Tetenger Nihonjin panjenengan Fukuoka Kitaro
kuwi apa ora kleru *Kintaro* ta Mbah? Fukuoka
jenenge kutha, lha Kintaro iki lho sing marahi
aku ngguyu dhewe kamikekelen bareng kelingan
sapa ta tokoh macho Kintaro iki.
Ngene lho dulur, Kintaro kuwi wujude arupa
boneka lugu (lucu tur gundhek), maksudku
gothot methekel dedeg piyadege tur maneh
untune, eh kleru ... rambute gondrong kaya
rocker. Ah, sing wigati dudu Wojo-setone
sing gondrong ya uwis lah ora dadi ngapa
ben katon yen seniman empat sehat lima sambat.
Kintaro tokoh sekti mandraguna, kapinterane
olah kanuragan ngluwihi bintang sinetron
laga ing tipi-tipi kae. Prasasat ora tau
kalah, yen gelut karo sapa bae mesti menang,
sok-sok menange dhewe, wong pancen dhengkal
ora gelem ngalah.
Menyang ngendi bae sing dicengkiwing mesti
pethel. Aja cacak jalma manungsa lumrah,
kabeh sato kewan wiwit saka gajah aboh beri-beri,
singa galak jembrak, macan tutul-tutul sambel,
nganti tuma mendem bosik, kabeh ora ana sing
kumawani nyedhaki gepok senggol karo sing
jenenge Kintaro iki.
Kawruhana yen Kintaro iki satemene dudu jalma
manungsa lumrah amarga asale mecethet saka
woh-wohan aran peach. Kabeh samubarang sing
mecethet kuwi lumrahe mesti mleseti. Slippery
when wet. Mulane Ronggowarsito daden-daden
pesen sing tansah ngati-ati maca harian Waspada.
Kintaro iki wateke kasar, bisane dadi apik
lan alus sawise diwedangi terus dibubuti,
lho kepleset tenan ta ... maksudku sing dibubut
kayune, lha wong bonekane pancen digawe saka
kayu kok.
Saben sasi Mei tanggale lali, awake dipamer-pamerna
ing Festival Tanggono Sekku, kuwi lho festivale
wong lanang-lanang thok (aja duwe panganggep
sing ora-ora lho!).
Nuwun sewu Mbah Soel, dak kira
panjenengan
luwih cocok nganggo tetenger
Jidaifuzoku
Ningyo ...ning yo ngono kuwi
kudu dibancaki
bubur sengkala dhisik ben ilang
kabeh sengkalane
awak.
Lha yen Mas Suryo wis genah cocok nyandhang
nganggo jeneng Hakata utawa Gosho Ningyo.
Ningyo ngono kuwi ... nganti saiki bocahe
isih uthek nggoleki "kasampurananing
lan sejatining" font Hanacaraka, katanya
dia lho, saya 'kan cuma ngopi tempel aja.
Yen ora ana sing ngrewangi jarene Datasawalane
arepe dipasrahna menyang pihak yang berwajib.
Aku dhewe arep melu cawe-cawe wedi mengko
diuneke jarene ora pareng ndhisiki kersane
Gusti. Lho 'kan repot sarwa-sarwi ewuh pakewuh
dadine embuh wis samene bae dhisik guyonane,
lumayan kena kanggo tamba ilat gatel.
mastoni.com
|