitakon wong urip kuwi
satemene kanggo apa. Bab iki pancen kudu
diweruhi dening sapa bae kang gelem meruhi,
supaya bisa mangerti Sangkan Paraning Dumadi.
Dionceki dhewe dhisik, dirasakne dhewe dhisik,
ing mburi bae mengko dak coba melu urun rembug.
Ana maneh sing guneman, "Urip ana sing
nguripi", ora perlu syusyah syusyah,
dituwug-tuwugne olehe seneng mumpung isih
ana ing alam donya. Pandhakwane yen 'Urip
ana sing nguripi' iki sejatine tembung lumrah
nanging salah kaprah. Sing bener Urip kuwi
ora ana sing nguripi nanging Urip Kang Ijen,
Urip Kang Esa. Sing bener ya Urip kuwi sing
nguripi panguripan, ora liya ya sakabehing
dumadi. Aja kulawik mundhak kulawat dadi
jambu mete wetenge njembluk ndhase ing ngisor
dirubung semut apa ora medeni? Hiii … uwong
kok medeni terus.
Manungsa kuwi senadyan gedhe dhuwur dhempal
kaya Arnold Suwekgegere yen lagi kena plukuthuk
bae (flu cak, maksudku flu), iku lho kuman
apa virus cuilik menthik sing lagi asyik
bermalam jahanam sejak malam pertama manggon
ing perangan awak ing sisih kene ing sisih
kono banjur bleg … ambyuk wonge ora bisa
tangi kaya wong arep modar, wong nyatane
pancen arep modar. Wis keok kaya ngono manungsa
ya meksa isih ana bae sing kepingin dadi
jagoan.
Oooo … dadi kuwi ta sing satemene kepingin
dak rembug ing kene, kudu wani ngakoni yen
satemene manungsa kuwi dudu jagoan, kanyatan
sing ora beda karo bedane Kulon lan Wetan.
Yen ing Kulon, wong kono padha ujar, I think,
therefore I am. Ing Wetan awake dhewe kudune
wani kandha, I think therefore I am NOT.
Ngene lho dulur:
Rene Descartes punika was a knukclehead,
ngaten. Statement piyambakipun "I think
therefore I am" manawi miturut pamanggih
kula has got to be one of the sloppiest pieces
of philosophical and contemplative work in
the history of the West. Lha kula punika
malah langkung remen lan rumaos ceceg kaliyan
the Buddhist version " I think therefore
I think I am." And truly an opinion
is the flimsiest of things on which to rest
such a weighty proposition as "I am."
Aku jaaan ora setuju bianget karo Rene Descartes,
ngono kok bisa misuwur ya, lha aku dhewe
kok bisane mung mikul siwur. Yen durung jelas
maksude omongane Rene Descartes takona aku.
Aku dhewe bingung jawabane, wong ukara mau
nemu ing buku pilosopi tulisane Pak Rene
Dokar sing dokare ora rene-rene ya diterusna
bae olehe ngobrol sinambi ngenteni dokare.
Lha terus piye kepenake saiki? Terus kepriye
yen manungsane dhewe ora kesel kesel gawe
bom, tuku bom, kulak bom, mborong bom, bom
maneh, terus bom bom bom mateni sapa bae
sakepenake udel, terus pungkasane piye? Apa
spesies sing jenenge manungsa iki ya bakal
bisa tetep urip langgeng? Pungkasane pungkas
ya manungsane dhewe sing moudyar ta? Amerga
tumindak kaya ngono kuwi satemene ora beda
karo ngejur awake dhewe sak empot-empote
(self-destruction mechanism). Sifat serakah
lan tansah golek menange dhewe yakuwi sing
arep mateni awake dhewe. Kudu diendheg.
Sepisan maneh sing langgeng mung Uripe, sing
modar manungsane, aja nganti kliru. Manungsa
modar dadi bathang asal lemah bali menyang
lemah, Uripe bali menyang awang-uwung (boundless
absence). Ewasemono yen ragane manungsa wis
dadi bathang ora wurung sing nggulawentah
ngedusi, nyembahyangi, ngubur, nylameti,
lsp. uga Urip, yakuwi manungsa liyane sing
isih kadunungan Urip. Yen bathange bisa adus
dhewe milih bluron ing kolam renang ora sempakan
rak malah kepenak ora gawe repot keluargane.
Semono uga nalika jasade dikubur ing njerone
lemah, asal lemah bali menyang lemah maneh,
nanging lemah kuwi satemene ya urip, lha
yen mati rak ora bisa nguripi tetuwuhan kanggo
nguripi manungsa sing isih urip, sing mengko
ya genti nandur tetuwuhan mau saperlu dipek
hasile. Lho kahanan ngalam donya iki rak
mubeng bolak-balik terus ta?
Mula saka kuwi manungsa arepe
dikaya ngapa
bae, senadyan wis mati tetep
ora bisa uwal
saka Urip, ora bakal bisa oncat
saka kuwasaning
Gusti, ora perlu was sumelang
maneh, aja
benceng ceweng njaba putih njerone
kuning.
Yen manungsa laire lan batine
wis padha banjur
diarani Loroning Atunggal, loro
dadi siji,
siji dadi loro, isine (Urip)
suci, wadhahe
(raga) bagus.
3.
Urip Kang Sepisan utawa Urip Siji mau dununge
ana ing jejering manungsa lanang lan wadon
utawa bapa biyung minangka utusane Gusti,
Ha Na Ca Ra Ka, mulane banjur kabasakake
Sastra Jendra Juningrat, tegese Tulising
Gusti Kang Cetha. Bab iki perlu dimangerteni
supaya bisa ngganepi urip bebrayan kang ing
ngalam donya, kaleksanan nggayuh rahayuning
budi wiwitan lan pungkasan. Senadyan manungsa
diwenangke nggayuh rejaning donya brana nanging
kudu sing manut marang ati kang resik. Yen
wis mangkono banjur uripe bisa ayem lan tentrem.
Ewadene katentreman kuwi dununge mung ana
ing rasa, yakuwi rasa kang suci ora liya
rasa kang sumeleh. Lehhh….
Satemene mung prasaja banget ora ruwet kaya
sing dibayangke. Yen kowe kabeh padha kepingin
mangan wareg, duwe jabatan dhuwur, omah,
mobil mewah, dhuwit akeh lan iki iku. Lan
yen kowe banjur miwiti gawe perkara nggasak
wong iki iku, nggasak wong iki iku, miwiti
ngrogoh dhuwit saka kanthonge wong iki iku.
Banjur ganti aku uga emoh ketinggalan sepur
melu-melu tumindak ngono. Banjur sedulurku
lan kancaku padha melu ngono. Banjur liyane
maneh uga melu-melu, pungkasane apa ya terus
bakal keturutan bisa mangan wareg, duwe omah,
duwe mobil mewah, dhuwit akeh? Ora bakal.
Lha terus wiwit mau sing diumyege kuwi apa?
Ora liya ya mung ngurek ing kono padha umyeg
karepe dhewe bengkerengan terus swarane kaya
pasar pitik. Kepriye arepe bisa mentas uripe
bisa tentrem adhem ayem yen kabeh mung lelumban
padha kepingin bisa ngrebut panganan saka
panganane wong liya, ngrebut jabatan saka
jabatane wong liya, bisa ngumpulke donya
brana saka donya branane wong liya, pungkasane
ya mung mumet bingung kaya pitik theloen.
Aku nggawa dhuwit Rp 10.000 saperlu
kanggo
tuku panganan, durung sempat
madhang dhuwite
wis dicopet dening B, sawise
ana ing kanthonge
B banjur B diapusi dening C,
ana C dhuwite
diutil D, kaya ngono sateruse.
Kabeh ora
sida mangan ta? wong dhuwite
ora karuwan
parane. Akhire ya mung mumet
bathuke, bingung
karepe dhewe. Diubengke cagak
bae dhisik
ping telu ben pitike ora bingung
nggoleki
tarangane. Eling ora, kuwi jarene
jare wong-wong
kuna nalika aku durung ana mbiyen
kae lho.
Uwong kok dipadhakna pitik.
Prayogane rak ngene, hei bedhes belek, kethek
ogleng, setan belang, wedhos berok, kene
padha ngumpul kene ayo padha mangan bebarengan,
nyidhuk dhewe 'segane' aja sungkan-sungkan
sing penting eling liyane dingengehi, nyoh
iki piring kanggo kowe, iki kanggo aku, iki
kanggo liyane. Yen bisa mangkono, mengko
kabeh wetenge rak bisa kisen wareg, sedulur
akeh dadi padha rukun, urip krasa ayem tentrem.
Dadi yen awake dhewe iki wis bisa urip rukun
ora cocongkrahan terus, yen urip iki wis
lelandhesan rasa tresna asih marang siji
lan sijine, yen kabeh padha rumangsa ora
kabotan mbantu siji lan sijine, tamtu bakal
ana timbal balike, nandur kabecikan bakal
tumukul kabecikan. Yen tumukul elek kuwi
jenenge lagi apes, delengen dhewe ing KTP-ne
jenenge pancen Avez, mosok wis pangling karo
kanca sak kelas Rek? Yen lagi nandhang apes,
ndonga nyenyuwun bae muga-muga diparingi
sabar, ora perduli Sabar wis duwe bojo anake
loro, trima diwayuh ya ora apa-apa, luwih
becik tinimbang wirang dadi prawan tuwa.
Lho nekad!?
Aku wonge seneng kluthusan. Wis nate dolan
nganti tekan ngendi-endi (nganggo dhuwit
kantor tapi), mangkane tetep kere, nanging
atiku bungah jalaran bisa mbandhingna kahanan
negara-negara sing wis nate dak parani, banjur
bisa macapat, maca mripat papat. Ana negara,
ing kono senadyan ta kowe nggawa dhuwit mbrewu
akehe, nanging bingung arepe mblanjake sing
arepe dituku kuwi apa, lha wong sing jenenge
toko lan restoran ing negara kono mau isine
kosong blong, arepe lelungan golek kendaraan
ndadak kudu ngenteni nganti mejen. Ya mejene
dhewe.
Ing negara liyane maneh, ing kono kowe bisa
bae duwe mobil pribadi, nanging bingung arepe
golek parkiran ora ana, apa ya mobile arepe
terus dilakokna? Yen bensine entek apa ya
terus diganti uyuhe jaran? Diseret ya ora
kuwat. Ya sereten dhewe.
Ana maneh, ing negara liyane maneh, ing kono
yen dhuwitmu akeh, uripmu malah tansaya ora
tentrem. Ana negara sing kahanane isih nggegirisi
banget kaya ngene iki. Lha wong senadyan
ing omah bae sawayah-wayah bisa dirampok,
apamaneh yen lelungan, brandhal bromocorah
pating sliwer sak enggon-enggon, endi dulur,
endi kanca, endi musuh wujude padha nggapleki
kabeh. Sosialisasi bromocorah nich ye? Syik
asyik, cihuiiii ….!
Jare Mas Suryo tukang ngapusi ben genti diapusi
tukang becak, rasakno! Mbayar sewelas ewu
limang atus plus makan siang gratis sate
wedhus saka Tirtonadi menyang Baluwerti,
kamangka lumrahe mung telung ewu limang atus.
Rasakno, kowe yen ngapusi bakal diapusi!
Iki ngomong apa ta aku iki? I don't know.
Ana maneh sing luwih aneh bin ora mbeneh,
ing negara mau kowe bakal diuja donya brana,
nanging uripe bangsa mau racake kok ya ora
ana bungahe. Wong mesem ngguyu ketemune mung
ing gambar-gambar iklan, saking kulinane
nganti rakyate padha melu mesem ngguyu, aja
kliru, ngguyune mung ing foto-fotone thok,
supaya dikira yen uripe wong mau bungah banget,
akeh-akahe mung ngapusi. Kahanan satemene
sing akeh tinemu anane mung wong-wong sing
padha seneng ngeyel engkel-engkelan, senadyan
perkarane mung sepele banget, persis kaya
ing pilem-pileme sing dieksepor menyang Indonesia
terus diconto plek karo penontone, klebu
rambute sing neiyeng, dudu blond ning neiyeng,
sekali lagi neiyeng, neiyeng, neiyeng, neiyeng,
jelas? Putri Solo saiki rambute ya akeh sing
padha neiyeng. Dhiaasarrr … Putriiii … Solooo!
(nyanyine kudu nganggo dialek Suroboyoan!)
Ing negara mau, racake wonge padha mbethuthut,
kesenggol sithik senadyan ora catu wis jenggong
gampang banget nesu, lambene minca-mincu
terus, ulate mrengut angel diajak cecaturan
senadyan padha bangsane, uripe katone kok
padha kijenan kesepian, sing dielus-elus
dudu pupu mulus ning pupune kucing, sing
dicipok dudu bibir-bibir yang basah bergincu
merah nanging lambene lan ilate asu sing
katon diklamuti, dikudang-kudang kaya pacare,
wong pacaran kok karo asu. Pacarana dhewe
kono, tinimbang karo asu dak pilih ora payu.
"Mastoni ini asal tidak
terkena hawa
basah, disimpan lebih lama akan
menambah
rasanya lebih enak."
BACA ATURAN PAKAI:
Bila status perjaka tetap berlanjut, segera
hubungi dukun.
4.
Pancen manungsa yen wis rumangsa
uripe sarwa
kecukupan, wong-wonge akeh sing
sifate dadi
anggak, amerga rumangsa ora mbutuhna
wong
liya maneh, panganggepe kabeh
bisa tinuku
nganggo dhuwit, rasa kamanungsan
dadi ilang.
Nanging yakuwi, bareng wis rumangsa
kesepian,
silite asu klakon didilati tenan
tanpa nyuwun
sewu dhisik, wong ndilati silite
asu kok
ndadak nganggo nyuwun sewu. Playune
paling
banter ya alkohol and sex and
sex, esek-esek
terus, mlincet dhewe rasakna.
Nyebut asmane
Gusti diundamana jarene haram
jadah. Coba
dipenggalih, urip kaya ngapa
ngene iki? Kamangka
Gusti kuwi satemene ana, banjur
ing ngendi
papan panggonane?
Seek that pearl from within your chest
and let It reflect Its light from within
your breast.
Wong urip kuwi kudu gelem srawung gepok senggol
karo tangga teparo, gelem tulung-tinulung
marang sapadha-padhaning tumitahing Gusti
Kang Akarya Jagad, lan gelem mbukak atine,
sadhar yen saben wong kuwi beda, ora kena
dipeksa kekarepane mesti kudu padha karo
awake dhewe, sing penting ora nyatoni liyan
ora gawe kisruhing kahanan.
"Selera orang 'kan lain-lain,"
maka berkatalah Mas Suryo lagi. Lagi-lagi
Mas Suryo. Lha wong Mas Budi repot terus
nggawe supermi! iku lho ngurusi kabel-kabele
telkom. Nggoleki Mbah Landa mlayune mesti
kudu menyang perpustakaan Harvard. Dhasar
kutu buku, wong buku kok ana kutune apa ora
wegah macane. Mbah Landa iku nalika isih
cilik wis Landa lho! Aneh, wong isih cilik
kok wis Landa. Ya uwis ah, diteruske bae
ngobrole…
Lha bocah kembar bae satemene ora padha senadyan
ta bocah loro mau memper banget, yen ora
memper jenenge dudu kembar, tetep yen digoleki
bisa tinemu yen ana sing ora padha. Yen wis
ngene, banjur kepriye arepe bisa madhakna?
Sing padha tenanan anane mung siji yaiku
aku, tegese mung ana siji sing bisa padha
karo aku ya aku dhewe. Not really, wong kadhang-kadhang
aku dhewe ya isih selegendhe, kadhangkala
mbeneh kadhangkala edan, so Mastoni is SLGD.
Bah!
Yen aku ora bisa padha karo kowe, lan kowe
ora bisa padha karo aku, terus piye kepenake?
Apa terus ngajak antem-anteman, paten-pinaten,
sweeping-sweepingan, obong-obongan, jihad-jihadan
(tegese ora jihad tenanan, wong jihad tenanan
kuwi ora ngono ning ngene lho!), mung amerga
kowe ora bisa padha karo aku, contone angger
wong sing ora disunat banjur diarani kafir,
kamangka nyatane ana sing luwih seneng Uncut,
dijarne klewer-klewer ing Pasar Klewer kaya
tlalene gajah aboh ya ben, wong pancen senengane
merek iku.
Apa kepenake ngene bae … ditrima bae kahanan
sing nyatane pancen beda mau kanthi lila
legawa, banjur matur nuwun marang Gusti,
sokur kowe diciptakna ora padha karo aku,
yen padha ngganthenge kaya aku … wah, saingan.
Pesan sponsor, nich ye?
Kahanan sing beda-beda mau cinipta dening
Kang Maha Kuwasa supaya padha gelem meruhi
siji lan sijine. Iki amerga kahanan sing
beda-beda mau satemene kanggo menehi gambaran
marang kita kabeh kepriye Uripe wong mau.
Basa moncere:
Because what we know in one another is what
God is revealing, how God is living in that
person, in the deeper sense is that God is
unique, God is great, everybody is unique.
Paham ora paham karepmu.
Yen kahanan ing donya iki kabeh banjur kudu
padha, donya iki bakal mboseni banget, persis
kaya barang-barang sing diproduksi massal,
suwe-suwe dadi ora ana ajine. Banjur Gusti
Allah iki nyiptakna manungsa nganti 5 milyar
cacahe iki kanggo apa? Siji bae rak wis cukup
ta? Ooo .. manungsa kuwi pranyata kulite
putih, irunge mancung, basane Inggeris, panganane
burger, that's enough, we got the idea. Gusti
Allah ora cubluk.
Minangka tuladha sing rumangsa
dadi wong
Jawa ya kudu gelem cecaturan
nganggo Basa
Jawa karo padha wong Jawane,
iki ora liya
ya supaya ndonya iki ana warnane.
Bayangna
yen ndonya iki basane kabeh padha,
ora ana
sing nehi-nehi tumbar miri jahe
kare-kare
disantap kere-kere, apa ora bakal
mboseni
banget? Ora perlu rumangsa ketinggalan
jaman
yen ora weruh Enrique Iglesias,
nanging rumangsoa
ketinggalan jaman yen ora weruh
Yati Pesek.
Ora perlu rumangsa asor nduweni
kulit sawo
mateng wong kuwi pinaringane
Gusti, ora perlu
ndadak kudu disemen putih dhisik
nganti kaya
pocongan, aja gelem diapusi pabrik
kosmetik.
Ora perlu minder yen basa Inggerise
kurang
fasih, nanging rumangsoa minder
yen basa
Jawane kurang fasih.
5.
Supaya ati bisa resik yen lagi sesrawungan
karo sapadha-padhaning tumitah, prayogane
kita kudu bisa ninggalna KTP sing isih cumenthel
ing awake dhewe yakuwi NAFSU, EGO, IDENTITAS,
JABATAN, kudu bisa direm aja nganti katut
digawa mlayu banter kebablasen nabrak pager,
wong pager kok ditabrak, rasakna beset dhewe.
You have to conquer that id, darling. You
have to get that under control, my dear.
Please! Saben uwong aku percaya diparingi
kaluwihan dhewe-dhewe dening Gusti Kang Maha
Kuwasa, supaya manungsa gelem sinau saka
siji lan sijine, bisa ngregani siji lan sijine.
Titelmu dhuwur ning kowe ora enthos dikon
nggawe cenil sing kenyol-kenyol enake kaya
cenile Mbok Iyem pojok pasar kae. Wee ..
dak apusi kowe, sori disosor meri dulur,
cenile Mbok Iyem mung kanggo bojone dhewe,
ora didol.
KTPmu kuwi--nafsumu, egomu, Mastermu, Ph.Dmu,
GPHmu, jabatanmu, dak ibaratna asu galak,
talenana dhisik asumu supaya aku ora wedi
mampir menyang omahmu. Kowe nduwe asu galak
ora? Yen ora nduwe asu galak, aku matur nuwun
banget ora ana maneh sing perlu dak wedeni.
Merga ana asu galak kuwi sing marakake aku
ora wani mampir mlebu omahmu. Senadyan kowe
minarakna aku nganti ping sewidak jaran,
akeh banget ta ya jarane, nanging yen asumu
ora ditaleni kuwi padha karo ngapusi. Nehi
ah, emoh ah, aku emoh mampir omahmu merga
aku wedi karo asumu. Asui, rupamu kaya kirik!
Ya mesti bae asu kuwi rupane kaya kirik.
Sapa ngerti asumu mau terus nyokot aku. Dicokot
se karuwan larane langsung krasa, lha yen
ndadak dioral dhisik, banjur dikrikiti sithik-sithik
sadurunge dicokot apa ora kerih kabeh? Dadi
mung sawise aku rumangsa yakin yen asumu
sing galak mau wis ditaleni rapet lan disingkrihna
ing panggonan sing aman ora bakal nyokot
aku, aku cakut gelem wani dolan menyang omahmu.
Lha yakuwi lho dulur sing kepingin melu dak
aturke ing kene! Satemene kahanane Gusti
Kang Akarya Jagad iki ya ora beda karo tuladha
ing ndhuwur mau. Yen isih ana asu jenggong
ing njerone ragamu, Gusti Allah ora bakal
kersa rawuh ana ing kono. Dadi talenana dhisik
asumu kuwi, supaya kowe bisa ngrasakna rawuhe
Gusti ing awakmu. Yen wis bisa ngrasakna
rawuhe Gusti ing awakmu, banjur kowe bisa
ngrasakna rawuhe Gusti ing wong tuwamu, sedulurmu,
kancamu, ing sapadha-padhaning manungsa.
Banjur kowe bisa ngrasakna rawuhe Gusti ing
sawernaning tetuwuhan lan kembang kembang.
Banjur kowe bisa ngrasakna rawuhe Gusti ing
sakabehing sato kewan. Banjur kowe bisa ngrasakna
rawuhe Gusti ing banyu, ing langit biru,
banjur ing ngendi bae ……………………
Yen wis mangkono banjur kowe bisa bebarengan
karo Gusti Kang Maha Asih rina klawan wengi
lan kowe bakal bisa nresnani Gusti kapan
bae. Sabanjure Gusti bakal balik nresnani
kowe, liwat awakmu dhewe, liwat ibu bapakmu,
sedulurmu, kancamu, liwat wong ika. Yen kowe
wis gelem nandur wiji rasa tresna asihmu,
kowe dhewe sing bakal genti ngundhuh uwohing
rasa tresna asih mau. Ananging supaya wijine
bisa tumuwuh banjur ngrembaka subur, nandure
kudu ing lemah sing bener, kudu diresiki
dhisik saka sesuketan sing bakal ngalang
alangi thukule wiji mau lan dijaga sabisa-bisane
aja nganti kena rereged polusi lan polisi.
6.
Nanging geneya kok banjur isih
ana sing rumangsa
alergi nyebut asmane Gusti? Miturut
panemuku,
sebabe ora liya salah sijine
ya merga tumindake
sawetara wong sing wis ngrusak,
molak malik,
ngregedi, lan ngorupsi ajaran
agama kang
satemene luhur mau. Dadi yen
ana wong sing
banjur milih ngedohi agama, malah
mungsuhi
agama, banjur nganut paham atheis,
paham
sing aneh-aneh, satemene wong-wong
mau ora
kena disalahna banjur genti dimungsuhi,
because
that's how the religion has been
presented
for ages! Nyatane ya isih akeh
sing ngganggo
topeng agama kanggo nutupi tumindake
kang
ala lan keji. Sejarahe golekana
dhewe, nyatane
durung rampung-rampung nganti
tumekaning
saiki, bisa tinemu ing agama
apa bae lan
bisa kedadeyan ing ngendi bae.
Sepurane aku
ora wani menehi conto dhewe,
kuwatir mundhak
kliru ndadekna seling serep ing
panampa terus
bengkerengan.
Mulane ing kene aku ora nyebut jenenge agama.
Endi sing bener lan perlu dilakoni lan endi
sing ora bener lan kudu didohi, kudu diweruhi
dhewe, ayo padha digoleki dhewe-dhewe. Nanging
endi sing bener lan endi sing ora bener sipate
kudu universal, dudu mung hukum weton Gedhung
Putih utawa Istana Negara contone. Kudu digoleki
dalan tengahe. Antarane njaba lan njerone
kudu bisa imbang. Sing sipate ekstrim kudu
ditolak. Kudu sing resik, apik, lan bening,
tegese ora gawe sengsarane liyan.
Kena-kena bae peraturan utawa
hukum mau disusun
beda-beda kanggo nglindhungi
bangsane dhewe,
nanging aja banjur kanggo nyerang
manungsa
liyane, aja kanggo alesan pek
pinek barange
pinek nganggo topeng investasi,
bantuan luar
negeri, 'dana untuk pembangunan',
'dana untuk
membantu korban bencana alam',
lsp. Bab iki
aja dipadhakna karo nalika aku
ngrembug bab
kahanan wujud badhan wadhag lan
alam pikirane
manungsa sing beda-beda mau.
Alam pikirane
manungsa kena bae kanggo mikir
sak bebas-bebase,
malah kudu diregani sakabehing
pamikiran
mau, nanging yen wis gepok senggol
karo nasibe
manungsa liyane, yen wis arepe
diwujudna
arupa peraturan utawa hukum,
ya tetep kudu
ana watese, lha yen ora, isine
ndonya iki
rak wis ludhes wiwit jaman baheula.
Lha wong
sing tumuju awake dhewe bae ya
kudu weruh
watese, yen ora ya stress dhewe.
Kuwi kabeh perlu supaya umat manungsa bisa
bungah atine uripe ayem tentrem, merga yen
tumindak kita ora nyimpang mleset saka pusering
bebener, jagad iki bakal katon yen urip.
Aja pisan-pisan ngira yen jagad iki mati,
kaya nalika para ilmuwan Barat nggoleki jawabane
pitakone dhewe: Apa manungsa kuwi uripe ijen
plek ing jagad iki? Aliens digoleki nganti
elek ora ketemu-ketemu. Picek matane ora
peduli tanggane kiwa tengen ngisor isih akeh
sing mati kaliren, wis mati kaliren isih
tega mentala idek-idek bathange maneh. Manungsa
sing katon wela-wela wujude ana ing cedhake
padha disingkur nasibe, malah ditinggal nggoleki
wujud sing durung karuwan wujude.
Yes, we are the only life, the whole universe
is there for nothing, just us, SIR.
Lha yen kowe percaya pancen bener ngono,
tamtu aku diparengke ngedol Empire State
Building menyang Nihonjin, supaya wong-wong
ing dhusunku pawone bisa kemebul metu keluke
maneh, ora gegeran terus rebutan panganan
sing mung kari sak emplokan, sisa panganan
sing meh ludhes entek resik mok gasak ijen,
ya apa iya?
Yes, we are the only people in the universe,
SIR, and nothing, nobody, there is no more
life anywhere else.
Excuse me, SIR, the whole universe is alive!
And everything you do, and everything you
say can be used in the court of law against
you, in the universal court. And you are
already, everything is related to each other.
So whatever you're doing, you're affecting
the universe, SIR.
Krungu ora kupingmu, SIR? Genah ora, wong
pancen budheg dienggo ngrungokna walkman
karo njoged-njoged dhewe ing ndalan kaya
wong edan, ngempe mencari perhatian merga
rumangsa kesepian ning ora gelem ngakoni
yen kesepian, wong nyatane isih ana walkman,
isih ana tv, isih ana video, isih ana mobil,
isih ana internet, isih ana sundel, isih
ana gigolo. Delengen dhewe kono, rungokna
dhewe kono, aku ora sudi ngancani kowe, amerga
kowe dhewe pancen alergi dikancani manungsa.
Delengen kae lho wong-wong padha mlaku semliwer
ing Lexington Avenue akehe kaya gabah diinteri,
nanging racake luwih seneng cecaturan karo
hp, wegah ngomong karo padha jalma manungsane
kang ana ing cedhake. Lho apa ora kulawik,
dulur?
Mesin dadi manungsa, kaya tuladha ing dhuwur
mau. Ing negara mau, manungsane ethese kaya
Mustakaweni yen lagi ngomong karo mesin,
nanging rumangsa angel banget arep miwiti
njeplakna lambe ngobrol karo padha manungsane
sing katon ngadeg njegegreg ing ngarepe kanthi
alesan kuwatir nganggu privasine wong mau,
kuwatir bisa nuwuhna panganggep sing ora-ora
banjur dadi masalah, lsp. Yen lanang arepe
miwiti nyapa karo padha lanange kuwatir mengko
malah dikira homoseks, arepe nyapa wong wadon
kuwatir dilabrak ditudhuh sexual harassment,
nyedhake bocah sing durung cukup umur kuwatir
dikira pedophile, ndhempet wong tuwa dikira
arepe ngutil dompete.
Suwalike, manungsane malah dadi mesin, nyambut
gawene kaya mesin direwangi ngrangkep pirang-pirang
saperlu kanggo ngingoni mesin, mbayar rekeninge
sing saya dina saya tambah akeh maceme, semono
uga tagihane itungen dhewe aku buka tangan
ngenteni cipratane susuke bae. Sibuk terus
nganti ora ana wektu kanggo tilik sambang
keluargane dhewe, kancane, pacare, tanggane.
Saben arep ketemu kudu janjian dhisik liwat
tilpun SLJJ, surat pos, faks, email, lsp.
ngenteni ana lodhange wektu bisa nganti minggon
wulanan. Apa ya bangsane dhewe iki arah lakune
ya menyang Lexington Avenue?
Ing Indonesia saiki ing ngendi-ngendi padha
kebanjiran hp, warnet, wartel, warparpostel,
warkop, ..... 'war-war' an pokoke, perang
perangan gengsi pokoke, embuh kadhesek saka
kebutuhan apa mung kanggo gaya-gayaan supaya
munggah drajate ing bebrayan agung aku ora
ngerti. Aku mung bisa gedheg-gedheg pacak
gulu semu ora percaya, wong nduwe akses mrono
kuwi ragade ya ora sethithik, senadyan nganggo
itungan Amerika. Awake dijarne kuru kaya
pitik gering no problem, sing penting rokoke
Marlboro, bisa hrang hreng numpak sepedha
motor mengkilap, ngesak hape, dolanane menyang
warnet, ceting karo pacare ing kutha liya
nganggo basa lu lu gue gue-an, status pengangguran
ora dadi ngapa, wong senengane mung grombol-grombol
sajake kaya ora nawaitul tenan duwe krenteg
golek penggaweyan.
Pasif, senengane mung gumantung marang welas
asih ngenteni pitulungane liyan, persis kaya
bapak-bapak pejabat teras sing gedhi banget
rasa tanggung jawabe ngabekti marang rakyate.
Saking gedhene rasa dharma baktine marang
rakyate nganti ora produktif babar blas,
bisane mung prigel golek utangan ngalor ngidul
yen wis oleh banjur slametan dipurak bebarengan
ngalor ngidul, embuh rakyate keduman apa
ora aku ora ngerti. Wong pesta kok nganggo
dhuwit utangan, apa iya bisa hepi tenanan.
Wong oleh utangan kok bangga jarene, "Iki
lho bukti yen awake dhewe isih dipercaya
karo ndoro tuwan kolonial."
Senadyan ora dipercaya ya tetep
bakal ditawani
dhuwit anakan, anak beranak,
anaknya beranak
lagi, yen dhuwite ora diputer
kanthi cara
mangkono ekonomine ndoro tuwan
kolonial ya
bakal macet dhewe. Yen kurang
jelas takona
aku, mengko genti aku dak takon
menyang sing
luwih ngerti. Sing jelas utang
kudu nyaur,
nyaure piye embuh! Aja kuwatir
isih ana lenga
gas arepe dienggo kramas ya mangga,
alas
Kalimantan tanpa dicacap ya isih
ketel, arepe
nguntal tembaga ya mangga ing
Irian isih
akeh.
"Nganggur Mas, mbok aku sampeyan jak
menyang Bali, sampeyan golekna penggaweyan
ing kono dak melu sampeyan bae ana lowongan
ora ing kantor sampeyan?"
"Aku jaken menyang Madrid ya, aku cangkingen
menyang New York ya, aku gawanen " …
lho kok kaya wong nakal njaluk digawa! Dak
cengkiwing terus dak uncalne ing Hudson River
modar kowe, kaya aku sing nduwe negara bae.
Melu menyang Madrid, apa ora wedi kesruduk
bantheng ketaton? Yen kowe Jaka Tingkir ora
apa-apa, mangga tindhak sesarengan kula.
"Gampang Mas untuk ongkos pesawatnya
sementara potong gaji dulu saja." Edan
ta? Lha wong oleh penggaweyan bae durung
wis njaluk potong gaji, gajine sapa sing
dipotong.
"Tidur di mana saja nggak apa-apa Mas."
Yen musim dingin bakal modar tenan kowe yen
turune sak enggon-enggon.
"Makannya seadanya saja nggak apa-apa
Mas." Kono ana sandhal jepit nganggur
panganen, wong anane mung kuwi.
Ah, atiku dadi melu bungah ndeleng
mentale
sawetara generasi nom-noman bangsaku
saiki.
Indonesiaku memang hebat. Mung
bae aja nganti
majeki wong sing katon mlaku
ijen, wong sing
dianggep pendatang, apa maneh
nganti ngobong
toko yen lagi kepepet. Yen ekonomi
macet,
sambate ora perlu ngaru ara wong
dijarak
jarak dhewe.
7.
Well, … wel ewel ewel, pranyata
sing klelegen
tewel gowel iki ya manungsane
dhewe ta. Saiki
kono sing okeh dhuwite, terusna
anggonmu
cas ces cas ces nyemprot aerosol,
minangka
tuladha liyane, aerosol disemprotna
sak enggon-enggon,
ing ngendi bae, sell more, and
more, and
more nganti tekan negara sing
dienggo mangan
bae utang dhisik totalan mburi
anak putune
sing kepothokan, no problem sing
penting
melu-melu gayane ndoro tuwan
kolonial anyaran
ben gengsine munggah dhuwur langit
kapitu
kaya ndoro tuwan kolonial. Munggaha
dhewe
kono, aku ben ing kene bae wedi
kepleset.
"Then how can this little can, hey man,
don't do this, emangya ngapain?" Merga
pengaruhe ora becik kanggo atmosper ndhuk,
bisa ngrusak atmosper kangmas.
"Ah, elo yang bener aje kalo ngomong,
masak sih botol sekecil ini bisa bikin lobang
segede itu di atmosfer? Elo ini ngomong apaan
sih?" Nah, saiki delengen dhewe, kuwi
lho ana bolongan sing giedhi banget.
"Lho kok bisa kayak gitu ya?" Merga
manungsane dhewe sing tansah cuek, merga
manungsane dhewe sing serakah. Lha saiki
kepriye manungsa bisa nutup bolongan sing
giedhi bianget mau? Yen wis ngene manungsa
biasane mung ganti eker-ekeran nyalahna siji
lan sijine. Eyel-eyelan saling nudhuh sabanjure
sing mlaku ya hukum rimba, endi sing kuwat-dhasen
menang. Mula kaya ngapa bae tumindakmu, ora
peduli cilik apa gedhe, apik apa elek, akibate
bakal mbalik menyang awakmu dhewe. Manungsa
ora bisa uwal saka purbawasesaning Gusti.
Saiki ayo padha nggawe plastik kanggo wadhah
iki kanggo wadhah iku. Tape diwadhahi plastik,
emoh nganggo godhong plasa. Lonthong kupat
ayo dibungkus plastik bae luwih praktis tinimbang
godhong gedhang. Cibuk kamar padusan wis
gengsi nganggo bathok klapa, yen bisa kabeh
nganggo plastik bae, wong jamane jaman plastik.
Plastik terus, ganti anyar terus, buangen
sing lawas. Pungkasane piye?
Disposable, saiki nggawe barang-barang sekali
pakai buang kareben luwih praktis, kabeh
serba disposable, barang iki disposable,
barang iku disposable, popok bayi disposable,
klambi disposable, sikat untu disposable,
kabeh yen bisa digawe disposable, banjur
ana tumpukan plastik dhuwure kaya gunung
sing pranyata tetep numpuk ing kono ora kena
dimusnahna. Godhong gedhang numpuk suwe-suwe
dadi lemah, plastik tetep dadi plastik. No
problem sing penting ora ketinggalan jaman,
apa aja yang dari Barat so pasti lebih OK
daripada kita punya. Nah sabanjure Cak Bejo
wis ora bisa maneh mancing ing Kali Brantas,
Bang Samiun ora wani mangan iwak Kali Ciliwung.
Saiki iwake embuh padha mlayu menyang ngendi,
saben ndina ana ewonan spesies kewan lan
taneman sing padha mati, lha yen wis ngono
apa kowe isih percaya yen Barat mesti luwih
pinter? Apa kowe isih nganggep yen bangsamu
dhewe luwih bodho?
Bangsa Indian dipateni dhor dhor dhor matek
sek ora nganggo klepek-klepek, tapi sing
diarani barbarik wong Indian. Bangsa Indonesia
sumber dhaya alam lan manungsane dikuras
nganti ludhes, dingengehi mung sak crit dienggo
rebutan wong saknegara nganti paten-pinaten,
nanging sing diarani barbarik wong Indonesia,
sing ditudhuh ora becus njaga paru-parune
ndonya kok ya banjur wong wong sing ora ngerti
bursa efek iku efeke kepriye. Negara kita
sing sugih SDA lan SDM iki dak ibaratna pitik
babon sing lagi ngenggremi endhoge sing akeh
mau, saben dina ana ula weling sing mampir
ngutil endhog-endhog mau. Babone bisane mung
keok-keok, ya mung ngono kuwi, that's it.
8.
Dak terusne bae ngobrole sampek elek. Dak
sawang-sawang Cacakku Chodjim iki suwe-suwe
kok persis kaya bakul Viagra lho, hayo kudu
gelem ngaku! Bakal dak ruda pari peksa yen
sliramu nora kersa hangakoni tumindakmu kakang.
Wong buktine nafsumu tambah gedhe, bubar
ngrembug Nafs al-Amarah, Nafs al-Lauwwamah,
lan Nafs al-Mulhammah, isih arepe diterusna
maneh nganti tekan Nafs al-Muth-mainnah.
Mangga-mangga Cak diterusna olehe andum piwulange
ing milis Jawa kene, tenan aku matur nuwun
banget Cak.
Kakang, saiki ingsun wis ora mbutuhna maneh
jamu kuat cap Kuku Bima, wedi beset kecakar
kukune, wong jamu kok nyakar. Ora perlu maneh
ndadak dicampur dhisik nganggo beras kencur,
madu, jeruk nipis lan kuninge endhog, wong
endhoge calon maratuwaku ya wis melu ucul
katut jaran liya, dhasar apes nasib awak
rasane kaya diuntal anake luwak. Dak terusne
bae anggonku maca tulisan-tulisanmu Cak Chodjim,
supaya atiku bisa krasa ayem, bisa tentrem
anggonku angon hawa nepsuku. Aku saiki malih
kepingin melu-melu njeplakna lambeku sing
ndower kewer-kewer iki saperlu melu urun
rembug bab kuwi
Lho ndiko niku yok nopo se dulur, lene nek
isok mbok yo ojok mandheg jalur Gresik-Jombang.
Mangga sami nitih ingkang jalure antar propinsi
kemawon, mangga dipun lajengaken ngantos
Yogya, mangga Mbah Dul kersoa andum kaweruhe
wong penumpange sing antri nggih teksih kathah
ngaten lho. Matur nuwun kintunan Mazmur-ipun.
Prayogane sadaya mangga sami rame-rame ndherek
Tour de Java.
Mancal piyambak-piyambak lho nggih, sampun
ngantos pancal pancalan, mangke saged kejiret
sarunge dhewe terus bedhah kabyeh. Ayo padha
sing ngati-ati aja nganti sarunge bedhah,
lagi krismon, rega sarung ya melu mundhak.
Aja dhuwur-dhuwur lho olehe ngundhakna sarunge,
girap-girap dhewe aku mengko! He he heeeei
….. Mringis! Cengengesan karo wong gerang
marakake segere tambah arang-arang.
Ngomong-ngomong soal nafsu, aku banjur kelingan
nalikane aku pertama kali jatuh cintrong.
(Ehm…dhehem dhisik ah, sadurunge diterusna
olehe crita, sak crit tapi nyata. Ehm Ehm!
Mastoni lagi jatuh cintrong, nich ye?)
Nalikane aku nandhang asmara kang sepisanan
(sing aku dhewe satemene wis lali karo sapa),
rumangsaku donya iki kabeh katon padhang
jingglang, mak byar padhang trawangan! Yen
lagi bebarengan karo si jantung hati, babar
pisan ora krasa luwe, urip iki krasa kepenaaaak
banget. Ayem. Senadyan akeh wong kang kandha
yen rupane wedhus prucul aran Mastoni iki
ora beda karo wujude bathok dikerok, but
all I would do is smile, nanging dudu mesem
kecut lho. Senyumku sudah dari sononya memang
menawan, ora percaya dak tantang ayo ngopi
dharat bebarengan mumpung aku isih ngurek
ing Solo. Aku janji kowe bakal dak esemi
kabeh
Saat aku pertama kali jatuh cinta (duile
kaya telenovela), aku merasa tak perlu lagi
menekan atau menjinakkan nafsu binatangku.
Iki ora ateges aku impoten lho yen bisa meper
hawa nepsuku nalika aku nandhang asmara kang
sepisanan kuwi. Ora kepikiran babarpisan
karo sing jenenge Gaman Sarutama, tegese
saru ning utama, gaman kang ampuh banget,
tedhas mati, ora tedhas ya mati. Sawise ibu
bapak Da Ta Sa Wa La-an, ing wusana sarehne
padha hornine, padha gak betahe, padha gatele,
padha digdayane, Pa Dha Ja Ya Nya, banjur
karo-karone sampyuh, padha matine, Ma Ga
Ba Tha Nga, . .. nek haluk telus lak ya pegel
Rek! Boyok kumat. Embuh se, wong aku dhewe
ya ora sepiroa paham, durung akil baligh
J Kuwi mau rak jarene jare.
Satemene sing dak maksud sampyuh kuwi tegese
ya mati bareng, kanyataane bubar sawala (perang)
banjur padha sare. Lha wong sare iku ya padha
karo wong mati tur sejatine ya ora krungu
apa-apa mangkane banjur diarani Mati Sajroning
Urip, tegese ragane wis katon kaya wong mati
nanging sejatine isih kadunungan Urip. Buktine
senadyan lambene wong sing lagi ngorok ngok-ngok
mau diuyahi, kadhang-kadhang ya tetep ora
bisa tangi. Dompet ing sakune diseser sok-sok
ya ora krasa. Tuladha iki minangka gegambaran
yen Urip kuwi pancen ora mbutuhna donya brana,
sing dibutuhna mung ngemong raga. Sing mbutuhna
bandha rak manungsane sing isih kanggonan
Urip.
Bali ngrembug ngenani Gaman Sarutama tinggalan
wasiat Aji Saka sing tegese saru ning utama.
Mungguh sarune tegese yen mlayu karo wuda
tuku pizza kaya Madonna kae rak bakal diarani
wong edan. Duwe barang kudu bisa ngrumat
sing apik, aja diumbar. Dicucuk pitik kapok
koen! Mungguh utamane, kajaba wis umum kanggone
wong bebojoan, yen duwe turun sawise ana
perang Da Ta Sa Wa La, perange ibu vs bapak
wayah tengah wengi kae, saka kanugrahane
Gusti banjur bisa lair si jabang bayi, ya
anane Ha Na Ca Ra Ka kuwi, ana utusane Gusti.
Sangang aksara ing Carakan (Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa ) iki bageyane wong lanang, amerga
wong lanang kuwi mung nduweni bolongan sanga,
mulane diarani Babahan Hawa Sanga, ana sing
ngarani Babahan Nawa Sanga, endi sing bener
embuh. Dak aturi nggremeti dhewe bolongan
sing cacahe sanga mau, aku ora sudi. Nanging
wong wadon genah nduweni bolongan sewelas,
ing sekolahan sing loro melu aktif dadi anggota
OSIS (Ojo Senggol Iki Susu). Dadi aksara
Jawa sing sewelas mau (La Pa Dha Ja Ya Nya
Ma Ga Ba Tha Nga) kuwi bageyane wong wadon.
Dentawyanjana dhewe satemene cacahe ora mung
20, nanging sejatine ana 21, sing siji ora
klebu ing itungan lair. Aksara sing siji
iki aksara sing ora bisa mati yakuwi Urip,
kang nguripi sakabehing dumadi. Klebu manungsa
sing kedadeyane saka patang prakara yakuwi
banyu (mutmainah), getih (amarah), angin
(supiyah), lan bumi (aluamah). Mulane banjur
diarani Kiblat Papat Kalima Pancer, tembung
iki bisa nduweni pangerten sing jembar banget
lho, salah sijine ya kaya ing ngisor iki.
Kiblat Papat (banyu, getih, angin, bumi)
Kalima Pancer (kang pancer urip, Gusti) mratandhani
paring sasmita marang kita kabeh yen raga
iku bisane obah mosik amarga kanggonan Urip,
mulane banjur ana pralambang angka 10. Nul
tegese kosong, awang-uwung, bisane dadi angka
10 yen wis ditambahi angka siji ing ngarepe
yakuwi Urip. Manungsa yen ora kanggonan Siji,
ora bakal bisa mobah mosik, wong Uripe wis
bali menyang awang-uwung. Yen raga wis dioncati
dening Urip bakal dadi bathang ora ana ajine.
Semono uga Urip yen ora nganggo nyilih raga
senadyan bisa mobah mosik, kasampar kesandhung
prasasat tanpa aji. Kumpuling kawula Gusti
iki kang diarani Silih Sinilihan, Samat Sinamatan.
Mula manungsa minangka wadhahing Urip Kang
Suci bisoa wengku winengku, mong kinemong,
kudu bisa nindhakna tingkah laku kang Suci,
aja kok banjur awake dhewe iki diombang-ambingna
dadi wadhah kang ala. Bebasan ayam goreng
senadyan gurih lan enak banget rasane olahane
koki nomer siji sajagad, nanging yen wadhahe
kebak rereged dirubung laler, ayam goreng
mau ya ilang regane ora ana ajine. Isine
katut karo wadhahe. Awake dhewe kudu bisa
dadi wadhah sing apik lan resik, ngedohi
sakabehing kanepson kang ala. Manungsa urip
ing donya iki kudu bisa niru tumindake para
Wali, tegese tingkah laku kang apik aja nganti
diuwali, aja nganti uwal saka rasa kang Suci
mau.
Aku mung saderma caos wawasan lho, blaka
suta bae aku dhewe ya isih rumangsa durung
cukup, isih gampang kagodha dening lair nanging
ya ora pisah saka ikhtiyar kang becik-becik.
Aku dhewe isih sinau, mula dak jaluk aja
salah ing panampa. Ayo padha dipenggalih,
bab iki ayo padha dirasakna dhewe-dhewe,
milih seneng rasa sing enak apa rasa sing
ora enak. Manungsa sing dipilih biasane sing
enak-enak, nanging geneya isih akeh sing
durung ngerti Rasa Kang Sejati, kang maringi
sakabehing rasa? Mangka sejatine ya padha
padha kena dirasakake.
Nalikane aku lagi nandhang asmara kang sepisanan,
sing ana mung rasa tresna asih marang kekasih.
Tansah kelingan pujaan hati rina klawan wengi,
hatiku berbunga-bunga kebak kisen kembang
setaman. Senadyan kadhangkala kapeksa ora
bisa ketemu, nanging maca surate bae ati
wis krasa bungah banget. Bungaaahhh banget,
wis suweneng neng pokoke, lali totalan tagihan
macem-macem, ngerti-ngerti rekeningku wis
dicabut ora bisa online maneh. Nanging atiku
tetep bungah lho! Iki anehe.
Lha ya kaya kuwi lho dulur sing arepe melu
dak rembug ing kalodhangan iki. Yen kowe
wis bisa ngalami dhewe kepriye rasane yen
lagi nandhang asmara karo Gusti Kang Maha
Asih, bungahing ati kaya tuladha ing ndhuwur
mau tamtu uga bisa dirasake awakmu dhewe.
Yen ati wis sumeleh pasrah kabeh tumindak
lakumu sarwa lelandhesan rasa tresna asih,
nafsu sing isih dumunung ana ing ragamu wis
ora dadi masalah maneh. Rina klawan wengi
kowe bakal tansah kelingan marang Gusti.
Senadyan ora bisa ketemu, nanging maca Kitab
Sucine bae wis bisa marake ati bungah banget.
Al Qur'an, Prajanjian Anyar lan Lawas, Kitab
Torah, lsp., yen diwaca kabeh bakal katon
lan krungu endah, kita bakal bisa nampani
sakabehing piwulang luhur dhawuhing Gusti
kang tinulis ing sajroning kitab-kitab mau.
Yen wis mangkono, bisa ilang krenteg eyel-eyelan
rebut endi sing paling bener.
Sing paling angel iki kepriye
supaya sakabehing
tumindak kita kang sarwa lelandhesan
rasa
tresna asih mau bisa dijaga amrih
bisa langgeng
ing sajroning urip ing bebrayan
agung ing
ngalam donya kene iki. Insya'allah
sa'ate
bakal teka, Gusti bakal mbukak
wiwaraning
pramana kita ya lawanging ati
kita, ndhodog
keteging jejantung kita supaya
kita bisa
weruh rasane wong yen lagi nandhang
asmara
karo Panjenengane kuwi kepriye.
Yen awake
dhewe iki bisa ngalami dhewe
rasane nandhang
asmara, yen kabeh wis bisa kasawang
nganggo
mripat tresna, tangeh lamun kita
bisa sirik
marang liyan, gawe gelane atine
liyan, gawe
tatune liyan, apamaneh nganti
paten pinaten.
Kita banjur bisa ngedohi sifat
tamak serakah
golek menange dhewe tansah kepingin
lungguh
sing paling dhuwur. Ora ana maneh
rasa wedi
kajaba marang Gusti. Wong jarene
jatuh cintrong
kok wedi methuki pacare, kuwi
padha karo
ngapusi.
9.
Tresna kuwi solusi masalah apa
bae. Nyatane
pancen apik banget ta, lagi dirungoke
bae
rasane wis kepenak banget, malah
saumpama
aku iki klebu golonganing wong
atheist bakal
dak pilih langsung sanalika iku
uga aku bakal
percaya anane Gusti Kang Akarya
Jagad, supaya
aku bisa ngalami dhewe apa sejatine
Pusering
Bebener ya Punjering Rasa Tresna
kuwi. Ya
kebebasan diparengke ngalami
dhewe, ngrasakne
dhewe Pusering Bebener iki sing
satemene
kena diarani kebebasan mutlak,
dudu Freedom
impor utawa Freedom kang cumenthel
ana ing
demo-demo. Demokrasi banjur dianggep
bebas
'demo' sakepenake udel, yen wis
ngene dudu
demokrasi maneh ning "demon-crazy,
crazy
demon" Setan alasan iblis
bekasakan
edan, mangan lemper kesereten
dhewe rasakno.
Just kidding. Mbokmanawa amrih
bisane kita
nresnani Gusti kuwi ora angel
banget kaya
sing dibayangke. Mula kuwi ayo
padha berjuang
selama Hayat masih di kandung
badan.
Apa? … "selama Hayat masih di kandung
badan?" tegese sasuwene Urip isih dumunung
ana ing badhan wadhag kita? It's over before
you know it. Ora usah ngenteni mene emben,
selak kedhisikan modyar sadurunge kita bisa
meruhi sejatining Urip kang dumunung ana
ing badhan wadhag kita iki, ya Urip Kang
Sejati kuwi. Kahanan iki mbokmanawa pancen
disengaja dening Gusti Allah supaya manungsa
gelem nggoleki Pusering Bebener lan supaya
bisa mangerteni Sangkan Paraning Dumadi ya
sangkan paraning awake dhewe iki.
Supaya Rasa Tresna kuwi dumunung ana ing
ragamu, kudu pinter anggone angon hawa nepsune
dhisik. So let's get back to basics. Kowe
kudu bisa meper hawa nepsumu dhisik, ora
perlu ngumbar tumindak kang ora becik kang
bakal ngedohna awakmu dhewe saka Rasa Tresna.
Iki ora liya ya supaya Gusti Allah tresna
marang kowe, tegese Rasa Tresna bisa dumunung
ana ing ragamu. Luwih cethane maneh, nresnani
sapadha-padhaning manungsa kuwi mung tembung
metafora, sing bener ya nresnani Gusti kang
dumunung ana ing ragane manungsa utawa tumitah
liyane, iki sing diarani Tresna Kang Sejati,
Tresna Kang Agung, ya tresna marang Urip
Kang Sejati, tegese sejatining urip iki kudu
lelandhesan Rasa Tresna. 'Nresnani' wong
mung merga saka ayu ngganthenge dhuwur pangkate
apik nyandhang nganggone, lsp. kuwi satemene
dudu sejatining tresna, anane mung kagawa
saka rasa seneng ing kahanan laire. Mung
Gusti kang paring Rasa Tresna, amerga Gusti
ya Rasa Tresna kuwi. Tresna asale saka Gusti
bakal bali menyang Gusti.
Aja nganti bingung antarane tembung tresna,
seneng, lan welas. Tembung-tembung kuwi tegese
beda-beda. Bab liyane sing kadhang rada mbingungna
yakuwi bedane antarane ati lan nafsu. Ati
kuwi ya lenggahane Gusti ing manungsa. Dadi
yen ana sing kandha "Saya sedang patah
hati", tembung 'patah hati' iki salah
kaprah, amerga satemene sing patah dudu atine,
nanging nafsune. Sepisan maneh supaya kita
bisa ngrasakna rawuhe Gusti ing sajroning
ati kita, you have to get that "I"
out, kita kudu bisa mbuwang adoh-adoh KTPne
dhewe-dhewe sapa sira sapa ingsun. Yen KTPmu
kuwi isih cumenthel wujud nafsu, aja banjur
diarani nafsumu kuwi kowe, supaya ora bakal
kedadean patah nafsu dadi patah hati tenanan.
Bingung sawise diiputus pacare terus bunuh
diri tenanan. The confusion between your
nafs and your heart is the main problem.
Mulane aja benceng ceweng sing pinter anggone
angon hawa nepsune dhewe-dhewe.
The heart is broken when you
don't see Gusti
Allah in your heart.
10.
Bubar ana sweeping ing Solo,
aku wingi krungu
ana gerombolan ala Ninja ing
Kaliurang padha
nggawa pedhang landhep cemengkling
swarane
gumebyar nggegirisi cahyane,
arepe kanggo
apa maneh yen ora kanggo mateni
wong liya,
korbane padha mlayu kocar-kacir
adus getih.
Emprit abuntut bedhug, perkara
sing satemene
sepele banjur dadi gedhe. Esuke
jarene ana
57 Ninja sing kecekel, matur
nuwun marang
bapak polisi, kabeh embuh kok
banjur diculna
mak cul, kaya ngeculna manuk
saka kurungan.
Ing panggonan liyane maneh ana
wisatawan
saka Perancis sing dadi korban
wong-wong
sing ngaku beradab nanging satemene
biadab.
Geneya manungsa kok isih akeh sing padha
seneng paten-pinaten? Amerga manungsane dhewe
sing durung mangerteni lan ora gelem meruhi
sapa ta sejatine manungsa kuwi. Amerga kesadharane
awake dhewe iki durung ngancik pucuking undhak-undhakane
rasa kamanungsan, durung dadi manungsa kang
sejati, yakuwi sebabe. Sejatining manungsa
kuwi kepriye, liya dina bakal dak coba melu
urun rembug ing kene. Sawetara iki ayo padha
disemak critane Cak Chodjim, ana gandheng
cenenge karo bab kuwi.
Kita kudu bisa padha nyadhari yen manungsa
tumitah ing ngalam ndonya iki minangka utusane
Gusti, Ha Na Ca Ra Ka. We are His representatives
on Earth, you know, yakuwi yen kita wis bisa
nyawang manungsa liyane minangka manungsa.
Dudu ah, untunge apa ya nyedhaki wong kuwi?
Arepe dak kon nuku mobilku ben aku bisa ganti
model sing luwih anyar, dhuwit saka ngendi
maneh sing arepe nggo nuku mobilku. Arepe
disambati dhuwit kanggo keperluan iki iku
genah dheweke ora gableg. Kira-kira kena
dipek apane ya manjing paseduluran karo wong
kuwi? Relasi karo bapak-bapak pejabat ora
nduwe, kenalan pengusaha ya ora ana, banjur
untunge apa? Arepe dijaluki sumbangan dadi
sponsor yayasanku, el es em ku, padepokanku,
paguyubanku, ndeleng wonge kayake ora bonafit
tenan.
Ana maneh sing kandha, kowe karo aku iki
mung wong cilik, kawula alit, ana turis mrene
ora ana turis mrene sing untung ya dudu awake
dhewe, dhuwite mlayune paling-paling ya menyang
sing duwe hotel karo sing duwe restoran gedhe
kae lho, menyang bapak-bapak pariwisata.
Awake dhewe iki entuk apa? Tambah akeh turis
mrene paling-paling ya awake dhewe sing dadi
korban, warunge awake dhewe sing kena gusur
nganggo alesan demi pariwisata, kabeh supaya
katon endah, katon resik, asri, ning ora
perduli yen awake dhewe iki ora mangan, bingung
golek panggonan dodolan ora ana. Sapa sing
perduli karo nasibe awake dhewe? Kabeh kuwi
rak mung kanggo nyenengna landa-landa karo
nggedhekna wetenge pemilik hotel lan bapak-bapak
pejabat pariwisata. Yen ana turis diswipeng,
dibacoki ya ben, mbelani ora mbelani awake
dhewe iki entuk apa?
Ora peduli wong kuwi atine resik, jujur,
uripe prasaja ora kakehan polah, nanging
yen pancene ora ana sing kena diarep-arep
saka wong kuwi, nyatane akeh sing nduweni
panemu kanggo apa kekancan karo dheweke,
kanggo apa mbelani dheweke, kanggo apa nyedhaki
wong kuwi, mbuwang-mbuwang wektu bae, aja-aja
malah aku dhewe mengko sing genti kepothokan
disambati dijaluki tulung. What can I sell
you? What do you have that I can take advantage
of you? What can I get from you? Kaya gajah
alingan suket teki, yen lair karo batine
beda banget mesti bakal ketara, ya apa iya?
Yen kita wis bisa ngedohi ndeleng manungsa
liya kaya tuladha ing ndhuwur mau, ya iki
sing dadi sebabe geneya wong Jawa sing putri
padha ngagem busana jarik lan kebaya, supaya
barange ora dicucuk pitik, supaya sing dideleng
mung rupane ora keganggu nyawang sing saru-saru,
golek kesempatan dalam kesempitan. Iki mung
minangka tuladha, yen pamrihe paseduluran
fokuse ya paseduluran tenanan lair batin
tanpa nganggo embel-embel sing ora-ora, apamaneh
yen nganti kanggo ngrancang UUD (ujung-ujunge
dhuwit), aja kanggo golek kesempatan dalam
kesempitan. Aja mbidhung apirowang, ethok-ethok
mitulungi nanging sejatine malah gawe susahe
liyan. Nanging uga aja nganti blaba wuda,
amerga saking lumane nganti uripe dhewe kecingkrangan.
Kanggo sing milih luwih seneng nyandhang
nganggo batik ora perlu dipaido ketinggalan
jaman, nuweki, feodal, nostalgia, lsp., amerga
kanggone wong mau, batik pancen penting minangka
kepribadiane awake. Kepribadian kuwi penting.
Semono uga kanggo sing seneng mamerna udele
sing tindhikan tatoan kae, ya ben, yen gatel
klebonan tengu mengko rak krasa dhewe. I
wear this blangkon, you know. I am cicak
bin kadal wearing blangkon, you know (nyilih
tembunge kancaku). Emban cindhe emban ciladan,
siji lan sijine ora padha pangrengkuhe.
Nduweni kepribadian sing jelas kuwi penting
banget. Aja esuk dhele sore tempe, aja molah-malih
atine, sing teteg. Arepe milih dadi wong
Jawa sing kebarat-baratan, apa Barat sing
njawani, apa dijupuk sing apik-apik saka
karo-karone, dak pasrahna para maos mangsa
bodhoa. Sepisan maneh sing penting kita bisa
nduweni kepribadian sing jelas, yen lagi
bingung ing tengah ndalan supaya tetep ana
sing sing dienggo gocekan ora rubuh sempoyongan.
Yen luwih cocog kebarat-baratan, ya mangga,
kono dijupuk sing apik-apik bae, teknologine
disinaoni kanthi taberi, banjur dikuwasani,
banjur bisa nyiptakna teknologi anyar ora
mung fotokopiane. Kuliah ing mancanegara
aja kok mung kanggo golek ijasah, aja kok
mung kanggo pameran, bali ngandhang ora bisa
apa-apa, gayane thok sundhul langit.
Krenteg angsa-angsa kepingin diarani maju
mlebu golongane ndoro tuwan kolonial, ndeleng
mangarep 'masa depan bangsa' nanging sing
dideleng wong liya tanpa diukur saka awake
dhewe, arepe noleh menyang mburi wedi diarani
feodal, ketinggalan jaman, lsp. Kepingin
persis kaya Amerika nyatane tetep wong Jawa,
ora cocog banjur bengkerengan terus, bingung
karepe dhewe. Ketepang ngrangsang gunung,
njangka prakara sing mokal bakal kelakon,
wong kepribadiane pancen beda banget, dadine
ya ketula-tula ketali, kethek saranggon padha
penthalitan ing ngendi endi.
Wiwitane kabeh kuwi manungsa, banjur ana
wong Jawa sing blangkonan kaya kura kembet,
ana Bule sing katon pucet, ana Cina sing
rambute dikuncrit njlanthir, ana Arab sing
jenggote kena nggo susuhe manuk emprit, ana
NU, ana Muhammadiyah, ana Kristen, ana Kejawen,
ana anak turune PKI, ana wong lanang, ana
wong wadon, ana warok ana gemblak ana waria
or whatever. But first, we are all human
beings.
Ing ngarsane Gusti kabeh drajate padha, ora
perlu minder karo bule, ora perlu nggethingi
bule, ora perlu mbakar Cina, ora perlu mateni
bangsane dhewe. Kabeh pinaringane Gusti Kang
Maha Kuwasa iki aja banjur disalah gunakna,
aja dirusak, aja disabeti nganggo pedhang,
aja diobongi, aja dibomi, aja nakal, aja
lali matur nuwun, supaya kanugrahane Gusti
tansaya dina tansaya tambah. Sing luwih wigati
maneh supaya kita bisa ngrasakna kanugrahane
Gusti mau.
Banjur awake dhewe ing kene iki perlune apa?
Ing donya iki awake dhewe sinau dadi manungsa.
Aku lan kowe padha sinau dadi manungsa, ya
ing kene iki, ing donya iki minangka laboratorium
kanggo nyoba malik isining bumi iki supaya
bisa dadi manungsa, banjur dadi emas. Ana
pitakonan? Mangga, takona aku. Takona Gusti
Allah, aku ora ngerti.
Isih ana candhake.
Mastoni
|