Lung Tinampen

Para sutresna PJ tamtu sampun pirsa, bilih amahyakaken satunggaling pamanggih punika saged dipun wujudaken sarana ngaku, ngantebaken, saged ugi wujud selak utawi ngorakaken. Dados saged yes or no.

Sanadyan pikir namung saged ngejawantah ing tetembungan, nanging tetembungan punika sanes pirantos ingkang saged kangge sapurun-purunipun mikir.

Punika amargi sajawinipun nalar, tetembungan ingkang runtut dados ukara, ukara dados basa, punika anggadhahi maksud ingkang benten-benten gumantung kabetahanipun tiyang ingkang gineman.

Wonten pamilihing basa ingkang mligi kangge pirantos pikir ingkang cundhuk kaliyan nalar, nanging wonten ugi pamilihing basa ingkang tumuju dhateng kaendahan.

Upaminipun:
(1) Mastoni punika bodho.
(2) Mastoni punika boten pinter.

Miturut nalar, kalih-kalihipun tegesipun sami: bodho punika sami kaliyan boten pinter, sami cublukipun. Nanging miturut raos pangraos, katerangan kalih warni wau sejatosipun boten sami.

Tuladha sanesipun, inggih punika tetembungan ingkang asring pinanggih ing kasusastran kadosta: rai gedheg, ketiban telek baya, ora tau mangan sekolahan, lsp.

Manawi dipun nalar, kaendahanipun tembung-tembung wau lajeng ical amargi tetembungan wau nilar waton-waton nalar, nanging malah kapara dados saenipun. Ora tau mangan sekolahan punika punapa pinanggih ing nalar? (lha wong sekolahan kok dipangan), nanging tiyang ngertos dhateng maksudipun awit ingkang saweg dipun ginakaken sanes nalar.

Dados sauger sesulih purusa kapisan [sinten ingkang gineman] lan sesulih purusa kapindho [sinten ingkang tumanggap wawan ginem] punika saged ngertos-ingertosan sinten utawi punapa ingkang dipunginem, kados pundi swasananipun, saged linton-lintonan pamanggih, saged mbedakaken pundi ingkang cocog lan pundi ingkang mleset, bab trep mbadhalipun pamilihing tembung saking paugeraning basa, cetha gesehipun dhapukaning ukara, runtut mengslenipun pangiketing basa, leresipun ejaan saha pakecapan, kula namung nyumanggakaken ingkang gineman.

Menggah pangrawiting parama sastra lan basa kula ingkang sarwa-sarwi grothal-grathul, kirang pratitis, lsp., punapa dene ingkang kalingga murda [dialembana], kula namung nyumanggakaken para ingkang kersa hangemutaken.

Saking pamanggih kula, ingkang langkung wigatos kalenggahaning basa punika kedah saged kangge lung tinampen pangertosan utawi tumanduk tumanggap. Sigeg.

back to the top

bazzar music . www.vovowiki.com