
![]() SERAT KRIDHASASTRA Kadarpeng tyas mastutyeng mamanis, Kumamawa angiket lukita, Nulat pra sang ngamurweng reh, Tan toleh bekeng kalbu, Dera dahat ina ing kalbu, Marmanta manrang karya, Gita nguntir kayun, Mung kayungyun wirayatnya, Ri sang dwija jatining kang wasitadi, Dinenta ya wyanjana. SERAT JAYENGBAYA R. Ng. Ronggowarsito Yayah nglamong tanpa mangsa, Hingan silarja jatine, Satata samaptaptinya, Raket rakiting ruksa, Tahan tumaneming siku, Karasuk sakeh kasrakat. Kaenakaning ngaurip, Nora kaya blantik jaran, Bisa tegar esuk sore, Durung untung wis kepenak, Lamun ana bendara, Anon jaran kempitanku, Wangu rada karenan. Utawa dina sawiji, Lurahku lagi pasihan, Aku menyang dhadhah dhedhe, Dhidhis ndhepes ndhas tumampang, Panguling uwod wangan, Nganti turu nora weruh, Pinenthung kyai jarangas. ![]() SERAT PANJI JAYENG TILEM Rarasing tyas sanityasa tistis, Denta mardi mardawaning basa, Ngayawara puwarane, Bela-bela ing kalbu, Inokara tan wrin ing westhi, Rongkob gatining gita, Ganita nir antuk, Wartaning kang parotama, Sinawung ing nirmala turanggajati, Talitining carita. ![]() SERAT WITARADYA Raden Ngabehi Ronggowarsito Rarasing kang sekar sarkara mrih, Denaksama dening sang sadyarsa, Ngawikani wengkuning reh, Beraweng para Ratu. Ilanga kang sesangker sarik Rongas westhining angga Gagating tyas antuk Wartaning kang parotama Sinung tengran sembah trus sukaning budi Tataning kang carita. Menawi wanda-wanda kawitan dipun tata mucal "Raden Ngabehi Ronggawarsita", inggih menika asmanipun ingkang ngripta Serat Witaradya. Asma ingkang sinandhi wonten sajroning tembang dipun wastani SANDI ASMA, ingkang ateges jeneng sinamar. SERAT PRANACITRA Raras ruming sarkaranirasis Den kapeksa mangapus pustaka Atbuteng tyas tan wrin ing reh Mamrih amardi kayun Dinuk ing don nirdeya ugi Kadayan darpa limpad Rasikaning kidung Sumengka ngangka pujangga Rarasing ukara kang pinarsudi Karya wedharing kata SERAT MENAK (Piwulang dhateng lare estri) Asmarandana Pratikele wong akrami Dudu brana dudu warna Amung ati pawitane Luput pisan kena pisan Yen gampang luwih gampang Yen angel angel kelangkung Tan kena tinimbak artha. Tan kena tinambak warni Ugere wong ing akrama Amung eling dandanane Eling kawiseseng priya Tan kena asembrana Kurang titi kurang emut Yeku luput ngambra-ambra. SERAT CEMPORET Songsong gora candraning hartati, Lir winidyan sarosing parasdya, Ringa-ringa pangriptane, Tan darbe labdeng kawruh, Angranuhi wenganing budi, Kang mirong ruhareng tyas, Jaga angkara nung, Minta luwaring duhkita, Hawya kongsi kewran lukiteng kinteki, Kang kata ginupita. Nahan mangkya mukyaning kekawin, Wasitadi dadya sudarsana, Salaksananing barang reh, Rumuruh kang rahayu, Mangka pemut limuting budi, Dumadi tan sangsaya, Wahyeng wuryaningipun, Kang pustaka raja wedha, Winardya ring tepa palupining nguni, Prajeng Purwacarita. |
|
BACK TO INDEX |