 
 
 
 

 
 
  
|
|

www.mastoni.com

RAMALAN JAYABAYA
Badan Penerbit Kwa Giok Djing, Kudus,
Sapta Pujangga dan Sejarah Indonesia,
hal.
55-68
Rawa dadi pada dadi bera
Iblis jalma manungsa
Iblis menjelis
manungsa sara
Wong salah bungah-bungah
Wong bener thenger-thenger.
|
Miturut ramalan saka Prabu Noto Aji Joyoboyo,
yen wiwit Tanah Jawa diisi manungsa kaping
pindone sahingga besuk tekane Kiamat Kubra
(gantining Jaman), arep ngalami 2100 Taun
Surya utawa 2163 taun candra, kang kabagi
dadi telung periode jaman gedhe utawa diwastani
TRIKALI.
Periode Jaman gedhe mau siji-sijine
kabagi
meneh dadi Pitung Jaman Cilik utawa
kang
kasebut SAPTA MALOKO.
Trikali kabagi dadi telu yaiku :
- Kalisura (Jaman Alam Kaluhuran) suwene 700
Taun Surya.
- Kalijaga (Jaman Panguripan) suwene 700 Taun
Surya.
- Kalisengoro (Jaman Ngalam Tirta) suwene 700
Taun Surya
.Ing kene sing arep dibahas namung Kalisengoro,
sawijineng Trikali kang pungkasan.
Kalisengoro kabagi dadi Sapta Maloko,
yaiku
:
1. Kalajangga (Jaman Kembang Gadung)
2. Kalasekti (Jaman Kuasa)
3. Kalajaya (Jaman Hunggul)
4. Kalabendu (Jaman sengsara lan Angkaramurka)
5. Kalisuba (Jaman Kamulyan)
6. Kalisumbaga (Jaman Kasohor)
7. Kalisurata (Jaman Alus)
JAMAN KALABENDU
"...........Jaman Kalabendu dibukani
goro-goro bumi gonjang-ganjing, gunung
ketuk,
goro molak malik, udan salah mangsa,
kilat
thathit liliwera, bandang (banjir),
sumber-sumber
padha sat, udan awor lahar, kali-kali
pacethak,
lemah gingsir, kudhunge wong para duraka,
polahe kaya pari diinteri, pating biluhung
lali sanak kadhang, bapa biyung lali
anak,
anak pangling wong tuwane, Kalabendu
sabarang
kang tinemu tansah ora enak kepenak,
tetep
jaman sikara, tukar padu cecongkrahan
lan
sadulure, padha rebut benere dhewe.
Wekasan goro-goro lamun Gunung Gni
Merapi
Krodha metu lahare, ditimbang gunung-gunung
liyane, Oreging Gunung Slamet, Semeru,
Brama,
Kelud lan Gunung Kendheng, ing kono
watesing
jaman Kalabendu, entak-entakane Herucakra
Hasmarakingkin, semune andamarwulan,
Tanah
jawa ambane kari saiyubing payung,
sabab
Bumine mingkup.
Kiyamat Kubra tansah arep numpes Tanah
Jawa
(Nuswantara /Indonesia) saisine, senajan
sing diemaong narima, nanging sing
momong
ora narima, lan kudu arep ngentas saka
Naraka
Dunya kang sinandhang dening Herucakra
Katelu
pisan.
Mula banjur tekane babantu saka Nusa
Tembini,
kukulitane jenar (putih) dedeg jebol
kepalang
(Bangsa Jepang ?), iku bakal ngoboki
Tanah
Jawa (Indonesia), pangrehe mung saumure
jagung
suwene (3,5 wulan ?) nuli ditinggal
mulih
ing negarane dhewe ing Nusa Tembini.
Tanah Jawa (Indonesia) bali asale mring
bangsane
dhewe, naging sarana babanten (peperangan).
Tekan ing kono wis entek jangkaningsun,
sajroning
2100 taun lawase, kaliwat saka semono
dudu
bageaningsun, ing tembe ana dhewe kang
duwe
bagean kaya ingsun iki.
Tutupe jangka lan ingsun aweh wasita:
Tebu
sahuyun, ana wedhon (wanita) saka Lor
Kulon
(Barat Laut), akemul mori putih, ateken
tebu
wulung, wis batangen dhewe wasitaningsun.
"
Ing jaman iki Tanah Jawa ana sak ngisore
lambang utawa semboyan Ratu Hartawati,
sasuwene
jumeneng nata ing kaprajan kira-kira
33 taun
candra utawa kasebut jaman drajad ratu.
Ratu
utawa Raja sing mikirke mung dhuwit
lan Mas
inten rajabrana wae. Akeh wong ing
jaman
iki lali karo prikamanungsan, peri
kasusilan.
Sing digoleki mung dhuwit lan sak kabeh-kabehi
diukur nganggo dhuwit. Sipate ing jaman
iki
rakus, serakah lan agah-agah. Imane
gampang
luluh lan limbung. Akeh wong sing sak
wektu-wektu
gampang panas amarga saka angkara murkane
panguasa.
Ananging sajroning jaman iki bakal
ana muncule
Ratu Kembar , Hiku lire sesuguhe si
Hajar
marang ingsun (mangsa iku suguhane
Pangageng
kalawan rakyat cilik), yaiku arupi
KEMBANG
SERUNI, paribasane saka SERU lan WANI.
Sapa
sing wani ngendika lan pidato nganggo
1001
werna alasan sing muluk-muluk bakal
oleh
pengaruh gedhe.
Kampanye ngedol ngelmu, mung ngaku-aku
atas
nama Rakyat, njabane putih nanging
njerone
dadu. Ngakune suci, nanging sucine
palsu.
akeh bujuk akeh lojo. Mbok menawa wektu
semana
wis dadi kodrat ananing wolak-waliking
jaman
ing kalabendu. Tindake menungsa saya
kuciwa.
Banjur asring ana Grahana Srengenge,
Grahana
Bulan, Celeret (petir gedhe).
Ing pungkasan Kalabendu wiwitane Kalasuba
utawa jaman kamulyan, tandane ana Ratu
karo
Ratu pasulayan lan anane paperangan
gedhe
utawa ontran-ontran. Ing wiwitan Kalasuba
akeh wong wis lega atine, Ratune sing
nyekel
kaprajan yaiku: Ratu Ginaib Ratu (Presiden)
sing ngutamake ketuhanan, prikamanungsan
lan keadilan.
Raja kang kasebut uga Raja Hamisan,
linuwih
nama miskin, yaiku sing ora ngutamakake
kamulyan
lan kasugihan utawi kementerengan lair.
Muncule
Ratu iku ora nganggo syarat-syarat
apa-apa.
Tentrem, aman lan padang awit sing
diutamaake
mung tata tertib, keamanan lan katentreman
Negara. Saka istanane ora ana keramaian
lan
kamulyan kanggo nyambut tekane. Tandha
tekane
yaiku yen kahanan wis pulih."Becik
ketitik
ala ketara" ora mung ning pitutur
nanging
wis dadi tumindake.
Sukma Kinaryo Buwono sing tegese keadilan
lan kebijaksanaan wis tumimbal lair
lan jengkar
dadi Ratu Penandio. Mangkono kanggo
penget
maring para kita manungsa, dene ingkang
pinasti
iyo iku namung gadhahane Gusti Allah
Ingkang
Murbeng Dumadi.
back to the top
 |