Lampah Limang Prakawis miturut kabudhayan
Jawi wiji saking Kyai Agêng Pêngging ingkang
kapêncarakên dening Seh Siti Jênar, inggih
punika:
- Sêtya amituhu utawi têmên lan jujur.
- Santosa, adil paramarta, tanggêljawab botên
lèwérwéh.
- Lêrês ing samubarang damêl, sabar wêlas asih
ing sasami, botên ngunggul-unggulakên dhirinipun,
têbih saking watak panganiaya.
- Pintêr saliring kawêruh, langkung-langkung
pintêr ngécani manahing sasami-sami, punapa
dènè angêreh kamurkaning manah pribadi, botên
anguthuh mêlik anggéndhong lali, margi saking
dhayaning mas picis raja brana.
- Susila anoraga, tansah ngênggéni tata krami,
mawéh rêrêseping paningal tuwin sêngsêming
pamiharsa, dhatêng ingkang sami kataman.
Mustikaning kawêruh tuwin luhur-luhuring
kamanungsan kuwasa anindhakakên lampah limang
prakawis kados kawursita ing nginggil punika.
Têmah kita manggén ing sasaning katêntrêman,
dene wontêning katêntrêman punika mahanani
harja kréta lan kamardhikan kita sami. Yen
botên makatên, ngantos sabujading jagad,
kita badhe nandhang papa cintraka, kagilês
dening rodha jantraning jagad margi kacidraning
manah kita pribadi.
Hewandene Pêpingin Nêm Prakawis
punika inggih
ingkang among utawi mituruti
karsa, wêwêjanganipun
kados ing ngandhap punika:
- Paningal (Sang Prêtiwidnya), amjurungi karsa
ningali wawarnén ingkang sarwa édi péni.
- Pangganda (Sang Sutasoma), mituruti karsa
angambêt gagandan ingkang amrikarum angambar-ambar.
- Pamiyarsa (Sang Srutakirti), among karsa
niling-nilingakên pamirênging swara ingkang
sakéca angrangin angayut-ayut, langkung-langkung
pangrintihing swara salêbêting pulang asmara.
- Pangraosing ilat inggih pangênyam (Sang Satanika),
angumbar karsa raosing sawarnanipun dhadhaharan
tuwin unjuk-unjukan ingkang sarwa miraos.
- Pangraosing anggota (Sang Srutakrama), anguja
karsa sakécaning sarira (kêséd sungkan sasaminipun),
langkung malih pangujaning raos kanikmataning
asmara.
- Wicara (Sang Gatutkaca), anjurungi karsa
wêdaling swara sêreng kadosta; nêpsu, muring-
muring, srêngên, lsp. Dene wêdaling swara
ingkang manis arum anujuprana, namung yén
kapanujon amawa pamrih, atêges wicara ingkang
lamisan. Inggih wêdaling pamicara ingkang
manis arum kadi madu pinastika, punika mêsi
darubêsi sakalangkung mandi, sintên ingkang
kirang waspada, bilai ingkang pinanggih.
|