
Mamanise minangka pepeling,
Tanpa guna mikir kono kana,
Jer kono kana neng kene,
Biyen saiki besuk,
Pan winengku aneng saiki,
Nanging kudu waspadha,
Ing panglarasipun,
Jer iku gawat kaliwat,
Yen kleru temah sasar jroning ati,
Yekti antuk duduka.

Panglarase mung kalawan ening,
Eninga jatining kahanan,
Kahanan iku yektine,
Jati-jatining idhup,
Anguripi sagung dumadi,
Dadine saking ora,
Ora tegesipun,
Si ora mengku kahanan,
Kahanane warna rupa datan tebih,
Nyata wus kasarira.

Pratandhane kang wus nyata yekti,
Tindhak-tandhuk akanthi prasaja,
Kawistara lulungide,
Mamrih harjaning kayun,
Tan kayungyun anggungggung dhiri,
Mung weh yteming sasama,
Nyata nora ungkul,
Wit wus pana nora samar,
Ya ing kono sinebut manungsa jati,
Wikan ing sangkan paran.
Makaten wedharaning welingan ingkang sinawung
ing Sekar Dhandhanggula. Sanadyan namung
cekakan nanging sakalangkung mentes, aos
lan miraos. Wondene sarinipun inggih punika
mengku penget, bilih manawi badhe njangka
sagedipun ngretosi utawi hanyumerebi gaibing
kawontenan, gaibing gesang inggih gaibing
Pangeran, sejatosipun boten prelu mikir,
nggambaraken, tuwin madosi dhateng pundi-pundi,
nanging saestunipun saged kaudi kaliyan ngolah
tuwin lumantar sarira pribadi, jalaran sadaya
wau sampun kasarira, sampun nunggil kahanan,
namung kemawon teksih kaling kalingan ing
wates antawisipun alam alus kaliyan badhan
kuwadhagan.
Manawi pangudinipun yeyektosan sarta katarimah,
ing riku badhe saged mbikak warananing alam
kekalih wau, temahan saged ngretos kawontenan
sajatosing Gesang ingkang mbabar anglimputi
sakalir, inggih ingkang asipat langgeng.
Manawi dipun manah kaliyan tandhesing raos,
gesanging para manungsa wonten ndonya samangke
punika sejatosipun ugi sampun wonten salebeting
kukubanipun alam kalanggengan. Jalaran langgeng
makaten wekdal ingkang tanpa kawitan tanpa
pungkasan. Nanging raos pangraosipun manungsa
punika piyambak ingkang misah. Limrahipun
rumaos sami gesang wonten sajawining wekdal
tuwin alam kelanggengan.
Mila ing welingan nginggil wau nyebataken:
Tanpa guna mikir kono kana, jer
kono kana
neng kene. Biyen saiki mbesuk
winengku aneng
saiki.
Wawasan makaten wau pancen boten siwah kaliyan
nyatanipun. Wondene welingan ingkang pantes
tansah kita tuladhani inggih punika:
Tan kayungyun anggunggung dhiri.
Mung weh ayeming sasama.
Pancen kasinggihan sanget. Manawi tansaya
wewah kathah tiyang ingkang tansah seneng
damel senenging manahipun tiyang sanes, mbokmanawi
kemawon boten dangu kawontenaning baita Nuswantara
lan jagad dados tentrem, tata tur raharja.
Kula ndherek ngajeng ajeng, mugi welingan
wau sageda mbabaraken kawontenan ingkang
sampun kagambaraken punika.
Kosokwangsulipun, manawi ing donya saya kirang
cacahing tiyang ingkang tansah ngedekaken
sarira, salajengipun temtu namung badhe mikantukaken
badhanipun piyambak kemawon. Manawi makaten
kawontenanipun:
Jam gumandhul keprungu nggegirisi.
Dada muntab lir kinetab kumedut
padoning
lathi.
Kamanungsan lebur tanpa aran.
Kristal tirtaning samodra (sarem), mugi-mugi
wuwuhan katrangan punika saged damel marem.
Nuwun.
|