Kumaceluning manah prasasat nyidham rujak
cempaluk nalika kula nyobi ngrembag perkawis
mamalaning tyas [ati]. Ing ngandhap punika
keparenga kula nyaosi rembagan sepala, mbokmanawi
kenging kaangge wewahan panglimbang, pinten-pinten
saged mikantuki utawi nuju prana tumrap para
nupiksa ingkang kepareng migatosaken. Nanging
betekipun lalaran wedalan tiyang dhusun [dhusunipun
New York City, heheei...], manawi boten adamel
marem utawi cocoging panggalih tuwin manawi
wonten kitaling tetembungan, waguning ukara,
mugi para nupiksa sampun kirang pamengku
sarta mugi kersa ngluberaken samodra pangaksama.
Saderengipun nlusur punapa sababipun dene
manungsa punika kok asring kadunungan mamalaning
tyas, keparenga kula ngaturaken panglalar:
punapa ta ingkang kawastanan kabatosan punika?
Miturut suraosing tetembungan batos punika
kosokwangsulipun lahir. Dados kabatosan punika
kosokwangsulipun kalahiran. Lahir punika
ateges gumelar (wonten ing njawi). Sadaya
ingkang gumelar punika gadhah sipat: ewah
gingsir, boten langgeng, apes, saged risak,
saged sakit, saged jaya, inggih saged dados
ringkih. Ringkesipun, sadaya kemawon utawi
punapa kemawon ingkang asipat owah gingsir
punika kagolong lahir utawi kalahiran, sanadyan
ugi gadhah sisipatan ingkang alus utawi samar
boten kasat mripating pancadriya, upaminipun:
hawa, listrik, lsp. Makaten ugi pikiran,
cipta, pangraos, punika wonten ing babagan
kawruh kabatosan ugi taksih kaewokaken [kagolong]
kalahiran jalaran teksih saged owah gingsir.
Wondene kabatosan [inggih punika kosokwangsulipun
kalahiran], temtunipun inggih anggadhahi
sipat kosokwangsulipun owah gingsir, inggih
punika langgeng, kuwaos, kiyat. Sipat punika
namung Gusti piyambak ingkang kagungan. Dados
manawi makaten kabatosan punika bakunipun
ka-allah-an. Kawruh kabatosan pikajengipun
kawruh utawi ngelmu (gagaran utawi wawaton
minangka pangudi) kangge ngretosi utawi nggayuh
kagaibaning Pangeran. Panalitinipun boten
mrika-mrika, nanging cekap wonten salebeting
sariranipun piyambak-piyambak jalaran Gusti
punika maha agung nglimputi [mengku] lan
nglimput [sumamar] wonten sagunging dumados
inggih sadaya ingkang gumelar punika. Dados
ing salebet kita sipat-sipat wau inggih wonten.
Wondene pikiran, raos pangraos, tuwin pancadriya
kita, tumrap ngudi kabatosan lugu namung
minangka pirantos tuwin paseksen [ingkang
ugi nyekseni].
Ungel-ungelan ing ngandhap punika
mbokmanawi
kenging kangge gagaran kandel-kumandeling
tekad tumrap nggayuh kawruh kabatosan:
- Sintena ingkang nyumerebi [awas utawi mawas,
naliti, ngretos] sariranipun [pribadinipun
utawi nafsunipun], tamtu badhe kaleksanan
sumerab [ing ngriki kajenganipun mangertos]
Pangeranipun.
- Manungsa punika rahsaningsun, nanging Ingsun
ugi rahsaning manungsa.
- Manahipun tiyang ingkang pitados kaliyan
yakin, punika prasasat dalemipun
Gusti.
Wondene sadaya kawontenan ingkang gumelar
ing jagad punika dados paseksen kaagungane
Gusti, kuwasaning Gusti, karsaning Gusti,
kaadilaning Gusti sarta sih kamirahaning
Gusti. Sadaya punika sinebat kodrat irodhating
Pangeran kang maha kuwasa.
Kodrat irodhating Pangeran punika tansah
lumintu ndhayani dhateng sadaya isen-isening
jagad raya, njalari tuwuhipun, wontenipun
utawi mawujudipun kawontenan utawi kadadosan
[dumados] ingkang marupi-rupi. Salajengipun
mawarni-warni kadadosan wau satunggal kaliyan
satunggalipun inggih lajeng tansah dhaya-dhinaya
[samad sinamadan], ngantos lajeng mahanani
ewah-gingsiring kawontenan. Lan inggih jalaran
saking kadadosan wau ingkang lajeng nuwuhaken
wontenipun: lair, makarti, risak. Sarehne
risak punika ugi satunggaling kadadosan,
mila inggih ateges lair malih. Makaten salajengipun
tanpa wonten pedhot-pedhotipun, inggih punika
ingkang sinebat: Cakra Manggilingan.
Manungsa ingkang mawujud titah langkung sampurna
tuwin winenang tinimbang titah sanes-sanesipun
ugi boten badhe saged sumingkir saking angger-angger
cakra manggilingan wau. Dados ugi kawasesa
dening dhaya prabawaning alam. Gumelaring
isen-isening alam wau mrabani tuwin mrabawani
dhateng jasading manungsa nglangkungi [ngliwati]
pancadriya, tumaduk ing angen-angen kita,
lajeng njalari tuwuhipun pepinginan saha
kekajengan ingkang mawarni warni, sarta ugi
dados jalaranipun kita saged kataman pangraosing
badhan [sasakit, kraos benter, asrep, perih,
greges-greges, lsp.], sasakiting pikir [bingung,
kodeng, rangu-rangu, gemblung, bingleng,
lsp.], panandhang utawi pakartining manah
[sisah, bingah, sumelang, welas, asih, gething,
pegel, gela, lsp.]. Kajawi punika tumrap
ing babagan kalahiran, dhaya prabawaning
isen-isening alam punika ugi saged murugaken
manungsa manggih begja, cilaka, nistha, papa,
tuwin sanes-sanesipun.
Kados ingkang sampun kajereng ing inggil
punika cetha, bilih sababipun manungsa saged
ngantos kataman kadadosan marupi-rupi punika
boten sanes inggih namung saking dhayaning
alam, inggih punika kaprabawaning isen-isening
jagad raya. Wahananipun [kedadosanipun] wonten
ingkang saged karaosaken sae [nyekecakaken],
ugi wonten ingkang saged karaosaken awon
[boten nyekecakaken]. Lha ingkang karaosaken
boten nyekecakaken wau limrahipun dipun anggep
memala. Kamangka sejatosipun sanadyan ingkang
karaosaken nyekecakaken utawi boten nyekecakaken
punika kalih kalihipun tetep dados memala
tumrap dhateng Rasa Jati kita. Jalaran sami dene saged damel surem
utawi boten weningipun utawi kirang sucinipun
Rasa Jati kita. Mangka kaweninganing Rasa
jati punika perlu kaudi utawi kajagi. Sabab
inggih jalaran saking weninging Rasa Jati
punika manungsa lajeng kaconggah nuwuhaken
kawruh lahir tuwin batos ingkang salajengipun
kadugi mbabaraken kabudhayan, kasusastran,
kawaskithan, kasunyatan, tuwin kasampurnan,
inggih punika pangertosan bab Sangkan Paraning Dumadi tuwin gaibing Pangeran.
Nalika manungsa punika saweg
tumitis tuwin
nalika teksih jumeneng [mretapa]
wonten salebeting
guwa garbaning ibu, ngantos sasampunipun
awujud jabang bayi lahir wonten
ngalam donya,
ingriku dereng kadunungan mamalaning
tyas,
dados teksih suci. Nanging sasampunipun
lelumban
wonten ing madya padha, ingriku
wiwit kataman
memala. Rasa Jatinipun wiwit
surem, boten
suci malih. Ingkang makaten wau
para ulah
kabatosan tansah mbudi dhaya
sarana lampah
utawi cara warni-warni murih
sucining Rasa
Jatinipun mberat utawi nyingkiraken
memala,
sarta kaconggah nampeni wewengan
utawi pepadhang
inggih punika wahyu utawi sasmita
gaib saking
Pangeran.
Memalaning tyas utawi ingkang
andadosaken
boten sekecaning manah punika
boten bakal
saged dipun icalaken saking gesangipun
tiyang.
Sagedipun namung anyeyuda, jer
memalaning
tyas ingkang tuwuh saking karep
[kekajengan]
punika pancen sampun dados rerangkening
tiyang
gesang. Hewadene anggenipun kita
saged nyirep
utawi ngirangi memala punika
boten sanes
inggih pribadinipun tiyang piyambak-piyambak,
mila makaten kedah kanthi nglenggahaken
pribadinipun
wau. Nglenggahaken pribadi punika
kedah sarana
semedi, nglowong utawi nyuwung,
nyipat mlebet
medaling nupus sarta amirengaken
swaraning
rijal. Swaraning rijal punika
manawi wayah
dalu cetha sanget kados orong-orong.
Dene
manawi wayah siang lamat-lamat
sanget. Sok
sintena ingkang pinuju yipat
mlebet medaling
nupus, Pribadi tamtu badhe kersa
pinarak
wonten ing pasenetan suci paring
pepadhang.
Ing Serat Wulangreh yasan swargi
Sinuwun
PB IV wonten tetembungan minangka
gagaran
tumrap para ingkang sami ngudi
mbirat mamala
wau, sinawung sekar Kinanti makaten
ungelipun:
"Padha gulangen ing kalbu.
Ing sasmita
amrih lantip. Aja pijer mangan
nendra, kaprawiran
den kaesthi. Pesunen sariranira,
cegah dhahar
lawan guling."
Sekar Kinanti sapadha ing inggil wau mengku
piwulang ingkang wosipun "Murih kita
punika saged nampeni sasmita [dhawuh ghaib],
saking Pangeran kalayan gampil, kita kedah
tansah ngelatih sarira sarana ngirangi dhahar
tuwin ngirangi sare." Ingkang dipun
kajengaken ngirangi dhahar ing riki boten
namung ateges nyenyuda isining padharan kemawon,
nanging ugi mengku pikajeng ngirangi tedhaning
panca driya sanesipun. Dados wosipun nyegah
hardhaning pancadriya. Kajawi punika ugi
kedah nyandhet lampahing pikiran ingkang
ngambra ambra.
Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung
ing tutuk [lesan - cangkem], inggih punika
nyegah wedaling pangandika ingkang tanpa
paedah. Cegah ngraosi awon lsp. Mila sadaya
wau kedah dipun cegah [kirangi] jalaran wedaling
pangandika langkung-langkung manawi dipun
kanteni grengseng tuwin kemrungsunging penggalih,
punika ateges mbeboros dhaya kekiyatan ingkang
wonten salebeting sarira, ingkang manawi
kita gegem [regem] saged mujudaken dhaya
prabawa ingkang ageng pigunanipun samangsa
wonten kapreluwan ingkang wigatos.
Manawi dhahar sampun ngantos tuwuk-tuwuk
[wareg], jalaran manawi padharan kekebaken,
adhakanipun murugaken ngantuk ingkang njalari
lena kirang weweka. "Kulu wa asrobu
wal tasrifu innahu layu khibul musrifin",
tegesipun mangana sabisa bisa mung sapratelone
isining wetengmu. Weteng kuwaregen bisa nggedhekake
bapakne toha, banjur lalen, seneng goroh,
adoh saka tindhak utama, sabab jasmani lan
rohanine lungkrah sing dipikir ya mung siji
kuwi.
Tiyang ingkang tuwuk punika boten saged waskitha
[ngretos utawi sumereb] ing ghaib. Jalaran
saking wewaton kados ingkang kasebat ing
inggil wau, mila para ulah tapa brata ingkang
sami nglampahi siyam tuwin ambisu [ngirangi
utawi boten ngucap ingkang boten prelu].
Pamrihipun inggih namung supados wening Rasa
Jatinipun, sageda nampi sasmitaning pangeran.
Nyegah dhahar ingkang marginipun langkung
ing grana kadosta nyegah:
a. ngambet ingkang boten eca,
amis, bacin,
penguk, apek, badheg, lsp. Awit
wusananipun
saged nyuda kasarasaning badhan
salajengipun
saged murugaken sureming Rasa
Jati. Pramila
para olah samadi asring mapan
ing panggenan
ingkang boten ngganda awon. Malah
asring
migunakaken kekonyoh ganda wida
akekutug
ratus ingkang amrikarum angambar-ambar
wangi,
asumping sekar-sekar ingkang
arum lsp. Jalaran
ambet ambetan amrikarum punika
manawi boten
ngantos nduleg [sanget], saged
njalari nentremaken
jiwa.
b. ngisep-isep awoning sanes utawi wadosing
sanes. Tumindak kados makaten punika damel
kapitunan boten sakedhik tumrap badhanipun
piyambak awit nuwuhaken gegeter ageng, ingkang
temahan sanget adamel kuceming Rasa Jatinipun.
Paedahipun boten sumbut kaliyan kapitunenipun
bebasan mburu uceng kelangan dheleg.
Inggih awawaton kalih warni ing inggil punika
para olah pranayoga tumindakipun sarana nglaras,
ngelus tuwin ngemataken mlebet medaling ambegan
kanthi alon. Lampahing ambegan ingkang alon,
alus, utawi ening punika saged ngeniraken
[ngleremaken, ngicalaken] pangganda ngantos
tumandukipun sadaya ambet [ganda] boten ndayani
dhateng antenging Jiwa [Rasa Jati]. Temahan
boten sanes inggih namung ngudi sagedipun
hanampeni sasmita gaibing Pangeran.
Ingriki kula badhe mratelakaken bilih tiyang
punika temtu tansah mbudidaya sagedipun eca
lan sekeca. Rehning sadaya rubeda punika
badhe ndadosaken boten sekecaning manah [dados
mamalaning tyas] mila temtu boten dipun ajengi.
Awit saking punika rehning manah punika limrahipun
tansah ngajeng-anjeng eca lan sekeca, mangka
badhe tansah mrangguli bab-bab ingkang damel
boten sekecaning manah, mila tiyang punika
tansah nandhang kuwatos utawi melang-melang.
Dados tansah boten nggadhahi katentreman
utawi boten tansah kadunungan ayeming manah.
Makaten punika ateges kendel-kumandel dhateng
panguwasaning Pangeran. Menggah wohipun badhe
gampil ketrajang was-sumelang. Dene srananipun
kangge nyirnakaken raos boten tentrem, inggih
raos boten sekeca wau, tiyang kedah tansah
nyantosakaken tekadipun: Aku Wani, Gelem
Nglakoni.
Wonten ancer-ancer ingkang kangge margi nyingkiraken
mamalaning tyas, inggih punika kanthi migunakaken
pathokan lan pangretosan sapisan ingkang
diwasesa [punika pun raos was sumelangipun],
kaping kalihipun ingkang masesa [punika pun
tiyang, utawi tiyangipun], lan pungkasanipun
sageda mangretosi bilih pun tiyang ingkang
masesa raos was sumelang wau teksih wonten
ingkang nguwaosi lan masesa, inggih punika
ingkang Maha Kuwasa.
Kanthi nyumerebi lan mangretosi trap-trapan
makaten wau, tiyang badhe langkung gampil
angsal tuntunan anggenipun ngrekadhaya mbengkas
reribed utawi mamalaning tyas manawi kalayan
sumendhe lan nyuwun kekiyatan dhateng panguwaosing
Pangeran. Kosok- wangsulipun manawi boten
kanthi srana makaten wau saestu badhe rekaos
kalampahanipun.
Ing Serat Rama wonten tetembungan 'gampang-gampang angel, yen wis dadi siji
ora ana' tegesipun manawi penganggep gampil lan
awrat wau sampun saged kakempalaken, ingriku
badhe saged nyirnakaken samukawis pepalang.
Mila makaten jalaran pun panganggep angel
lajeng luluh kaprawasa dening pun gampang.
Utawi ungel-ungelan ing inggil wau mratelakaken
manawi gampang lan angel sampun manunggil,
ingriku lajeng sampun boten wonten sambikala
punapa-punapa. Awit saking punika badhe prayogi
manawi kita sami nyatunggilaken pun gampang
kaliyan pun angel, supados saged damel sirnaning
raos was sumelang tuwin mamalaning tyas.
Mamalaning tyas utawi ingkang andadosaken
boten sekecaning manah punika mretandhani
bilih ingkang nandhang sakit punika manahipun.
Sakiting manah punika amargi saking nandhang
raos boten sekeca. Menggah panandhang wau
wonten werni-werni kadosta tumrap sakiting
badhan, manahipun inggih tumut ngraosaken.
Tumrap sakiting pikiran pun manah ugi tumut
ngraosaken. Manah tumut ngraosaken raosing
sesakit makaten wau, punika boten klebet
memalaning tyas. Wondene ingkang klebet dados
mamalaning tyas, inggih punika panandhang
raos pangraosipun tyas utawi manah piyambak,
kadosta ngraos samar lan sumelang tuwin sanes
sanesipun. Rehning punika wau namung raos
pangraos, murih boten kataman rubedaning
manah, kita kedah ngicali raos samar lan
sumelang wau.
Mila tiyang kataman mamalaning tyas punika
jalaranipun margi saking koncatan punapa-punapa
ingkang boten dipun senengi lan ingkang dipun
tresnani. Inggih ical utawi oncating raos
wau ingkang mbetahaken seserepan, mbetahaken
pitedah tuwin piwulang supados saged ngretos
dunungipun. Pundi pitedah utawi piwulang
ingkang dipun ajengi [dipun mathuki] sarta
lajeng katindhakaken, inggih makaten punika
ingkang badhe dados srana jampining mamalaning
tyas.
Mewahi andharan sawatawis punika, bilih ingkang
dados bibit utawi tuking raos nyumelangaken
inggih punika saking pakartinipun tiyang
anggenipun sami nampik lan milih. Manawi
ingkang jumedhul punika ingkang dipun tampik
[boten dipun senengi], tiyang lajeng rumaos
kuciwa, boten seneng, boten lega, boten mathuk,
tuwin sanes sanesipun. Dene manawi ingkang
jumedhul ingkang dipun mathuki [pilih], lajeng
rumaos lega lan bingah. Kamangka bab kuciwa,
boten seneng lega, bingah, mathuk, sadaya
punika sejatosipun sami nunggil golongan,
inggih punika golonganing raos pangraos.
Manawi raos pangraos makaten wau kita selehaken,
pun raos was sumelang tuwin sabangsanipun
mamalaning tyas lajeng boten wonten.
Milanipun manungsa kataman mamalaning tyas
ugi saged jalaran nggadhahi pepingin lan
pangangkah kadumugena ingkang dipun kajengaken.
Padhatan inggih saking margi anggenipun tumindhak
mbudidaya murih kadumugen ingkang dipun kajengaken
wau, punika lajeng mahanani tuwuhing raos
boten tentrem. Saupami sampun saestu saged
kadumugen ingkang dipun kajengaken wau, nunten
tuwuh pepinginan sanes malih. Makaten salajengipun
tanpa gadhah marem. Tumrap tiyang ingkang
kados makaten, punika dipun wastani kenging
mamalaning tyas.
Pepinginan punika dados sumber kasantosaning
karep [kakajengan]. Prayoginipun pepinginan
wau tansah dipun gladhiya [dipun lelantih]
supados tansah tumuju dhateng kautaman. Sanadyan
makatena kita kedah tansah enget lan ngretos
bilih pepinginan ingkang tansah boten nggadhahi
pemarem wau, saestunipun inggih tansah ngereh
[ngemudheni] tiyang. Manawi tiyang tansah
dipun tumpaki pepinginan punika badhe gampil
kenging sambekala utawi mamalaning tyas.
Mila prayogi sami kabudidhaya supados kita
boten tansah dipun reh ing pepinginan. Kosokwangsulipun
supados mbudidaya sageda ngereh pun pepinginan
wau.
Sapunika keparengan kula ngaturake srana
kangge nyirep mamalaning tyas, punika wonten
kalih warni: sepisan ingkang kangge nyuda,
kaping kalihipun ingkang kangge netepaken.
Murih saged nyuda kedah ngretos rumiyin bilih
raos was sumelang ingkang dados memala punika
bakunipun tuwuh saking raos panginten-intening
raos pangraosipun piyambak, utawi gambaranipun
piyambak. Rehning namung gambaran, punika
saged dipun icali piyambak. Salajengipun
supados saged langkung rosa anggenipun nyabili
utawi ngicali, kedah dipun kanteni [sarengi]
cara satunggal malih, inggih punika netepaken.
Wujudipun netepaken wau kedah anggadhahi
panganggep ngemohi. Emoh sumelang utawi kuwatir.
Manawi pangretosan wau sampun wonten lajeng
ngrosani anggenipun mbucal gambaran was sumelang
wau, ingriku saboten-botenipun badhe nyuda
mamalaning tyas.
Cekak aosipun, menggah pangudi anggenipun
badhe ngicali mamalaning tyas wau manungsa
kedah tansah nyuwun pangapura lan eling dhateng
Pangeranipun, lan kedah wani dhateng punapa
kemawon ingkang kita anggep dados sumber
ingkang nuwuhaken memalaning tyas wau. Kangge
sanepa kadosta, upami kita ngutangi arta,
kita kedah wani nagih. Manawi kita lumuh
[boten purun] nagih, raos kepingin [kedah]
nagih wau, kedah kita bucal babarpisan supados
saged ical saking manah. Ngadhepi kawontenan
kados tuladha ing ngajeng punika tumrap tiyang
Jawi limrahipun nuwuhaken sipat ewuh pakewuh,
punapa malih manawi ingkang dipun utangi
punika sedherek utawi pawong mitranipun piyambak.
Punika kula namung mendhet tuladha ingkang
gampil kemawon.
Makaten wau angsal kula ngonceki bab-bab
ingkang kaanggep dados sasakiting manah.
Sanadyan namung rembag ingkang isi pamanggih,
ewadene punika wau klebet satunggling kawruh
utawi seserepan ingkang wigatos sanget. Indhaking
kawruh boten sanes inggih saking linton pemanggih.
Isinipun saged kasaring, pundi ingkang dipun
mathuki, lan pundi ingkang boten nyocogi,
punika badhe saged rumesep migunani dhateng
sarira pribadi. Langkung langkung tumrap
seserapaning batos, punika pancen saged dados
bumbu ingkang badhe saged nandhesaken bontosing
tekad, mugi mugi saged murakabi dhateng sintenan
kemawon ingkang sami kepareng nggalih.
|