"Jangkrik nggapleki temen wong iku,
dupeh awak ndhepo iki wong gak gableg ae
dienyek sak nemen-neme. Mancal becak nganti
sikil meh pedhot, ngongkosi wong sak enake
udele dhewe ae, dijaluki tambahan malah nylathu
entek ngamek kurang nggolek."
Cak Paimin mesuh-mesuh nggremeng karo ambegan
menggeh-menggeh. Kaos lungsuran cap suwan
sing wis kowar-kawir teles bles kenek kringet
gobyos. Balungane awake Cak Paimin sing kurune
koyok pitik gering tambah ketok welo-welo
geringe kepegelen sebabe mari ngonthel sedino
oleh penumpang mek siji, nggapleki pisan.
Koyone nyambut gae sedino ya jik pancet gak
nutup kanggo nyumpeli kendhite makne arek-arek.
Ojo cacak gae nyubal kendhit, wong digae
nempur beras sak kilo barek iwak asin seprapat
on ae gak cukup.
Cak Paijo gak percoyo, "Mocok ce Cak
Min, gak ngandel ah. Peno lak mari nggenjot
wong semok bahenol ayune koyok kencono wungu
tekok ngostrali tah? Pura-pura sambatan tah
peno iku, gak gak nek aku kate utang. Peno
diopahi orip Cak barek kencono wungu? Tak
badhe mesti kandel, ndelok wonge ketoke gak
mentalan."
"Matamu suwek kono a!" Cak Paimin
nyembur, mari ngono lambene sing ndower kewer-kewer
mbalek mbethuthut nyaprut maneh.
"Nek mataku gak suwek gak isok ndelok
Cak. Peno iku onok-onok ae. Barek bolo dhewek
ojok gampang tersinggung tah. Wong ditakoni
diopahi piro ae wis ngamuk-ngamuk koyok buto
ijo." Cak Paijo gak gelem kalah ganti
njenggongi Cak Paimin.
"Sopo sing gak getem-getem Cak, wong
mari ngonthel molai tekok Kauman ngarep pasar
ngantek Karobelah pojokan ngelip diongkosi
mek rong ewu. Padhahal wis acece gelem mbayar
telung ewu limang atus tekan kono. Bareng
wis tekan nggon jarene klarangen wong jarake
gak adoh. Gak adoh bathuke sempal kono a,
wong sikil iki nganti njarem kabeh mancal
pedhale becak nganti meh pedhot jare. Mari
ngono ongkose didhukna dadi rong ewu, iku
ae leren engkel-engkelan dhisik." Lambene
Cak Paimin jek pancet mbethuthut. Mangkel.
"Tapi wonge lak ayu tah. Gak oleh koyo
tapi lak oleh hiburan tah?" Cak Paijo
nyobak ngedhemno atine Cak Paimin.
"Ayu nek atine kadhasen gae opo Cak,
tak percum tak bergun, marakno nular, sak
kampung melok kukur-kukur gatelen sing iyo,"
argued Cak Paimin.
"Lho opo gak wis peno jelasno tah Cak
dhudhuk perkarane. Wonge ketoke sopan ngono
lho, kromo inggile ualus lho, mosok se atine
gudhiken, " Cak Paijo semu gak percoyo.
"Percumah Cak percumah. Eh, wong koyok
ngono iku mbok arani sopan? Sopo-sopo mapan
tah? Pantes nek klakoane koyok ngono. Percumah
Cak percumah ngomong karo wong iku. Ngerti
gak peno, bareng tak jelasno nek jarak tekok
Kauman tekan Karobelah iku gak idhek, dhe'e
ngengkel jarene adoh idhek iku sawang sinawang.
Lha nek wis dijawab ngono terus endi sing
bener, hayo?"
"Ancene repot cak mungsuh wong sing
wis tau mangan sekolahan. Wong goblog koyok
peno karo aku iki terus diakali," Cak
Paijo melok bengung gak isok njawab.
"Aku ya gak tak terusno olehku ngengkel
endi sing bener endi sing salah. Percumah
Cak Paijo, paling-paling engkok ya dikotbahi
maneh jarene endi sing bener endi sing gak
bener iku ya sawang-sinawang. Kandhane kencono
wungu tekok ngustrali, "lho ya nek kowe
percaya nek sing kok percaya kuwi bener...
ya kena wae...ning durung mesthi kanggoku
bener..."
"Hancur minah Cak nek sembarang kaliren
carane ndeloke koyok ngono iku. Lha nek ngono
lak enak aku oleh ngeloni ojobmu Sam sebabe
aku percoyo nek iku bener, peno gak isok
nyalahno aku, wong endi sing bener endi sing
salah jarene sawang sinawang. Masiyo awak
ndhepo iki gak tau mangan sekolahan ndhuwur,
tapi ya gak bento nemen nemen ah. Alasan
koyok ngono iku lak alasane wong sing kentekan
bedhes alasan."
Cak Paimin atine rodok sereh thithik bareng
rumangsa onok sing mbelani. Semangate bangkit
maneh, uneg-unege diterusno olehe numplek
bleg.
"Iya Cak Paijo, kencono wungu ngostrali
malah sempat ngeyel binti ngotot lho jarene
udele, eh pusering bebener, iku sawang sinawang
tegese ana kanggone sing percaya, nanging
ora ana kanggone wong sing ora percaya. Lha
nek koen acece percaya karo panemu ngene
iki, mesti bakal dijunjung sundhul langit
jarene "rahayu wong kang resik atine
lan percaya tanpa kudu nyipati dhewe".
Nek peno gak ngandel isok-isok dipaido jarene
"bundhel atine buntet pikirane".
Malah awak ndhepo iki ya sempat dikongkon
ndelok kamus barang lho supaya luwih gamblang
opo sing dadi omongane maeng. Lha iyo wong
mbecak ae koq katek dikongkon mbukak kamus
opo iku bausastra opo baubadheg, onok maneh
kamuse meneer sopo iku gewer-gewer maskapai,
embuh ah. Ngrasakno gae tuku kamus, wong
gae nguntal saben ndino ae jik theyel-theyel
hare."
"Ya uwis tah Cak, kapan-kapan nek kepethuk
wong sing koyok ngono maeng tetep ditanggepi
dengan kepala dingin dan rendah hati saja.
Sebab dengan cara begitu sebenarnya Cak Paimin
telah menempatkan diri di atas dia meskipun
dia itu kencono wungu. Nah kalo nyek-nyekan
ditanggapi dengan nyek-nyekan lebih mengenyek
lagi, itu justeru akan menunjukkan aduhai
betapa dangkalnya pikiran Cak Min. Dengan
kata laen sampeyan memang berbakat jadi sudra
njobo njero. Kalau sudah begitu terima saja
nasib jadi tukang ngonthel becak seperti
saya, ha ha haa....penyakit menular rupanya."
"Ngemeng epe sampeyan iku Cak. Kaet
maeng koq ngomong cara Indonepunsia, koyok
wong sekolahan ae."
"Lho, peno tak kandhani ya Cak Paimin,
awak ndhepo jelek-jelek begini jugak pernah
makan sekolahan lho. Mergo kefefet gak onok
lowongan lapangan kerja sing cocok karo jenazahku,
eh ijasahku, ae awak ndhepo dengan amat sangat
terfaksa ngonthel becak. Lebih baek to daripada
ngoleksi pitike tonggo teparo saben ndino?"
Cak Paimin karo Cak Paijo nerusna olehe nyedhot
rokok merek Tingwe Salome nglinting dhewe
satu lobang rame-rame karo ngobahna sikile
ngrungokna lagune dangdutane Meggy Z "Termiskin
di dunia". Sakno-sakno!
|