                
|
|
www.mastoni.com
SERAT JAKALODHANG
R. Ng. Ronggawarsita

RONGgeh jleg tumiBA
GAgaran santoSA
WARtane meh teKA
SIkara karoDA
TAtage tan kaTON
BArang-barang ngeRONG
SAguh tanpa raGA
KAtali kawaWAR
Dadal amekaSI
TONda murang taTA.
RONGGAWARSITA BASA KADATON
BASA KADATON RONGGAWARSITA
|
Gambuh
Jaka Lodhang gumandhul
Praptaning pang ngethengkreng sru muwus
Eling-eling pasthi karsaning Hyang
Widhi
Gunung mendhak jurang mbrenjul
Ingusir praja prang kasor
Nanging awya kaliru
Sumuruba kandha kang tinamtu
Nadyan mendak-mendaking gunung wus
pasti
Maksih katon tabetipun
Beda lawan jurang gesong
Nadyan bisa mbarenjul
Tanpa tawing enggal jugrugipun
Kalakone karsaning Hyang wus pinasti
Yen ngidak sangkalaningpun
Sirna tata estining wong
Sinom
Sasedyane tanpa dadya
Sacipta-cipta tan polih
Kang reraton-raton rantas
Mrih luhur asor pinanggih
Bebendu gung nekani
Kongas ing kanistananipun
Wong agung nis gungira
Sudireng wirang jrih lalis
Ingkang cilik tan tolih ring cilikara
Wong alim-alim pulasan
Njaba putih njero kuning
Ngulama mangsah maksiat
Madat madon minum main
Kaji-kaji ambanting
Dulban kethu putih mamprung
Wadon nir wadonira
Prabaweng salaka rukmi
Kabeh-kabeh mung marono tingalira
Para sudagar ingarya
Jroning jaman keneng sarik
Marmaning saisiningrat
Sangsarane saya mencit
Nir sad estining urip
Iku ta sengkalanipun
Pantoging nandhang sudra
Yen wus tobat tanpa mosik
Sru nalangsa narima ngandel ing suksma
Megatruh
Mbok parawan sangga wang duhkiteng
kalbu
Jaka Lodhang nabda malih
Nanging ana marmanipun
Ing weca kang wus pinesthi
Estinen murih kelakon
Sangkalaning maksih nunggal jamanipun
Neng sajroning madya akir
Wiku Sapta Ngesthi Ratu
Adil parimarmeng dasih
Ing kono kersaning Manon
Tinemu wong ngantuk anemu kethuk
Malenuk samargi-margi
Marmane bungah kang nemu
Marga jroning kethuk isi
Kencana sasotya abyor
back to the top
 |