Amratelakaken lampah pangluluhaning
raga
supados yen kita pejah, badan
kita wadhag
saged nunggil kaliyan badan kita
ingkang
alus, kasebut badan rohani utawi
badan suksma.
Menggah janjinipun, badhan wadhag
lan alus
punika boten kenging pisah, sangkan
paranipun
anunggil kahanan jati.
Ing tembe badahn wadag punika
luluh sampurna
wonten salebeting badan alus,
kalimputan
dening kayu dhahim, tegesipun:
gesang kang
tetep dumunung ing kahanan kita
pribadi,
mila dipun pralambangi Warangka
Manjing Curiga
(badan wadhag dumunung salebeting
badhan
alus). Nalika badhan wadhag taksih
dados
embananing badan alus, pralambangipun
Curiga
Manjing Warangka (badan alus
teksih dumunung
wonten badan wadag). Mila lajeng
wonten andhah-andhahing
babasan makaten:
- Jasad embaning budi.
- Budi embaning nafsu.
- Nafsu embaning karsa
- Karsa embaning suksma.
- Suksma embaning rasa.
- Rasa embaning cipta
- Cipta embaning kawasa.
- Kawasa embaning wisesa.
Wondene pangluluhaning badan
wadhag wau kalampahanipun
kedah ameper saliring hawa nafsu
sarta anglampahana
budi: rila, legawa, trima, temen
bener, susila
lan utami. Punapa dene tansah
anyipta ajal
antukna makaten:
- Jasad bumi alam kabeh sumusupa marang badan.
- Badan sumusupa marang budi.
- Nafsu sumusupa marang nyawa.
- Nyawa sumusupa marang rasa.
- Rasa sumusupa marang cahya.
- Cahya sumusupa marang atma.
- Atma sumusupa marang ingsun.
- Ingsun jumeneng pribadi.
Kajawi punika kedah nyegah lampah
pitung
prakawis, kados ta:
- Sampun caroba, nanging kedah taberi sesuci.
- Sampun anguja dhahar, nanging dhahara yen
sampun luwe.
- Sampun angembong unjukan, nanging ngunjuka
manawi sampun ngelak.
- Sampun karem nendra, nanging tilema manawi
sampun arip.
- Sampun receh ing wicara, nanging ngendika'a
janji angen wahyaning mangsakala.
- Sampun anguja karesmen, nanging sanggama'a
manawi sampun kangen sanget.
- Sampun tansah ambibingah penggalih, sanayan
kasukan inggih angger boten tilar ing dugi
prayogi, muhung angladosi angarah suka pinarenganing
para mitra.
Makaten ugi ing ngagesang sampun
ngantos
kasandhangan pangrencana wolung
prakawis:
- Angumbar hawa nafsu.
- Anguja suka-suka.
- Dora paracidra tindak panganiaya.
- Ulah resah.
- Lampah nistha.
- Tingkah deksura.
- Kesed sungkanan sabarang karya.
- Lumuh nastapa pujabrata.
Mila makaten margi kalakuaning
ngagesang
punika kados kumandhang upaminipun,
punapa
pandamel ingkang katandukaken
ing liyan sayekti
badhe tumempuh dhateng badanipun
piyambak.
Sayoginipun tiyang gesang kedah
anglampahana
tapa brata kados ing ngandhap
punika:
Tapaning badan: kedah anoraga
lan taberi
ulah pandamel sae.
- Tapaning manah: narima lan sepen pangangsa-angsa
gunging pakarti durhaka.
- Tapaning nafsu: rila lan sabar ing coba bilahi
sarta ngapuntenana kalepataning liyan.
- Tapaning suksma: temen lan boten dhaweh panasten.
- Tapaning rasa: rereh sabaring karsa miwah
agung ing panalangsa.
- Tapaning cahya: eneng-ening tegesipun eneng
santosaning pangesti, ening pelenging paningal.
Tapaning gesang: awas sarta emut.
Utaminipun anglampahana saungeling
babasan
kados ing ngandhap punika:
- Katimbang turu, becik tangi.
- Katimbang tangi, becik melek.
- Katimbang melek, becik lungguh.
- Katimbang lungguh, becik ngadeg.
- Katimbang ngadeg, becik lumaku.
Wondene prayoginipun sadaya lampah
punika
den saged anyamun, sampun ngantos
kawistara,
sarta tansah prayitna ing gesangipun,
sarana
amatrapna makaten:
- Solahbawa den angkah-angkah.
- Wedaling wicara den irih-irih.
- Pasanging ulat den amanis
Inggih makaten punika sajatining
tata krami,
dene sampurnaning lampah wau,
empanipun animbanga
ing empan papan, patrapipun sampun
tilar
ing dugi prayogi. |