1. Godhong arèn arané dliring
2. Godhong asêm arané sinom
3. Godhong awar-awar arané dongèng
4. Godhong cipir arané cêthèthèt
5. Godhong cocor bèbèk arané
tiba urip
6. Godhong dhadhap arané tawa
7. Godhong gêbang arané kajang
8. Godhong jarak arané blêdhèg
9. Godhong jarak kêbo arané lomah-lamèh
10. Godhong jipang arané bêthêthêt
11. Godhong jambé arané procot
utawa dêdêl
12. Godhong krambil arané sing
isih enom
: janur, sing wis tuwo :blarak
13. Godhong kimpul arané lumbu
14. Godhong kacang brul arané
rèndèng
15. Godhong kacang dawa arané
lêmbayung
16. Godhong katès arané gamplèng
17. Godhong kara arané brobos
18. Godhong kélor arané limaran
utawa sapu
jagad
19. Godhong kêtéla rambat arané
jlégor
20. Godhong lêmpuyang arané lirih
21. Godhong lombok arané sabrang
22. Godhong mlinjo arané so
23. Godhong ijon-ijonan arané
dingkik
24. Godhong ilêr arané sisikbang
25. Godhong cêkuk arané sriwadari
26. Godhong kimpul alas arané
kombang
27. Godhong pohung arané kopral
28. Godhong pring arané larmanyura
29. Godhong randhu arané baladéwa
utawa cêmara
kandhi
30. Godhong pari arané damèn
31. Godhong turi arané pêthuk
32. Godhong wuni arané pojar
utawa mojar
33. Godhong widara putih arané
trawas
1. Kanthong wadhah dhuwit
2. Endhong wadhah panah
3. Pranji wadhah pithik
4. Kombong panggonan bèbèk
5. Rong omah ula
6. Susuh omah manuk
7. Krangkèng omah macan
8. Warangka wadhah kêris
9. Lèng omah gangsir
10. Song omah landak
11. Papon wadhah apu/injêt
12. Pragèn wadhah bumbu
13. Plangkan wadhah tumbak
14. Slêpi wadhah rokok
15. Gayor wadhah gong
16. Bothèkan wadhah jamu
17. Pok wadhah kinang
18. Padaringan wadhah bêras
19. Lumbung wadhah pari
20. Tulang wadhah jangkrik
21. Clunthang wadhah jangkrik
22. Kandhang panggonan Kebo-sapi-wêdus
23. Tala omah tawon
24. Sudhung omah cèlèng
25. Kurungan wadhah manuk
26. Pagupon omah dara
27. Sêlon wadhah trasi
28. Gêdhogan kandhang jaran
29. Tangsi panggonan saradadu
30. Mesjid panggonan sembahyang
(Islam)
31. Langgar panggonan sembahyang
(Islam)
32. Klênthèng panggonan sembahyang
(Cina)
33. Gréja panggonan sembahyang
(Kristen/Protestan/Katholik)
34. Dhompèt wadhah dhuwit
35. Patarangan omah pitik
36. Bango omah kanggo dodolan
37. Grêdu omah kanggo jaga
38. Gubug omah ing tengah sawah
39. Hotèl omah panginepan sing
larang
40. Pasanggrahan omah palêrêman
ing gunung
41. Bangsal omah gêdhé tur éndah
42. Balé-mangu omah kanggo ngadili
43. Panti-sari omah ing satengahing
taman
44. Padhépokan omah dununging
pandhita
45. Pacrabakan omah panggonane
wiku
46. Balé-mandhakiya omah kanggo
sêmèdi
47. Sanggar pamujan omah kanggo
sêmèdi
48. Sanggar palanggatanomah kanggo
sêmèdi
49. Sanggar pêmidikan omah kanggo
sêmèdi
50. Sanggar pamêlênganomah kanggo
sêmèdi
ARANING TALI
1. Tali pancing arané kênur
2. Tali panggalan arané ewêd
3. Tali sangkal arané jangêt
4. Tali caping arané klanthé
5. Tali sapu arané suh
6. Tali gêndhéwa arané sêndhêng/kêndhêng
7. Tali kêlir wayang arané jala-jala
8. Tali pasangan arané sawêd
9. Tali gong arané pluntur
10. Tali lapak arané ambên
11. Tali layangan arané tali-goci
12. Tali bêkungkung arané klamar
13. Tali ing gêgêr arané apus-buntut
14. Tali irung arané kêluh
15. Tali sruwal arané kolor utawa
usus-usus
16. Tali arloji arané karsèt
17. Tali wêngku arané jêjêt
18. Tali pêcut arané upat-upat
19. Tali bênag layangan arané
ulur
20. Tali sêndarèn arané sêndhêng
21. Tali lar pênjawat arané godhi
22. Tali kêndhali arané lis