(gamelan)
Gerongan:
Sowanira, kakang patih,
Muwah sagung narapraja,
Apa tan ana bedane?
Aturna ingkang trawaca!
Dalem munjuk, Sri Narendra,
Narapraja sowan ngarsu,
Sembah bekti, tan lowonga.
SULTAN: Ingsun tampa sira ngunjukake sembah
pangabekti. Ora luwih puja pangestuningsun
sira tampani, kakang.
PATIH: Sanget dalem pundi, Sinuwun.
SULTAN: Semono uga Ni Mbok Ratu, padha becik
marakira ana ngarsaningsun kene?
MBOK RATU: Pangestu dalem. Nyaosaken sembah
pangabekti, Sinuwun.
SULTAN: Iya.
Nini Ratu Kembet, endi kadang-kandangira,
ora ndherek
pisowanan ana ngarsaningsun kene?
NINI RATU KEMBET: Nyuwun pangapunten dalem
rama..
SULTAN: Iya?
NINI RATU KEMBET: ....bilih pisowanan dinten
punika sesarengan kaliyan sinau. Ibu sampun
marengaken bilih sadaya para kadang mboten
ndherek pisowanan, rama.
SULTAN: Ingsun mangayu bagya dene para kadangira
nengenake nggoning padha sinau. Ni Mbok Ratu,
aja nganti putraningsun ing kono manut grubyug
kang ora becik kadadehane. Dene bab ananing
pisowanan iki ora liya kuwajibane para narapraja,
Ni Mbok Ratu.
MBOK RATU: Nuwun. Nalika semanten ingkang
putra nyuwun priksa....
SULTAN: Iya?
MBOK RATU: ..."Kula punika ndherek pisowanan
punapa sinau, ibu?" lajeng kula ngendikani:
"Iya yen pancen ora bebarengan sinau,
becike kowe ndherek sowan, awit kowe putraning
ratu, kudu mangerti tata-caraning olah kaprajan.
Nanging rehning kowe kabeh isih sinau, lan
bebarengan, mula kowe ya kudu ngestokake
anggonmu sinau, ya ngger."
SULTAN: Lan sira, Ni Ratu Kembet, ora melu
sinau? Keneng apa ndherek pisowanan?
MBOK RATU: O, mila manawi ingkang putra satunggal
punika pancen angel, Sinuwun.
SULTAN: Heh, heh, heh! Hmmmm!
MBOK RATU: Adalem kepengin sumerab punapa
wonten prajurit utawi narapraja ingkang enggal,
rama. Kula mireng manawi rama dhawuh ngupadi
prajurit-prajurit ingkang peng-pengan, rama.
SULTAN: Iya, nini Ratu, ingsun meh kesupen.
Kakang patih.....Arya Kesangsang
Udele!
PATIH: Kula.
SULTAN: Pisowanan kang kepungkur sira ingsun
dhawuhi. Apa wus sira tindhakake, kakang
Patih?
PATIH: Munjuk ngarsa dalem, Sinuwun...
SULTAN: Iya?
PATIH: ....para naraparja manggalaning prajurit
tansah ngupadi prajurit minangka ngleksanani
pamundhutipun ingkang Sinuwun, nanging ngantos
mbludhag ing alun-alun kapeksa dereng wonten
ingkang nyocogi penggalihipun ingkang Sinuwun.
SULTAN: Ingsun ora ngersakake bab cacahing
prajurit. Kang wigati ora liya kawegigane
lan kasektene, kakang Patih.
PATIH: Lho....weh....di! Saiki bupati kang
...kapatah nganakake pacoben, coba matura
neng ngarsane ingkang Sinuwun!
BUPATI: Sendika, rekyana Patih. Sembah sungkem
kula konjuk ngersa-dalem, Sinuwun.
SULTAN: Iya.
BUPATI: Abdidalem, kula, bupati ingkang kapatah
ngawontenaken pacoben, ngaturaken pelaporan
bilih nem-neman ingkang ketingal prigel olah
dedamel, punapa malih sekti, Sinuwun.
SULTAN: Tetela. Apa sira arep nyebar para
narapraja medune marang Tamtama supaya antuk
nom-noman kang pinunjul?
TUMENGGUNG: Ingkang abdi dereng nampi dhawuh,
mila inggih namung ngawontenaken pacoben
wonten kagungan dalem alun-alun, gusti.
SULTAN: Kakang Patih, kaya wus ingsun dhawuhake
nalika pisowanan kang kapungkur, supaya kahanan
ing JAWA@ enggala wuwuh prajurite, kakang
Patih.
PATIH: Nyadhong deduka, ingkeng Sinuwun....
SULTAN: Iya.
PATIH: Bab ngupadi nem-neman ingkang linangkung
punika, badhe kula tindhakaken. Mbokbilih
ing mangke mboten wonten nem-neman ingkang
pinunjul wonten ing pacoben punika, Sinuwun.
SULTAN: Yen mengkono mesti kesuwen, kakang
Patih, lan tangeh lamun, menawa ana salah
sawijining nom-noman kang sekti njur mamerake,
ngumukake, yen ora salah sawijining narapraja
medune Tamtama gelem nekani ana papan padunungane,
kakang.
PATIH: Manawi makaten, sapunika badhe kula
dhawuhaken amrih nyebar narapraja ngupadi
nem-neman ingkang linangkung, Sinuwun.
SULTAN: Makaten. Hei, bupati! Tumenggung!
BUPATI: Kula!
TUMENGGUNG: Kula!
PATIH: Saiki disebar, nitipriksa ing padesan
utawa ngendi bae wilayah praja JAWA@, perlu
ngupadi nom-noman kang pinunjul.
BUPATI: Sendika, rekyana Patih. Bupati Njomplang
badhe nindhakake dhawuh.
TUMENGGUNG: Semanten ugi kula, Tumenggung
Nyudasusur, badhe nindhakake dhawuh dalem,
rekyana Patih.
SULTAN: Iya. Coba, kakang Patih, sakjengkar
ingsun, ingsun parengake mbubarke pisowanan
iki, kakang Patih.
PATIH: Mangestokaken dhawuh dalem.
Ayo, ca budhalan, ca!
(gamelan/sindhenan)
Turis sakloron sing wiwit mau
padha menthelengi
layar monitor padha ngguyu mesam-mesem
sakwise
mangerteni pirembugan ing sajroning
pisowanan
mau. Saperlu ngupadi nom-noman
kang pinunjul?
Hemmmhhh ...!
TURIS I: I've got myself a message about
the deleterious effects of pseudo-Javanese
(feudal) culture from one of the Kethoprak
shows I've ever seen. Very taboo. Sod 'em!
TURIS II: I wish you would employ some of
the vivacious wit and character in your unggah-ungguh
when you go sowan ing ngarsa paduka Sinuwun
Prabu. I mean this as a complement. You have
such a free and colourful use of language.
Sorry, I am too ceplas-ceplos, aren't I?
Dhasar urakan murang tata! I knew you were
going to say that. Elo emang kurang asem.
TURIS I: But isn't that part of the reason
Javanese art is fading? The young people,
if they have any sense and look at the ruins
of the civilization around them, must know
that their feudal masters are selling their
own precious young asses to Nike and Adidas--they
get pennies, the masters get millions, they
get carcinogenic fumes, the masters get Capri
sea breezes--so they begin to hate the sendika
dhawuh culture. Is it not somewhat so?
TURIS II: Yes, it is so. It is understandable
that the sendika dhawuh would sell precious
young asses. People always sell their finest
assets. Is it not somewhat so? Cuando era
niƱo, vivia en Hava and many of the people
around me had nothing to sell, that was their
only commodity.
|