Tembung kalbu, ingkang limrah dipun tegesi
jantung, inggih punika peranganing jerowan
ingkang gumantung wonten ing salebeting dhadha
sisih kiwa. Ing salebeting jantung wau bolong
isi rah cemeng.
Wonten ingriki tembung kalbu
[jantung] wau
boten ateges jantung kadosdene
kasebat nginggil
[boten sipat pawadhagan] awit
ingriki boten
ngrembag badhan wadhag, nanging
ngrembag
badhan alusing manungsa [sajatining
manungsa].
Kalbu punika barang bangsa alus, bangsa urip
saha uriping dzat kang asipat gesang. Kalbu
wau ugi praboting kalbu jasmani [jantung
lair], inggih kalbu wau ingkang kanamekaken
sajatining manungsa. Dene sipatipun kalbu
makaten anggadhahi kawicaksanan, kawruh lan
kawaskithan. Inggih kalbu punika sejatosipun
ingkang saged nampi pepreden, dhedhawuhan,
ilham, rasa, ganjaran, rasa pasiksan, rasa
krasa, ngrasakake salajengipun rumangsa.
Inginggil sampun kapratelakaken menggah sejatining
manungsa ingkang asma kalbu ingkang umumipun
kawastanan jiwa utawi suksma, lan malih ugi
anggadhahi bala kathah sanget [tanpa wicalan]
saking keparengipun Gusti kang akarya jagad.
Kawuningana Gusti kang maha suci punika mengkoni
bala pinten pinten, inggih ingkang kawengku
ing kalbu [manungsa sejati]. Pinten pinten
bala sumebar angebaki alam saindenging bawana
ing njawi lan ing lebet. Sadaya wau runtut
sumungkem dhateng Gusti, runtut kaliyan lampahing
kodrat [pandum] boten wonten ingkang ngretos
pinten cacahing bala wau, kajawi namung Gusti.
Saperangan bala ingkang kawengku
ing anggane
manungsa, katranganipun kados
ing ngandhap
punika:
1. Para balaning lahir ingkang kasat mripat
netra kepala.
2. Para balaning batin ingkang boten kasad
mripat, punika namung katingal batos rasa
pangrasa.
Menggah pamengkunipun sajatining manungsa
dhateng balanipun kalih warni wau, ugi kenging
kasanepakaken kados dene pamengkunipun kados
bendara kaliyan juru ladosipun.
1. Para bala ingkang kasad mripat, punika
wujudipun kadosta mripat, irung, tutuk, kuping,
tangan, suku, lan sadya sarandhu utawi pirantosipun
badhan wadhag ingkang bangsa njawi lan bangsa
njerowan, jantung, limpa, kebuk, usus, tuwin
sanes-sanesipun.
2. Para bala batin ingkang boten kasad mripat
kados kalbu wau mengkoni bala ingkang lahir
tuwin bala ingkang boten kasad mripat. Bala
batin makaten grebanipun kangge ngawasi bala
lahir. Dene wujudipun inggih punika dhaya-dhayaning
kekiyatan [getering] pamuring lan dhaya panariking
syahwat [rasa pepingin].
Sadaya bala wau samobah mosikipun tansah
mbangun turut dhateng kalbu, dhasar sadaya
wau tumindakipun kadunungan watak mesthi
manut ing kalbu, boten saged umpamiya nyulayani.
Utawi pancen boten gadhah kekiyatan damel
adha-adha piyambak. Upaminipun mripat kaparentah
kalbu supados melek, sampun mesthi lajeng
melek. Suku kaprentah kalbu supados mlampah,
sampun temtu lajeng tumandang mlampah, boten
saged upami mopo [boten purun].
Makaten salaminipun, panguwasipun
sang kalbu
dhateng sarandhuning badhan lan
pancadriya
punika memper kadosdene Gusti
dhumateng para
malaekat. Para malaekat punika
tumitahipun
ugi sampun kinodrat mesthi mbangun
turut
punapa dhawuhipun Pangeran. Boten
nate purun
lan pancen boten saged upami
nyulayani dhawuh.
Boten beda kadosdene mbangun
miturutipun
wadhag dhateng kalbunipun. Nanging
wonten
bedanipun, para malaikat wau
sami kaparingan
kawicaksanan.
Kawuningana, kalbu [manungsa sejati] punika
pancen tinitah kedah mbetahaken badhan wadhag,
awit bilih boten mawi badhan wadhag boten
badhe saged makarti. Mila makaten amargi
kalbu wau kenging kasanepakaken kados angganing
tiyang ingkang kesahan ing purug langkung
tebih sanget, dene marginipun pinasti kedah
nglangkungi alam wadhag [donya]. Ingriki
kalbu mbetahaken sanget ngangge prabot [praboting
gesang ing donya], ringkesanipun wonten:
1. Badhan wadhag, kasanepakaken minangka
tumpakan.
2. Kawruh sejati [sejatining kawruh], minangka
kangge sangunipun.
3. Budi suci, minangka kangge gegebenganipun.
Kalbu punika boten saged angsal pepadhang
[hidayat jati] manawi boten lampah budi suci,
mila kalbu wau boten saged upami nilara tigang
perkawis wau, inggih punika badhan wadhag,
kawruh sejati, tuwin budi suci, punika jalaran
tumindakipun kedah miturut dhateng sabarang
dhawuhipun Pangeran [Pangengeran].
Kita manungsa rumaos [ngakeni] linampahaken
wiwit saking alam arwah [alam roh] ngantos
dumugi wangsul ingarsanipun. Makaten lelampahanipun
manungsa ung saindenging jagad raya.
Lelampahan wau boten kenging boten kedah
ngancik alam wadhag [donya]. Inggih wonten
ing alam wadhag ngriku punika panggenan pados
penghasilan calon kangge sanguning lampah
utawi tujuwanipun anggenipun badhe dedunung
wonten ing alam langgeng kanthi wilujeng
nir ing sambi kala, tebih godha rencana ing
samargi-margi, lajeng saged kadumugen sejatinipun,
tata tentrem, nikmat manfaat.
Inggih ingriku punika ingkang dipun wastani
manggen ing panggenan ingkang langgeng [kalanggengan]
tur isi raos sarwa legawa [swarga], mila
leres ungelipun paribasan: donya pasawahaning
akherat, lan iku bakal ngundhuh wohing pakarti,
sing sapa nglakoni tumindak becik, bakal
ngundhuh wohe becik. Kosokbaline sing sapa
tumindak ala, bakal ngundhuh wohe ala. Makaten
nyumanggakaken.
|