Pawartos Jawi nyuwun pangestunipun para sutresna
sadaya supados tetep jejeg jangkahipun mecaki
lurung ingkang sangsaya rumpi sinartan jejibahan
nglestarekaken lan ngrembakaken basa tuwin
budhaya Jawa sanadyan kanthi keponthal-ponthal
ngoyak jaman ingkang mlajeng nggendring.
Tumrap para ingkang remen olah kridha batin
lan pangulir budi, wiwit sasi Juni punika
pasugatan Pawartos Jawi ugi badhe ngrembag
bab ingkang hangengingi kabatosan tuwin kautamaning
budi kadosta piwulang ingkang tujuwanipun
hanggegesang raosing kamanungsan ingkang
tundhonipun sageda kula lan panjenengan sadaya
dados tiyang ingkang migunakaken kekiyatanipun
kangge rahayuning bebrayan ageng, boten sanes
inggih lumeberipun rahayuning jagad punika.
Jer wajibing tiyang gesang punika wonten
kalih prakawis, manawi boten sinau inggih
mucal. Liripun sinau, inggih punika tansah
ngudi undhaking kawruh lair lan batin. Liripun
mucal, tansah aweh obor dhateng tiyang ingkang
saweg nandhang kapetengan budi. Hewadene
ingkang tansah dipunudi dening tiyang ingkang
wicaksana inggih punika sageda nyumerebi
cacadipun piyambak sarta mbudidhaya kados
pundi amrih saenipun, punika katindhakaken
saderengipun paring pamrayoga dhumateng asanes.
Tiyang wicaksana punika beda
kaliyan tiyang
ingkang pinter srawung lan tumindhak
ajur-ajer
ing madyaning bebrayan. Bobot
sarta ajinipun
sayekti anglangkungi katimbang
moncering
kawruh. Mila boten cekap namung
sarana dibandhani
pepaking ilmu-ilmu pangawikan
kemawon, nanging
sabageyan ageng malah sumendhe
wonten ing
anggenipun pinter srawung lan
wor-woran kalayan
sasaminipun, tanpa nyawang undha-usuking
semat lan drajat punapa dene
beda-bedaning
kalungguhaning tiyang ingkang
dipun srawungi.
Ajining manungsa punika boten amargi piyambakipun
kadunungan wewatekan luhur lan kapinteran
ingkang bebasan saged kangge njarah angin,
nanging muhung dumunung ing pakarti anggenipun
ngamalaken wewatekan lan kapinteranipun wau.
Parandene pakarti ingkang bebasan tanpa aso,
nanging manawi sinartan ing pamrih golek
puji lan suwur, punapa dene ngantos ngalab
donya brana punika dede nami ngamal. Pakarti
ingkang makaten wau malah saged mbebayani
tumraping bebrayan amargi alamipun ngandhut
wisa tur malih ngangge kekudung naminipun
tiyang akathah malih.
Satunggal-tunggalipun manungsa punika gesangipun
sami katitik saking cipta, rasa, lan karsanipun.
Sipating gesangipun manungsa warni tiga wau
punika kenging kula tembungaken dhaya-dhayaning
Pangeran ingkang dumunung wonten ing manungsa.
Dados kewajibanipun manungsa gesang wonten
ing donya punika sageda ngangge dhaya-dhaya
wau miturut dhedhasaranipun piyambak- piyambak.
Karsa punika pentokipun dhateng panguwasa amargi
manungsa punika manawi sampun saged mranata
badhanipun piyambak inggih badhe saged mranata
dhateng sakiwa tengenipun. Namung kemawon
kawasa ingkang sampun kasalira manungsa punika
wau kedah kangge angayomi awit dhedhasaring
kodrat punika angayomi.
Rasa punika keplasipun dhateng katresnan, tegesipun
manungsa kedah ngangge kekiyataning
raos
tresna dhateng sasamining ngagesang.
Cipta punika keplasipun dhateng kaweruh. Ananging
manungsa kedah enget dhateng weting kodrat
bilih kaweruh punika kedah tumuju dhateng
pangurbanan, dados sepi ing pamrih ingkang
ateges dhateng karahayon.
Manawi sadaya manungsa sami kersa menggalih
saestu dhateng kamanungsanipun piyambak-piyambak,
pinanggihipun tamtu angakeni bilih manungsa
wonten ing alam donya punika ingkang sami
dipun esthi dhateng begja. Ananging manungsa
ugi kedah sami ngrumaosi bilih begjanipun
manungsa punika inggih kalayan manungsa sanesipun.
Pramila manungsa kedah hanetebi karukunan.
Gesangipun kedah dipun runtutaken kaliyan
tatananing kodrat ugi tatananing Pangeran.
Wiji punika sasampunipun thukul
lajeng semi,
mrajak, menthil, ngembang, awoh,
nuli gogrog,
wusananipun uwitipun lajeng garing.
Makaten
punika pepindhanipun uriping
manungsa boten
saged uwal saking kodrat. Mila
mumpung kita
teksih gesang, sumangga sami
ngudi kasembadaning
kawruh amrih saged marisaken
woh lan wiji
ingkang migunani tuwin boten
mitunani.
Tatananing kodrat punika tumuju dhateng karukunan,
sanes memengsahan, inggih punika dados manunggil
[boten pepisahan], dhateng kajujuran [boten
nakal-nakalan], dhateng begja umum [boten
begja piyambak], dhateng panyambut damel
sesarengan [boten unggul-unggulan], lan dhateng
tulung-tinulung [boten mangsa bodhoa]. Manawi
manungsa gesangipun mawi ngengeti dhedhasaran
makaten mesthinipun boten lajeng manah badhanipun
piyambak, nanging ingkang dados esthinipun
wilujenganipun bebrayan. Gesangipun manungsa
satunggal lajeng ateges gesangipun manungsa
sadaya. Wohipun badhe damel begjanipun sadaya
manungsa amargi ingkang wonten namung katresnan
anebihi sesengitan.
Manawi dipun raosaken ingkang
yektos, jagad
punika saged anyekapi kabetahanipun
manungsa,
boten nate kekirangan. Wontenipun
kasangsaran
ingkang dipun sandhang dening
manungsa punika
sebabipun rak boten sanes kejawi
lepating
tatanan ingkang dipun damel dening
manungsa
piyambak. Lha ingkang 'kajibah'
damel tatanan
punika, tamtu tatananipun badhe
kadamel miring
[nguntungaken] dhateng badhanipun
utawi golonganipun
piyambak. Awit saking punika
lajeng tuwuh
kawontenan ingkang boten samesthinipun.
Anglampahi gesang ing bebrayan
ageng punika
tamtu asring kathah sandhunganipun,
asring
katatap-tatap utawi kedah wani
kurban kekiyatan
pikir, bandha tuwin sanes sanesipun.
Ananging
ingkang makaten wau sampun dados
ubarampenipun
tiyang ingkang olah kautaman
anuju dhateng
kaluhuran.
"Mung bae wekasing wang, ywa pegat
teteki," makaten wulanganipun KGPA Mangkunegara IV.
Sadaya tumindak punika pancen kedah linambaran
teteki, tegesipun kedah mulat dhateng punapa
ingkang dipun tindhakaken. Dados teteki ing
ngriki boten ateges ngirangi tilem utawi
tedha, nanging tansah mulata dhateng sakathahing
tindak amargi manawi anggenipun nglampahaken
boten mawi kawicaksanan, tuna dungkapipun
sok inggih andrawasi. Mila mbokmenawi wonten
pigunanipun kula ngaturaken welinging tiyang
sepuh kados ing ngandhap punika:
Manungsa kudu nalangsa, tegese nalangsa iku dudu bungah, dudu susah,
nanging wong kang prihatin. Tegese prihatin
dudu cegah dhahar lawan guling, nanging nglanggengake
rasa eling, mangesti marang kang mesti.
Manungsa kudu asarira bathara. Yaiku kahananing kedadeyan kabeh iki kudu
percaya marang kang nglakoni. Kudu narima
takdiring wiji, tegese aja durga mangangsa-angsa
nanging tumindhaka kalawan saparenge.
Kudu taberi amarsudi purwaning dumadi, tegese apa kang den gayuh aja nganti nganggo
ati lumuh, kudu sarana dilakoni. Dene saranane
laku iku ana rong prakara yaiku kudu tlaten
lawan taberi [sregep]. Tlaten iku kenane
saka sethithik, taberi tegese aja medhot
olehe anindhakake.
Witing urip kudu ngerti bibit kang gaib. Tegese gaib ora dumunung neng bumi langit,
ora sumlempit ing beslit, ora kalempit ana
ing jarit, ora kacarub wilanganing dhuwit,
nanging kudu titi papan karempit pitakon
kang luwih tertib. Yen wus winangsit aja
nganti morat marit. Sinimpen ing 'guwa' wingit,
kena kawedharake yen nocogi karo kapreluwane.
Kudu eneng, ening, awas, eling [rasa rumangsani],
wanuh wani kudu wuninga. Cetuk cetak kudu
kang cetha. Temen temu kudu kang tekan.
Wohipun tiyang kersa migatosaken kawontenan
punika temtu badhe gesang raosipun, kagigah
raosipun lajeng purun ngraosaken dhateng
kawontenan. Manawi sampun gesang raosipun,
padhatanipun lajeng tuwuh niyatipun tumut
hangrencangi kadumugening sedya memayu hayuning
gesang ing satengahing bebrayan ageng.
Manungsa punika kedah nyumerebi
dhateng kodratipun,
makaten kawontenanipun, inggih
punika;
Sapisan, manungsa punika gadhah badhan wadhag. Badhan wadhag punika gadhah gesang piyambak
manut wetipun anasir.
Kaping kalih, manungsa punika gadhah badhan ingkang winastan
badhan urip. Nanging sampun klentu ing panampi, badhan
urip punika boten wujud anasir, boten kasat
mripat, nanging wujud dhaya ingkang ngebahaken
rah, nata lampahing ambegan, dhaya ingkang
gegandhengan kaliyan tangkar tumangkaring
manungsa.
Kaping tiga, manungsa punika gadhah badhan ingkang dipun
wastani badhan pangrasa inggih boten kasat mripat, wujudipun kados
dene sorot. Punika dados wadhahipun rasa
lan cipta [sisah, tresna, dereng, karep ingkang
taksih semang lsp].
Kaping sekawanipun, manungsa punika gadhah aku, tegesipun manungsa punika saged mastani
badhanipun piyambak Aku. Wonten ingkang mratelakaken
samangsa manungsa punika sampun nyumerebi
badhanipun piyambak inggih badhe nyumerebi
Pangeranipun.
Manungsa punika tamtu sami ngakeni bilih
gesangipun punika nggadhahi nyawa [suksma].
Dados glegering tiyang punika wonten kalih
perangan, inggih punika badhan wadhag ingkang
asipat kasar tuwin suksma ingkang asipat
alus. Sampun limrah bilih tiyang punika remen
menggalih gesangipun. Tumrap wadhagipun ingkang
limrah sampun boten dados penggalih malih.
Dene ingkang asring dipun grejahi inggih
punika pun suksma ingkang asipat alus boten
kasat mripat. Penggalih makaten wau lajeng
asring nuwuhaken pitaken kados pundi manjingipun, manggen utawi dunungipun
suksma punika wonten ing raga lan kados pundi
kesahipun suksma punika.
Makaten wau pancen inggih prelu dipun grejahi
jalaran saged ngindhakaken kawruh ingkang
badhe saged murakabi dhateng gesangipun.
Menggah panulusuripun kedah dipun kanteni
sarana migunakaken nalar lan pikiran kanthi
adhedhasar kawontenan tuwin kanthi katandhing
kaliyan pengalaman.
Manut kanyataning ingkang kasat mripat, dumadining
manungsa punika mapan wonten ing guwa garbaning
biyung karana pulang asmaraning yayah-rena
awit saking paguting raos tresna peparinganing
Pangeran. Kanyatan ingkang kasat mripat punika
njalari tuwuhing tetembugan bilih wong tuwa
punika amung kinarya lantaring tumuwuh. Manawi
namung kangge lantaran kemawon, mesthinipun
wonten ingkang dhawuh utawi kuwaos nglantaraken
wiji gesang wau.
Katrangan punika minangka paseksen bilih
bab ingkang kaudhal punika mboten namung
mligi ingkang wonten utawi kasat mripat kemawon.
Nanging panulusuripun sageda kabablasaken
ngantos bebles dhateng bab ingkang manut
muluring penggalih kakinten-kinten wonten.
Kanthi pancadan lampahing gagasan kasebut
pramila isining kasusastran Jawi katuwonipun
ngandhut unsur-unsur filsafat. Kawruh filsafat
mekaten ngrembag bab ingkang wonten sarta
ngrembag bab-bab ingkang kakinten-kinten
wonten pinanggih ing nalar.
Suksma makaten ingkang murugaken
utawi ingkang
nggesangi badhan wadhag. Dados
manawi wadhag
punika boten kapanjingan suksma,
tamtu boten
badhe saged gesang. Samangke
mangga sami
dipun penggalih kawontenan ingkang
sampun
kalimrah, punapa dene dumados
wonten kalanganing
tiyang bebrayan sadonya bilih
bayi ingkang
saweg lair saking guwa garbaning
biyung punika
tamtu nangis.
Manawi wonten bayi lair boten kanthi nangis,
punika tamtu ginanggu utawi wonten sababipun.
Tiyang sepuhipun tamtu lajeng enggal enggal
pados akal lan ngreka dhaya supados bayi
wau sageda enggal nangis. Wonten cara ingkang
sampun kalimrah tumrap umum, manawi wonten
bayi lair boten nangis, punika lajeng dipun
gebrag, prelunipun supados kaget lajeng nangis.
Wonten malih cara dusun, bayi wau dipun interi
wonten ing tampah. Makaten cara tuwin reka
dhayanipun. Tiyang sepuh ngretos lan gadhah
kapitadosan bilih tangising bayi ingkang
saweg lair punika dados pratandhaning anggenipun
nyata gesang. Dene manawi boten nangis dipun
kuwatosaken manawi pejah. Mila inggih sampun
leres manawi lajeng ngreka dhaya supados
bayi wau tumuntena saged nangis.
Wontenipun bayi lair procot lajeng nangis,
punika tamtu inggih wonten sababipun. Bayi
punika anggenipun dedunung utawi manggen
wonten ing guwa garbaning biyungipun ingkang
limrah watawis sangang sasi. Wekdal sangang
wulan wau klebet dangu. Sampun dados wataking
tiyang gesang, punapa kemawon ingkang dipun
alami punika tamtu dados pakulinan. Dene
pakulinaning manggen wonten ing satunggaling
papan, punika tamtu lajeng nuwuhaken raos
kraos.
Lha tiyang punika manawi sampun kraos anggenipun
dedunung wonten satunggaling papan, mangka
lajeng kapeksa kedah pindhah dhateng papan
sanesipun, ing ngriku limrahipun lajeng nuwuhaken
raos kaget. Upaminipun tiyang ingkang sampun
kulina lan kraos manggen wonten ing papan
ingkang hawanipun benter, lajeng pindhah
dhateng papan ingkang hawanipun asrep, punika
inggih kathah ingkang kaget. Kagetipun wau,
umpaminipun kemawon, lajeng murugaken raos
sakit. Makaten tuwin sanes-sanesipun.
Tumrap bayi inggih boten beda. Lair punika
ugi ateges pindhah dhateng panggenan ingkang
beda sanget kawontenanipun kaliyan panggenan
ingkang dipun dunungi sakawit inggih punika
guwa garbaning biyungipun. Nalika lair mak
bruwol, pun bayi lajeng kraos kaget, umpaminipun
kemawon kaget anggenipun lajeng klebetan
hawa ambegan. Kaget makaten tumrap bayi lajeng
murugaken nangis. Tangis punika dados lintuning
wicantenan ingkang kangge nglairaken raos
boten seneng, emoh, boten cocog. Makaten
wau sampun dados cithakan tumrap saben bayi.
Bab punapa kemawon ingkang boten dipun senengi
lan boten dipun cocogi, pun bayi tamtu lajeng
nangis, upaminipun kraos ngelak, luwe, sakit,
lsp.
Tangis ateges kangge nglairaken raos minangka
lintuning wicanten. Tumrap ingkang gegayutan
kaliyan dhaya alus, umpaminipun manawi ing
wanci dalu wonten durjana ingkang nggadhahi
sedya awon, adatipun bayi inggih lajeng nangis.
Mila makaten awit bayi taksih murni, pangraosipun
teksih landhep saged ngraosaken gegetering
dhayanipun tiyang sanes. Gegetering dhaya
ingkang nggadhahi kajeng boten sae wau tumrap
bayi inggih boten nyenengaken lan boten cocog,
mila lajeng nangis.
Dados tangising bayi lair punika
boten ateges
bilih punika dados pratandhaning
nalika manjing
suksmanipun. Tiyang sepuh inggih
saged nangis,
manawi makaten tangis wau pancen
sampun kinodrat
dados pirantosipun tiyang wiwit
lair ngantos
dumugi sepuh minangka sarana
kangge nglairaken
raos.
Lajeng samangke kados pundi manjingipun suksma
dhateng bayi? Ing wadhah bayi punika wonten uritanipun
[tigan-wijil], punika sampun kadunungan utawi
kasamadan gesang. Manawi wiji saking wanita
kempal kaliyan wiji saking priya saged mahanani
dados jabang bayi. Menggah kempaling wiji
ingkang saged dados bayi punika manawi kadhayan
tiyang kekalih wau. Dene ingkang kawastanan
dereng, inggih amargi serenging karsa ingkang
sinartan [kaworan] raos sengsem, utawi gampilipun
katembungaken dereng kapincut.
Tempuking karsa antawisipun priya lan wanita
punika nuwuhaken pletik [pletiking kaalusan].
Inggih pletik wau ingkang lajeng manjing
anglimputi [campur] kempaling wiji punika
temahan dados suksmanipun bayi ingkang dados
wau. Dene kempaling tigan utawi wiji lajeng
dados badhan wadhagipun.
Derenging karsa ingkang kaworan
sengsem [kapincut]
antawisipun priya lan wanita
punika limrahipun
boten sami kekiyatanipun, saged
ugi kiyat
derenging kakung, saged ugi kiyat
derenging
wanita. Manawi tempuking derenging
karsa
kiyat ingkang saking kakung,
punika temahan
badhe dados lare estri. Kosokwangsulipun
manawi derenging sengsem wau
kiyat ingkang
saking estri punika dadosipun
lare badhe
lair jaler. Dene manawi derenging
sengsem
wau sami dene kiyatipun punika
badhe mahanani
lairipun bayi kembar.
Saklajengipun bab manjinging suksma wonten
ing raga, punika boten wonten ing nglebet
lan inggih boten ngurungi wonten ing njawi.
Nanging suksma lan raga wau sami apepuletan
limput-linimputan. Gampilipun kenging katembungaken
kados dene kelet mawa ancur [lem kadamel
saking deplokan beling utawi pecahan kaca].
Tumrap tiyang ingkang ngudi kawruh ulah kabatosan,
punika sagedipun nyatakaken kasunyataning
jiwa utawi suksma manawi 'raos' saged dumunung
wonten antawisipun pepulatenning raga kaliyan
suksma.
Suksma punika limrahipun asring
katembungaken
dados dhalangipun, raga katembungaken
minangka
wayangipun utawi ringgitipun.
Ebah makartining
wayang saking pun dhalang. Manawi
suksma
taksih tetemplekan kaliyan raga,
punika ingkang
dipun namakaken 'kawula'. Dene
manawi suksma
pisah kaliyan raga manunggil
kaliyan ingkang
asipat gesang, punika lajeng
limrahipun kanamakaken
'gusti'.
Limrahipun tiyang punika kepingin lan ngudi
sagedipun nyumerebi kasunyataning alus utawi
suksmanipun. Miturut ingkang sampun nate
kula alami, makaten wau sagedipun dumados
[kaleksanan], inggih punika nalika kula 'nggadhahi
raos boten tresna babar pisan dhateng badhan
kula piyambak. Sampun klentu ing panampi,
katrangan sampun boten nggadhahi katresnan
babar pisan dhateng badhanipun piyambak punika
tumrap Serat Dewa Ruci mbokmanawi kemawon
cocog kaliyan ungel-ungelan: "Cekake manungsa puniki, patoke wani
pejah; lamun wedi lampus, sabarang nora tumeka."
Wani pejah ateges wani kecalan badhanipun
piyambak. Boten nresnani badhanipun piyambak
ateges boten eman, lila lan ikhlas manawi
badhanipun wau dados kados pundi kemawon
boten prelu dipun suntik silikon grana lan
payudharanipun, boten prelu dipun semir pirang
rekmanipun, lsp. Dados sampun boten nresnani
badhanipun piyambak ugi ateges lila ing pejahipun
utawi wani mati [sajroning urip].
Sakawit menggah njedhuling raos makaten tuwin
temahanipun teka lajeng murugaken saged nyumerebi
jiwa kula piyambak wau saestunipun boten
kaliyan kula jarag, nalika semanten kula
namung ngleresi prihatos, manah badhe ngleksanani
pitedhahing bapa panuntun kula bilih tiyang
punika kedah ngolah gesangipun. Nanging dangu-dangu
lajeng asring saged kaleksanan malih sarana
kula sedya, inggih sarana nisihaken [ngicali]
raos tresna dhateng badhan kula piyambak
kanthi sinartan menebing pikiran. Dene anggen
kula nggadhahi pamanggih bilih kaleksananipun
sarana ngicali katresnan wau, manggihipun
inggih sasampunipun kaleksanan nyumerebi
kanthi mboten njarag wau.
Manawi dipun tekakaken suksma puika kados
pundi wujudipun? Ing nalika kawitan, manut
pengalaman lan rumaosing sesawangan kula,
pun suksma punika rupenipun inggih kados
kula piyambak tuwin werninipun kados dene
salju. Makaten punika kula piyambak inggih
lajeng katuwuhan raos pitaken "Apa ya
kaya aku tenan ta kuwi?" Salajengipun
sareng kula saged namataken, miturut raos
lan sawangan kula, jebul boten kados kula.
Ing ngriku rumaos kula tan agrana tan anetra,
tan kakung tan wanodya tan wandu.
Katrangan bab kepanggih kaliyan suksmanipun
piyambak wau mbokmanawi mor misah kemawon
kaliyan babaring cariyos Dewa Ruci. Dewa
Ruci kapindhakaken kaliyan Werkudara [namung
kadamel langkung alit ingkang limrahipun
kawastanan Dewa Bajang], lajeng paring wejangan
dhateng Werkudara. Dados manawi makaten Dewa
Ruci wau dados gurunipun Werkudara ingkang
sejati kasebat Sang Guru Jati ya sejatining
guru, inggih gurunipun saben tiyang.
Kados ingkang sampun kababar
ing ngajeng,
suksma punika dunungipun wonten
ing raga
tan kajaba tan kajero boten wonten
ing lebet
boten wonten ing njawi, nanging
anglimputi
wadhag apepuletan, nemplekipun
kadosdene
mawi lem. Salajengipun manawi
tiyang pejah,
inggih punika suksma pisah kaliyan
raganipun,
punika jalaran lem ingkang ngeletaken
wau
sampun boten kiyat anggenipun
nggondheli.
Wonten ing jagading ulah kabatosan, bab Manunggaling Kawula Gusti punika limrahipun dados gegebengan [cepengan]
ingkang wigatos sanget, tansah dados reraosan
lan tansah dados bahan pirembagan, langkung-langkung
wonten ing kalanganing para pinisepuh. Bab
kawruh jumbuhing kawula Gusti wau limrahipun
kaperang dados kalih. Ingkang kawitan aran
Warangka Manjing Curiga. Ingkang kaping kalihipun Curiga Manjing Warangka.
Warangka punika wadhahipun dhuwung utawi keris, pikajenganipun
inggih punika alusing raosipun manungsa minangka
wadhahing Suksma. Hewadene curiga ateges wilahaning keris, pikajenganipun
isinipun inggih punika kaalusan suksmaning
manungsa ingkang nunggal kawontenan kaliyan
dzatipun Pangeran. Menggah gathuking kalih-kalihipun
wau limrahipun dipun wastani sapatemon kaliyan
Sang Guru Jati.
Sarehning kawruh manunggaling kawula Gusti
wau sampun misuwur [lan kaprah] tumraping
umum, ing ngriki ugi prelu kawedharaken supados
sageda muwuhi undhaking kawruh lan seserapan
sawatawis. Minangka tuladha kangge nggambaraken
kawruh manunggaling kawula Gusti ingkang
wau saweneh wonten ingkang ngandharaken kanthi
kawujudaken cariyos wayang, inggih punika
lampahan Dewa Ruci.
Sekedhik kemawon ingkang badhe
kula aturaken
wonten ing ngriki, lowung saged
damel lelimbangan.
Supados mboten ngambra-ambra,
becik dipun
wiwiti saking nalika Werkudara
saged kepanggih
banjur pikantuk wejangan saking
Dewa Ruci,
ingkang dados sanepanipun Sang
Guru Jati.
Sinawung ing tembang Dhandhanggula:
"Lah ta mara Wrekudara aglis,
lumebuwa
guwa garbaningwang, kagyat miyarsa
wuwuse.
Wrekudara gumuyu, sarwi angguguk
turira aris,
dene paduka bajang, kawula geng
luhur, inggih
pangawak prabata saking pundi
margane kawula
manjing, jenthik mangsa sedhenga.
Angandika malih Dewa-ruci, gedhe
endi sira
lawan jagad kabeh iki saisine,
kalawan gunungipun,
samodrane alase sami, tan sesak
lumebuwa
guwa garbaningsun, Wrekudara
duk myarsa ,
esmu ajrih kumel sandika tur-neki,
mengleng
sang Ruci-dewa.
Iki dalan talingan-ngong kering. Wrekudara
manjing sigra sigra, wus prapta ing jro garbane,
andulu samodra gung, tanpa tepi nglangut
lumarib, leyeb adoh katingal, Dewa ruci nguwuh,
heh apa katon sira, dyan sumaur sang Sena
inggih atebih, tan wonten katingalan.
Awang-awang kang kula lampahi,
uwung-uwung
tebih tan kantenan, ulun saparan-parane,
tan mulat ing lor kidul, wetan
kilen datan
udani, ing ngandhap nginggil
ngarsa, kalawan
ing pungkur, kawula boten uninga,
langkung
bingung ngandika sang Dewa-ruci,
haywa maras
tyasira.
Byar katingal ngadhep Dewa-ruci,
Wrekudara
sang wiku kawangwang, umancur
katon cahyane,
nulya wruh ing lor kidul, wetan
kilen sampun
kaeksi, nginggil miwah ingandhap,
pan sampun
kadulu, apan andulu baskara,
eca tyase miwah
wiku kaeksi, aneng jagad walikan.
Dewa-ruci suksma angling malih,
payo lumaku
andeluluwa, apa katon ing dheweke,
Wrekudara
umatur, wonten warni kawan prekawis,
katingal
ing kawula, sadya kang wau sampun
datan katingalan,
amung kawan prekawis ingkang
kaeksi, ireng
bang kuning pethak.
Dewa suksma ruci ngandika ris,
ingkang dingin
sira anon cahya, gumawang tan
wruh arane,
panca maya puniku, sajatine ing
tyas sayekti,
pangareping sarira, tegese tyas
iku, ingaranan
Mukasipat, kang anuntun marang
kang linuwih,
kang sejatining sipat.
Mangka tinulak haywa lumaris,
awasena rupa
aja samar, kawasane tyas empane,
wit tingal
ing tyas iku, anengeri marang
sajati, eca
sang Wrekudara, amiyarsa wuwus,
lagya medem
tyas sumringah, dene ingkang
abang ireng
kuning putih, iku durgamaning
tyas.
Pan isining jagad amepaki, iya
ati kang telung
prakara, pamurunge laku dene,
kang bisa pisah
iku, mesti bisa amor ing gaib,
iku mungsuhe
tapa, ati kang tetelu, abang
ireng kuning
samya, ingkang nyegah cipta karya
kang lestari,
pamoring Suksma mulya.
Lamun nora kawileting katri,
yekti sida pamoring
kawula, lesatri ing panunggale,
poma den
awas emut, durgana kang mungging
ing ati,
pangwasane weruha, siji sijinipun,
kang ireng
luwih prakosa, panggawene asrengen
sabarang
runtik, andadra ngombra ombra.
Iya iku ati kang ngadangi, ambuntoni
marang
kabecikan, kang ireng iku gawene,
dene kang
abang iku, iya tudhuh napsu tan
becik, sakehing
pepenginan, metu saking iku,
panas-ten panas-baranan,
ambuntoni marang ati ingkang
eling, marang
ing kawaspadhan.
Apa dene kang arupa kuning, kawasane
nanggulang
sabarang, cipta kang becik dadine,
panggwe
amrih tulus ati kuning kang ngadhang
ngadhangi,
mung panggawe pangrusak, binanjur
jinurung,
mung kang putih iku nyata, ati
anteng mung
suci tan ika iki, prawira ing
karaharjan.
Amung iku kang bisa nampani,
ing sasmita
sajatining rupa, nampani nugraha
nggone,
ingkang bisa tumaduk, kalestaren
pamoring
gaib, iku mungsuhe tiga tur samya
gung agung,
balane ingkang titiga, kang aputih
tanpa
rowang amung siji, marma anggung
kasoran.
Lamun bisa iya nembadhani, marang
mungsuh
kang telung prakara, sida ing
kono pamore,
sengkud pamrihipun, sangsaya
birahinira,
saya marang kawuhusaning ngaurip,
sampurnaning
panunggal."
Inggih kados makaten kalawau gambaraning
kawruh bab jumbuhing kawula Gusti ingkang
kababaraken ing cariyos wayang lampahan Dewa
Ruci. Katrangan ing nginggil wau nggambaraken
tumindakipun tiyang ingkang nglampahi semadi
ingkang sampun dados, sampun saged mbikak
warananing (aling-alinging) gaib kanthi ngawonaken
panggodhaning hawa napsu [hawa angkara murka].
Sang Werkudara saged sapatemon kaliyan Sang
Guru Jati [iya gurune dhewe kang sejati]
kalawan sampurna. Sampurnaning sapatemon
dipun gambaraken wonten ing lelampahan Werkudara
anggenipun wawan rembag kaliyan Dewa Ruci.
Kosokwangsulipun sapatemon ingkang dereng
sampurna, punika saged kepanggih kaliyan
Sang Guru Jati wau, namung kemawon boten
saged wawan rembag, umpaminipun namung saged
nyumerebi, wonten malih saged kepanggih nanging
namung saged nampeni dhawuhipun kemawon,
boten saged pitaken lan mboten saged matur
punapa punapa.
Samangke badhe kula aturaken
bacuting tembang
ingkang mratelakake bab sambung
rapetipun
manungsa kalayan gaibing urip
sejati, inggih
ingkang anglimputi sakalir.
"Yen makaten ulun boten
mijil, sampun
eca neng ngriki kewala, datan
wonten sangsayane,
tan niyat mangan turu, boten
arib boten angelih,
boten ngraos kangelan, boten
ngeres linu,
amung nikmat lan mupangat, Dewa-ruci
ling
ira tan keni, yen ora lan antuka.
Sangsaya sihira Dewa-ruci, marang
kang kaewasihing
paneda, lah iya den awas bae,
mring pamurunging
laku, haywa ana kamireki, den
bener den waspadha,
panganggepireku, yen wis kasikep
ing sira,
haywa amung den parah yen angling,
iku reh
pipingidan.
Nora kena lamun den rasani, lawan
sasamaning
pra manungsa, yen ora lan nugrahane,
yen
ana nedya padu, angrasani rerasan
iki, becik
den kalahana, ywa kongsi kabanjur,
haywa
ngadekken sarira, lan ywa kraket
marang wisayaning
urip, balik sikepen uga.
Kawisayan ingkang makripati,
den kahasta
pamantenging cipta, rupa ingkang
sabenere,
sinengker baweneku, urip datan
ana nguripi,
datan ana rumangsa. Ing kahananipun,
uwis
ana ing sarira, tuhu tunggal
sasana lawan
sireki, tan kena pinisaha.
Dipun weruh sangkanira nguni,
tunggal sawang
kartining bawana, pandulu lan
pamiyarsane,
wis ana ing sireku, panduluning
suksma sejati,
pan datan mawa netra, pamiyarsanipun
iya
datan lawan karna, netranira
karnanira kang
kinardi, iya wis aneng sira.
Lahiring suksma aneng sireki,
batining suksma
uga neng sira, mangkene ing pralambange,
kadi wreksa, tinunu ananing kang
kukusing
hagni kukus kalawan wreksa, lir
toya lan
alun. Kadya lisah lawan powan,
raganira ing
reh obah lawan mosik, yekti lawan
nugraha.
Yen pamoring kawula lan gusti, lawan suksma
kang sinedya ana iya aneng sira nggone, lir
wayang sarireku, saking dhalang polah ing
ringgit, minangka panggung jagad, kelir babadipun,
amolah lamun pinolah, sapolahe kumedhep lawan
ningali, tumindak saking dhalang."
Ngantos dumugi semanten rumiyin bacuting
tembang wau, sapunika prelu mawas ingkang
dados isi lan wigatosipun. Wosing tembang
wau mahyakaken manawi manungsa sadaya punika
sayektosipun inggih mbabaripun urip ingkang
anglimputi sakalir [Pangeran] piyambak. Mila
dipun tembungaken "Wis ana ing sarira, tuhu tunggal sasana lawan
sireki, tan kena pinisahna".
Ing layang Tajusalatin, babaran kawruhipun
Imam Bukhori ing Johor, ingkang sampun ginubah
lan dipun jarwakaken nyebataken kados makaten
ungelipun, "Pan sampun kocap ing dalil, barang
kang mujud iki, kabeh kanyatan tuhu, jenenging
ayamalolah, haywa ta sira mungkiri."
Syeh Siti Jenar, salah satunggaling wali
ingkang kondhang bontosing nglemu kabatosanipun,
anggadhahi gegebengan makaten: "Ngolati punapa malih, nora nana liyan-liyan,
apan apes salawase, anging Allah ingkang
Tunggal, ya jisim iya Allah, tokid tegese
puniku, apan Tunggal kajatenya."
Ing layang Centhini mratelakaken wejanganipun
Syeh Rogoyuni dhateng Syeh Amongraga, makaten:
"Rampung cukup wus aneng kita, suhul
jumbuh kita lan dzating Widdi, wahuwa wajibul
wujud, sami kahananira, kadya banyu lan toya
pan saminipun, mung sanes basa kewala, napining
Hyang napi mami.
Wonten malih ingkang pantes kangge limbangan,
inggih punika wejanganipun Sunan Giri, sinawung
ing tembang Sinom: "Njeng Sunan Siri ngandika, mungguh
artine kang yekti . Allah pan jatining aran,
liring wujud mokal ninggih, Pangeran kang
sejati, liring wujud Hilapi-ku, jatining
warna rupa, dene aran rohilapi, iku sejatine
iya urip kita."
Salajengipun Sunan Giri ngyakinaken: "Istingarah tan kajaba, istingarah tan
umanjing, istingarah tan kawedal, tan kajero
istingarah ing, sayekti luwih gaib, tan owah
gingsir puniku, langgeng tanpa karana, kang
jumeneng ki Rohani, apa rupanira duk nalikeng
donya". Minangka kunci wonten pangandikanipun
para pinisepuh ingkang wignya ing agal-alus
makaten: "Sing sapa weruh marang awake
dhewe, iku prasasat weruh Pangeran."
Makaten pathining ngelmu gegebanganing para
linuwih ingkang tansah ngolah batosipun.
Sadaya wau boten sanes ateges paring ancer-ancer
dhateng sasamining manungsa: "Manawa
padha nggambarake, padha ngganta, padha mikir,
padha nggagas kahananing Gusti Allah lan
kanyatane aja nganti kleru ener, aja nganti
blawur, aja nganti kabandha dening tetembungan
yen dirasa saklebatan sajake Pangeran iku
manggon dhewe, pisah karo alam donya, pisah
karo manungsa, upamane tetembungan 'Gusti
Allah iku ana ing swarga', 'Bali marang panayunaning
Pangeran', lll. "
Tetembungan makaten wau manawi
kirang patitis
anggenipun menggalih lan anggenipun
nyuraos,
tamtu kemawon badhe nggampilaken
thukuling
klentu ing pangira. Jalaran lajeng
saged
nuwuhaken gambaring pikiran,
manawi Gusti
Allah punika sajake kados tiyang
punika,
inggih sajak pinarak wonten ing
panggenan
ingkang sae lan sekeca sanget,
sajak ya sok
takon barang. Suksmanipun tiyang
ingkang
sampun seda, sajake banjur sowan
marak ana
ngarsane. Makaten salajengipun
manawi ta
ngantos klentu anggenipun nampi
lan nyuraos
tembung-tembung ingkang nyebataken
bab ingkang
magepokan kaliyan wontenipun
Pangeran.
Wonten tetembungan wigatos sanget ingkang
saged kangge gujengan manawi tiyang badhe
remen olah kabatosan lan badhe nggayuh murih
sanged ngraosaken lan mangertosi dhateng
gaibing Pangeran, punika 'Pangeran kuwi ora arah ora enggon, tan kena
kinaya ngapa, ora kakung ora putri lan uga
ora banci'. Tembung ora arah ora enggon, ateges anglimputi
sakalir, ing ngendi endi bae ana. Awit saking
punika uriping manungsa ugi kalimputan ing
dzating Pangeran. Mila ing wejanganipun Dewa-ruci
katembungaken tan kena pisahna.
Limrahipun banjur sok wonten pitaken: "Manawi
Pangeran punika sejatosipun sampun nunggal
[anglimputi] manungsa, kenging punapa manungsa
kok teksih sami ngudi sagedipun manunggal?"
Wonten malih pitaken makaten: "Manawi
Pangeran punika ugi sampun tunggal kahanan
kaliyan wujuding manungsa, kenging punapa
manungsa kok boten nggadhahi panguwasa kados
Pangeran, punika rak nggih mokal?"
Pitaken kados makaten wau leres sanget. Jalaran
ngangge waton wantah, tegesipun miturut nalar:
mesthinipun rak ngaten. Inggih wonten ingriki ingkang prelu dipun
saring, prelu dipun raosaken kalayan tandhes.
Kawontenaning gesang punika gaib [alus, samar],
mila katembungaken tan kena kinaya ngapa.
Awit saking sadaya tetembungan ingkang kangge
mratelakaken alusing urip, boten kenging
manawi lajeng dipun suraos kadosdene tetembungan
ingkang gegayutan kaliyan kawontenan ingkang
maujud ing ngalam donya utawi ingkang kenging
ginayuh dening pikiran. Words cannot describe everything. Words are
only descriptions of a reality that needs
to be experienced.
Makaten ancer-anceripun manawi badhe nyuraos,
rehing gaib, tembung anglimputi ingkang ugi
ateges nunggal wau, boten kenging manawi
lajeng dipun emperaken kados dene toya ingkang
kawoworan sumba, dipun emperaken toya wau
temtu saged ngabangaken punapa kemawon. Wontening
tetembungan jumbuh, manunggal utawi ngelmu
panunggalan punika sampun lajeng dipun suraos
lan dipun emperaken kaliyan manunggiling
barang kalih. Hananging kedah dipun suraos
minangka ngudi supados saged mangertosi lan
ngyakinaken gaibing Pangeran kanthi kaalusane.
Dene bab gandhenging panguwasanipun Pangeran
kaliyan uriping manungsa ingkang linimputan
mau, teksih mawi warana [aling-aling] gaib,
ugi dumunung wonten ing angganing manungsa
piyambak. Aling aling wau saged dipun lingkah,
upamanipun kanthi srana semadi, kanthi srana
tarak brata. Manawi manungsa sampun saged
mbikak warana wau, ingriku bakal saged kaluberan
panguwasaning Pangeran. Dene kathah sakedhikipun
panguwasa kang kaluberaken wau, gumantung
kaliyan kiyating pakartinipun manungsanipun
piyambak.
Pramila punika ingkang dipun
wastani jalma
linuwih ing donya punika inggih
ugi ngangge
trap-trapan, ngangge undha-usuk
wiwit saking
ingkang mamung angsal kaluwihan
sekedhik
ngantos dumugi ingkang kathah
sanget. Makaten
gegambaran ingkang saged kangge
pepindhan
lan kenging kangge ancer-ancer.
Awit saking punika, manawi manungsa badhe
manembah lan badhe ngudi dhateng gaibing
Pangeran, ingkang langkung wigatos inggih
sarana ngolah badhanipun piyambak, kanthi
ngolah pikiran, pangrasa lan pakartinipun
piyambak, sarana mbangun bebuden luhur, nindhakaken
pakarti ingkang sae lan remen atul tlaten
nindhakaken sembahyang, semedi utawi manekung.
Dene kuncinipun inggih punika pikir lan manah
ingkang tansah eling marang sedyanipun murih
sampun ngantos benceng ceweng, dados kedah
fanatik [sampun ngantos gampil kapilut ing
pamurunging laku]. Inggih muluring gagasan
ingkang kados makaten kalawau mbokmanawi
ingkang lajeng nglambari penggalihipun PB
IV paring panutan dhateng putra wayahipun
ingkang kapacak ing Wulang Reh:
" Nora gampang wong ngaurip,
yen tan
weruh uripira, uripe padha lan
kebo, angur
kebo dagingira, kalal yen pinangana,
pan
manungsa dagingipun, yen pinangan
pasthi
karam."
"Poma-poma wekas mami, anak
putu aja
lena, aja katungkul uripe, lan
aja duwe kareman,
marang pepaes donya, siyang dalu
dipun emut,
yen urip manggih antaka."...
'Sayekti wajib rumuhun, angrawuhi ing sarira..."
Manawi sampun ngretos dhateng kajatening
pribadinipun piyambak, inggih badhe ngretos
sinten ingkang nguwaosi jagad punika. Ingkang
makaten punika njiyat pantoging pamanggih
bilih titah supados ngrumaosi yen wonten
ingkang hanitahaken. Lan sadanguning tumitah,
sumanggem ngemban tanggel jawab dhateng kuwajibaning
titah rehne rumaos sampun dipun titahaken.
Lajeng manawi badhe ambyur anglampahi gesang
ing satengahing bebrayan ageng, punika sejatosipun
kedah kados pundi? Gesang punika sejatosipun
gampil, jer sampun saged lan kersa ninthingi,
nyinaoni, nindhakaken lan ngamalaken kalih
prakawis, inggih punika saged lan kersa tansah
nyenyuwun pangapunten dhumateng sok sintena
kemawon lan saged lan kersa tansah paring
pangapunten dhumateng sok sintena kemawon.
Nuwun.
|