                 |
|

MEGATRUH,
HOWOS-HOWOS WOSE NGOWOS
Mas Dwi nyerat:
Lho .. malah lagi ngerti bilih mas Toni ugi
nampi konsultasi soal jodho ...... he ..
he ... he ...
Mastoni:
Pitaken kados makaten wau sampun asring sanget
tumuju dhumateng kula. Saben dinten wonten
kemawon ingkang nyuwun pirsa maneka warni,
wiwit bab ingkang ngrembag perkawis ingkang
"limrah" kadosta budhaya lan sastra
Jawi, ngantos biro jodhoh, lowongan pendamelan,
ngramal nasib, bumbu ndamel cabuk, dinten
ingkang sae lan panggenan ingkang sefi-sefi
kangge nyelamaken bapakne toha, lsp. Pun
tah pokoke lucu-lucu. Sayang anak-sayang
anak!
Mas Dwi:
Pripun kabare Surakarta Hadiningrat mas Toni
?!
Mastoni:
Sampun benten sanget manawi dipun bandhingaken
kaliyan saderengipun kula gantos nami Buroningrat.
Awit saking sampun dangunipun anggenipun
nepusi jaman, mila lembaraning kabudhayan
Jawi inggih dados bawera lan mawarni-warni,
kalebet manungsa lan bebrayanipun. Ing kitha
budhaya Solo mriki, teksih kathah ingkang
kersa mbudidhaya ngrembakaken sampun ngantos
singlar saking ancasing sedya nguri-uri kabudhayanipun
piyambak.
Kosokwangsulipun, para ingkang ndulit saperangan
kemawon sampun rumaos alergi inggih ageng
sanget gunggungipun. Ingkang tindhak-tandhukipun
sok andlarung nuruti hardhaning karep ngantos
kumawantun nerak wewaler ma-lima injih kathah
sanget.
Panjenengan sampun pirsa bilih
Megatruh punika
kepirengipun kemrutug howos-howos
wose ngowos
kados las-lasane beras ingkang
medal saking
mesin selepan. Lha mangga dipun
cobi sesarengan
sami nembangaken cakepan Megatruh:
Sapa weruh tembang Jawa bakal luluh,
Sastra Jawa angemasi,
Basa Jawa ajur mumur,
Ninggal putra-putra Jawi,
Kang wus tan kersa den emong ...
Kamangka kridhaning karep sayekti anglangut
tanpa tepi tebih saking pakeming urip sejati.
Banjur pakeming urip sejati punika punapa?
Embuh ora weruh, kula sanes manajer langit
lan bumi, saged kula pancen namung ngopi
tempel minus kredit candhak kulak. Sumangga
sami dipun padosi piyambak-piyambak sarana
ngudi lan marsudi pepadhanging urip ingkang
tinemu ing piwulang agami lan piwulang sanesipun
kados kaserat ing Dewa Ruci, Arjuna Sosrobahu,
Gatholoco, Centhini, Darmagandhul, lsp.
Owah gingsiripun kahanan ingkang kagerus
dening ing mangsakala ugi saged dipun pirsani
saking kathahipun bangunan enggal ngedhangkrang
gagah kados ingkang jinejer ing Jl. Slamet
Riyadi. Bangunan *tempo doeloe* kathah ingkang
ketingal tansaya tuwik lan loyo, kawungkus
rapet dening kenya setengah wuda cacahipun
tiga tawa kapsul *penambah energi dan vitalitas*.
Aku sing durung payu iki dadi rada blak-blak
ser ngono lho ah. Horotoyoh dhalang lekoh
maneh! Gek piye?
Lalulintas ing Surakarta tansaya semrawut
awit saking kathahipun jinising tetumpakan
maneka rupa wujud, corek sarta merekipun
ingkang tansaya damel ruweting sirah kula
ngantos mlampah kemawon awrat sanget, kedah
sangu pangati-ati, kuwanen lan kekendelan
langkung-langkung manawi nedya badhe nyabrang.
Wis ah, ngomonge mengko mundhak kedlarung-dlarung.
Mas Dwiyatno:
Mas Toni, matur nuwun seratanipun.
Inggih
kula namung nderek remen jumurung
parandene
seratan mas Toni sampun nyengkok
Solo ingkang
handadosaken kagok kegeling manah
dupi mrayitnani
bilih Basa Jawi kawula taksih
semrawut-karung
buntut. Mugi para pinisepuh ingkang
sampun
limpad trep ing basa, kasdu paring
pepeling
mbok mbilih atur kula wonten
kecer-cewetipun.
Seratan andika (biyuh ... ?!)
Sekar Megatruh
punika ngemutaken kula mas Karebet
numpak
gethek disurung bajul kawan ndasa.
Tiyang
punika apalan Megatruh kula wiwit
cilik alit
durung wanuh dhuwit. Megatruh
ing jaman punika
kok ya nggreges yen ditembangake.
Mastoni:
Hiii medeni ... lha kok akeh
banget ta ya
bajule nganti 40 cacahe. Kepriye
ta ya karepe
Mas Karebet kuwi, wurung berupacairan
...
eh kleru, berpacaran karo Nini
Ratu Mas Cempaka
banjur nekad milih disurung bajul,
malah
mutung ora gelem ketemu jalma
manungsa. Dhasar
Karebet anake Ki Kebo Kenanga
sing dipateni
kok ya Kebo-ndanu, padha kebone!
Saumpama
ketemu Mbah Soel mesti bakal
ditakoni, "Apa
bedane kebo ambek manungsa?"
Jawabane
takona wong Dhayak lan Medura.
Mas Dwi:
Liburan kala wingi kula inggih klintong-klintong
dumatheng Klewer-jokeng punapa. Rekake golek
kaset VCD Didi Kempot sing asli, nanging
karo bakule malah kon tuku sing palsu wae
.... wong asli karo palsu ora ana bedane.
Bareng tak dhedhes, pokoke kula pengin tumbas
sing asli, lha rak ngaku bilih bakule mboten
kagungan sing asli ....... wis ngono meksa,
neng ora gelem sing palsu ya wis kana 'kapracondang'
saka kene. We lha, lha wong arep tuku barang
sing sah miturut hukum, lha kok malah kaningaya
awak mami. Kepentog ing atur, palsu ya ben,
wong regane ya murah tur kualitase padha,
perkara negara rugi ..... ya dudu salah mami.
Pripun punika, wong arep tumindhak apik wae,
kok ya rekasa nemen.
Jan-jane sak margi-margi ya karo tolah-toleh
mbok manawa mrangguli priyantun bagus njatmikani-sing
lagi nunggu midodari-sinambi camilan srabi-
naminipun mbok manawi .... mas Toni (menika
sembranan lho mas Toni) . Well, no luck,
lha wong kutha sagedhene Solo-napa malih
sing jenenge Klewer niku wonge maewu-ewu,
kabeh gaweyane dol tinuku, gek ya sing didol
ki apa, sing dituku ki apa, seprana-seprene
kok ya ora entek-entek.
Wangsul dumatheng Serat Megatruh punika,
wadhuh bareng tak semak mak tratab kula mas
Toni. Apa ya tenan kabudayan jawa arep angemasi
?! Rikala sonten kala wau, ugi kapacak wonten
suaramerdeka.com, ngarsa dalem Sultan Hamengku
Buwono X ugi paring pangandika "Peradaban
Kita nyaris hilang", wah tambah nggrantes
jroning tyas. Gek aja-aja ora mung Jawa sing
angemasi, nanging ...Indonesia ?!
Kala wingi angsal forward tragedi
Sampit,
nuwun sewu, fotonipun priyantun
kakung-putri-anak-anak
ingkang dipun tigas jangganipun,
nuwun sewu
malih, mustakanipun di jejer
neng meja, gembung
gumlundhung, gek foto sak pirang-pirang
nyebar
neng internet ...... gumun kula,
apa ya pancen
dha wis sakit jiwa tha ya ?!
wong photo kaya
ngono, sing jelas-jelas bertentangan
karo
budhaya kamanungsan ngono kok
ya disebar-sebarna.
Gek ya paedahe apa ?! Mbuh piye
dadine negara
iki, suwe-suwe ora pemimpine-ora
rakyate,
padha-padha gendhenge.
Wonten tembang Durma punika "paman-paman,
apa wartane ing ndalan ?!, ing
ndalan akeh
pepati, dipun kaningaya, sinuduk
pedang ligan,
ing njaja terusing gigir, akari
raga, badhan
kari ngalinting", lho namung
menika
rak namung bedhekan thok ora
tenanan. Lha
Sampit punika real sing nggegirisi
.....
terus apa bedane uwong ambek
menungsa ?!
(Lho malah takon ?! mas Fuku,
nuwun sewu).
Mastoni:
Lintang-lintang sami surem sorotipun kadosdene
kenyaring sasangka rudatos angemu susah nora
uwis-uwis anggone kasangsaya urip ing Baita
Nuswantara.
Dhuh Gusti, ... kawula tumungkul
nangis luhdira
angguguk kados rinujit lebeting
manah kula
dhumawah ing papa hanyumerebi
kawontenan
punika.
Hyang sitaresmi ketaweng ing
imalaya nipis
rumamyang ketingal lumampah badhe
oncat saking
pepeteng.
Bumimu Bumiku Bumining tresna,
mbenjang punapa
saged winongwong ing Jawata?
Ing ngandhap punika wonten guritan seratanipun
Mas Tedja Kusumo, ungelipun makaten:
Yen ana wong Jawa takon, kandhakna
isih manggung
dadi lakon, seprene isih sinengguh
kaya klepon,
nadyan wingenane klakon munggah
meja kraton.
Yen ana wong Jawa ngantu-antu,
kandhakna
isih ngrangu tangine anak putu,
gumregah
nguri-uri budhaya warisan bumi
pertiwi, sing
tekan seprene isih ketrini.
Yen ana wong Jawa nalesih, kandhakna
isih
sinengguh ringkih, isih kendhih,
isih kesisih,
isih ketindhih teknologi canggih.
Pancen sprene isih beda ing kana
seje ing
kene, dak sranti nganti sore,
sinambi pepe
pencet durung antuk panggape,
mangka teka
lunga bule kusung-kusung ngrogoh
jejantung,
ngarah wewarah adi luhung, mangka
teka lunga,
rambut pirang kadharang-dharang
asoroh bandha,
mbandhani ubaling dhadha tresna.
Yen ana warta jumedhul, Ajisaka
nyedhaki
sakaratul, Ajisaka diadhang dalan
pepati,
takokna apa nglenggana wong Jawa
sing jawa?
Dhuh bumi pertiwi, saumpama Yamadipati
kapeksa
nimbali, ing kanane bakal dak
takokke, marang
sing lawas sumare, Purbacaraka
apadene Ranggawarsita,
aku iki anake sapa? yagene dibeda??
yagene???
yagene??? ??? ?????? "
|
back to the top
|