                
|
|
www.mastoni.com
KAUTAMANING LAKU

|
1. Wong eling ing ngelmu sarak dalil
sinung
kamurahaning Pangeran.
2. Wong amrih rahayuning sesaminira,
sinung
ayating Pangeran.
3. Angrawuhana ngelmu gaib, nanging
aja tingal
ngelmu sarak, iku paraboting urip kang
utama.
4. Aja kurang pamariksanira lan den
agung
pangapunira.
5. Agawe kabecikan marang sesaminira
tumitah,
agawea sukaning manahe sesamaning jalma.
6. Aja duwe rumangsa bener sarta becik,
rumangsa
ala sarta luput, den agung, panalangsanira
ing Pangeran Kang Maha Mulya, lamun
sira
ngrasa bener lawan becik, ginantungan
bebenduning
Pangeran.
7. Angenakena sarira, angayem-ayema
nalarira,
aja anggrangsang samubarang kang sinedya,
den prayitna barang karya.
8. Elinga marang Kang Murbeng Jagad,
aja
pegat rina lan wengi.
9. Atapaa geniara, tegese den teguh
yen krungu
ujar ala.
10. Atapaa banyuara, tegese ngeli,
basa ngeli
iku nurut saujaring liyan, datan nyulayani.
11. Tapa ngluwat, tegese mendhem atine
aja
ngatonake kabecikane dhewe.
12. Aprang Sabilillah, tegese prang
sabil
iku, sajroning jajanira priyangga ana
prang
Bratayudha, prang ati ala lan ati becik
samangsa
bisa nyegah sabarang cipta ala, menang
prang
Sabil
back to the top
 |