Para sutresna Pawartos Jawi ingkang minulya,
Sampun genep kalih taun madegipun Pawartos
Jawi, kaleresan kaliyan dinten tanggap warsa
kula, inggih punika 26 Juni. Mugi-mugi Pawartos
Jawi dipun paringi umur panjang saha saged
ngrembaka mekar mudahi seratan abasa Jawi
gagrag enggal ngrembag kabudhayan Jawi kacundhukaken
kabetahanipun jaman samangke tanpa nilar
titilaranipun para leluhur kita ing jaman
kina ingkang ngemu aji langgeng. Nanging
atur kula punika babar pisan boten badhe
kaleregaken dhateng raos nasionalisme ingkang
cupet, destun muhung hanetebi jejibahan nglenggahaken
saha hanggegesang basa tuwin sastra Jawi
wonten ing wewengkon Bhineka Tunggal Ika.
Langkung rumiyin keparenga kula ngaturaken
pambuka ular-ular menggah makartining ubarampe
rasa lan pikir ingkang kadarbe dening manungsa
minangka gegebengan kita manawi badhe ngudi
dhateng kamajenganipun budhaya lan sastra
Jawi. Menggahing janma manungsa, inggih pirantos
wujud rasa lan pikir punika ingkang dados
wigatining wigatos tumrap tiyang gesang bebrayan.
Majeng munduripun lampahing kabudhayan punika
gumantung saking dhaya pakartining rasa lan
pikir.
Makaten ugi lampahing kabudhayan Jawi gagrag
enggal, pangothak- athikipun tamtu boten
benten kaliyan gesangipun manungsa Jawi piyambak.
Kuciwanipun, kabudhayan titilaranipun para
leluhur kita ing jaman kina sampun kathah
ingkang sami boten dipun rewes, nanging ingkang
gagrag enggal teksih dereng gatra. Dados
manawi kita mawas tatanan kabudhayan Jawi
samangke teksih kawastanan bolong-bolong
kados kaos oblong dipangan orong-orong.
Inggih ing salebeting wekdal suwung punika
gampil sanget anggenipun klebetan godha.
Kamangka gondhelaning kapitayan batin ingkang
ginayuh sarana ngulir luhuring bebuden Jawi
piyambak kados sampun boten kopen. Dumugi
samangke, kita bangsa Jawi teksih grayah-grayah,
teksih tolah-toleh mangiwa manengen remen
niru-niru bangsa manca. Lha punapa kawontenan
makaten wau kedah dipun umbar kemawon? Prayoginipun
kita kedah pinter-pinter nyaring pundi ingkang
sae lan pundi ingkang awon, boten kok naming
niru-niru. Anggenipun saged nyaring makaten,
bangsa Jawi kedah sangu dhasar kapribaden
ingkang kiyat ing salebeting batosipun. Bebrayanipun
tiyang Jawi ing wekdal samangke punika [tumraping
kajiwanipun] dereng ketingal maton, dereng
ketingal jangkep. Lha sebabipun punapa?
Saderengipun kula ngrembag perkawis punika,
keparenga kula ngrembag ngengingi lampahing
kabudhayan Jawi wiwit jaman kina ngantos
dumugi samangke, inggih punika kawontenaning
bebrayaning tiyang Jawi ingkang dipun anggep
klebet gagrag anyar [modern]. Dados manawi
makaten, punika wau ugi gegayutan kaliyan
jaman utawi wekdal. Milahaken watesing wekdal
antawisipun bebrayan ingkang klebet kina
kaliyan ingkang klebet enggal punika raos.
Pamangihing saben tiyang tamtu beda-beda.
Awit saking punika murih saged nggampilaken
lampahing panimbang, ingriki kula badhe mendhet
ancer-ancer kanthi wewaton jaman utawi abad,
punika kacundhukaken kaliyan lampahing babad.
Kanthi waton makaten, ingkang kula anggep
klebet bebrayan Jawi gagrag enggal inggih
punika antawisipun jaman 200 tahun kapengker
utawi wiwit 2 abad kapengker, dados antawisipun
wiwit tahun 1800 ngantos dumugi samangke.
Wiwit wekdal punika wau penjajahanipun ndoro
tuwan kolonial Walandi saya dipun kencengi
lan saya sengkud anggenipun ngreka nglebetaken
dhaya prebawa [pengaruh] bab punapa kemawon
supados saged ngewahi kajiwanipun bebrayan
Jawi, sageda malih anggadhahi wewatekan kados
Walandi. Manawi sampun malih, punika tamtu
saya krekat tuwin saya kelet sanget boten
purun pisah kaliyan ndoro tuwanipun. Dados
Walandi badhe saya saged kenceng anggenipun
nguwaosi tiyang Jawi lan boten kanthi rekaos
ngedalaken kekiyatan fisik, tiyang Jawi sampun
tutut piyambak kadya kutuk marani sunduk.
Ngewahi wewatekan tuwin kajiwan makaten ingkang
wigatos inggih punika kanthi nglebetaken
kabudhayan, umpaminipun kemawon lelantaran
basa, kesenian, kagunan, kapinteran, kapitadosan
klebet tetepangan agami lan ideologi gegayuhaning
ngagesang. Ing salebeting wekdal punika basa
Walandi saya dipun welegaken, makaten ugi
kesenian, kagunan, kapinteran, lan sanes-sanesipun.
Rehning ing tahun 1800 punika ing bawana
Eropa ugi saweg ngancik jaman enggal, awit
saking punika [kanthi lelantaran Walandi]
dhaya prebawa enggal saking tlatah sabrang
kilenan wau inggih lajeng katut saged mlebet
dhateng tanah Jawi kanthi gampil. Sadaya
wau saya dangu saya ngrembaka, tumangkaripun
anggening nglebeti jiwanipun bebrayan Jawi
saya ngebat-ngebati ngantos wohipun saged
kita uningani sesarengan wonten ing bebrayan
samangke punika. Tata cara, kasusilan, cara
sesrawungan, lampahing pangupa jiwa tuwin
sanes-sanesipun saya dangu saya ewah, beda
kaliyan nalika jaman saderengipun taun 1800.
Supados saged nggampilaken panampi bab waton
ingkang kula pendetaken saking jaman wau,
ingkang perlu dipun uningani inggih punika:
Wiwit jaman Demak. Punika jaman bebrayan
nalika Islam saweg nedheng-nedheng ngrembaka.
Wiwit jaman sasampunipun jumenengipun Sultan
Agung ing Mataram, inggih punika antawisipun
abad 17, kawontenaning bebrayan Islam saya
ewah amargi kadhesek dhaya prebawa bektanipun
Walandi.
Wiwit mletheking Perang Donya kaping II watawis
taun 1940, dhaya prebawanipun katingal surem.
Sareng Jepang menang perangipun [watawis
taun 1942], dhaya prebawanipun Walandi wonten
ing tanah Jawi risak babar pindhah. Wekdal
punika dipun wastani jaman Jepang. Bebrayan
Jawi gentos dipun soki dhaya prebawan saking
Jepang. Wondene ancasipun, sejatosipun ugi
boten beda kaliyan Walandi, inggih punika
murih gampil dipun kuwaosi. Dhaya prebawa
Jepang inggih boten sekedhik ingkang sampun
rumesep dhateng jiwanipun bebrayan Jawi,
ingkang terang kemawon inggih punika babagan
kaprajuritan lan kekendelan.
Wiwit taun 1945, sasampunipun Jepang kawon
perangipun, bebrayan Jawi ngancik jaman kamardhikan.
Malihing kawontenan ingkang dadakan tuwin
wonten ing salebeting mangsa perang punika
nuwuhaken ewahing kajiwan [manut kawontenan
ing wekdal semanten]. Rehning alelandhesan
bab kamardhikan lan kaprajuritan, dados ing
wekdal punika wau ingkang nancep inggih dhaya
mardhika [kabebasan] tuwin kuwanen lan kekendelan
ingkang tanpa wates bebasan rawe-rawe rantas
malang-malang putung.
Wiwit taun 1950 ngantos dumugi samangke,
santun dhaya ingkang rumasuk, punika kula
wastani dhaya enggal, inggih punika saya
mindhak ngrembakaning pakarti kamardhikan
[kabebasan]..
Miturut molah-malihing jaman makaten wau,
samangke ingkang kula angge waton mawas Jawi
gagrag enggal, inggih punika dhaya prebawa
wiwit jaman kina ingkang sampun nglebeti
kajiwanipun bebrayan Jawi ngantos dumugi
wekdal samangke. Cekak aosipun, amargi saking
dhaya-dhaya wau bebrayanipun tiyang Jawi
ing wekdal samangke punika dereng ketingal
maton, dereng ketingal jangkep. Makaten wau
ingkang saged dipun uningani kaliyan cetha,
upaminipun bab negesi kabebasan, sampun terang
manawi kekah. Demokrasi dados demo-crazy,
reformasi dados repotmati [urip tansaya angel
ning arep milih mati ora tega ninggal anak
bojo], tumrap kabudhayan teksih ketingal
sleyar-sleyor dereng nggadhahi anteb lan
tekad. Punika tandhanipun saged katitik saking
lampahing kasusastran utawi basa Jawi. Ingatasipun
gadhah basa lan sastra ingkang asli lan teksih
kalimrah dipun angge, nanging boten sami
purun micara, malah saweneh wonten ingkang
nyirik, nebihi lan nyingkiri. Tiyang Jawi
samangke sampun kathah ingkang boten saged
cecaturan kanthi lanyah mawi basa Jawi, buku-buku
Jawi boten pajeng lan kalawarti abasa Jawi
krengkang-krengkang nyambung umuripun.
Kathah ingkang sami ngundamana basa Jawi
kaanggep basa feodal, basa Jawi mujudaken
pasinaon ingkang paling boten dipun remeni
tuwin mbingungaken, malah guru basa Jawi
wonten ingkang mucalipun ngangge basa Indonesia.
Punapa inggih ta basa Jawi punika klebet
ewoning basa feodal? Mangsuli pisambatipun
sawatawis tiyang wau, kula namung mesem kecut.
Basa Jawi punika genah dede basa feodal,
lha ingkang ngundamana basa Jawi punika basa
feodal sampun terang trawaca manawi piyambakipun
boten mangertos sejatosipun basa Jawi. Pranyatan
wau genah mengku karep supados basa Jawi
dipun singkiri. Lha basa punapa kemawon manawi
dereng lanyah anggenipun nyinaoni nggih kraosipun
awrat. Ingkang nudhuh fedoal wau klebet ewoning
tiyang ingkang kirang tlaten lan taberi nambahi
undhaking kaweruhipun, lajeng ngundamana
kanthi alesan mawarni-warni kangge nutupi
sipatipun wigah-wigih anggenipun ngudi kawruh,
boten purun rekaos, cekak oasipun males.
Basa Jawi gadhah unggah-ungguh, wonten ngoko
lan kramanipun, punika mratandhani manawi
basa Jawi ngandhut seni lan ajaran adhiluhung,
basa Jawi ngandhut ajaran budi pekerti, basa
Jawi ngandhut ajaran tatakrami. Sadaya punika
trep, jumbuh kaliyan piwulang punapa kemawon,
inggih piwulang agami, adat lan sanes-sanesipun.
Ingkang enem ngajeni ingkang sepuh, andhahan
ngajeni pemimpinipun, murid ngajeni gurunipun,
tiyang ingkang dereng wanuh [kenal] ugi sami
ajen-ingajenan. Tiyang Jawi boten rumaos
asor ngagem basa krama kangge wicantenan
kaliyan ingkang langkung sepuh yuswanipun
utawi pemimpin, amargi punika sayektosipun
mujudaken salah satunggaling sikap kurmat
utawi ngajeni. Ngajeni tiyang sanes ateges
ngajeni badhanipun piyambak.
Uba rampe kasebat ing ngajeng punika kemawon
sampun kenging kangge mawas dhiri bilih kawontenaning
kajiwan Jawi samangke punika terang taksih
dereng cipta, dereng maton, dereng wani nggadhahi
kekencengan lan dereng nggadhahi tekad. Rehning
makaten, manawi kawawas saking kathahing
dhaya-dgaya prebawa maneka warni ingkang
sampun rumaket ing kajiwanipun, kados ingkang
sampun kula aturaken ing inggil wau, perlu
sanget kita ngreka dhaya sesarengan supados
kajiwan kita lajeng saged wangsul jejeg lan
jangkep malih kados nalika jaman dereng klebetan
dhaya prebawa saking pundi-pundi. Makaten
cekakan kawontenaning Jawi gagrag anyar.
Ing ngandhap punika kula centhelaken
imbal
wacana antawisipun Gembluk lan
Ki Kenthir:
Gembluk:
Salebetipun kula ngetutaken andharan panjenengan,
ingkang perlu kula aturaken; sepisan bab
basa lan sastra Jawi. Kala wau panjenengan
mratelakaken bilih kawontenan kajiwanipun
tiyang Jawi punika kirang jejeg, dereng maton,
teksih ketingal sleyar-sleyor, jalaran saking
anggenipun kalajeng boten purun ngopeni lan
migatosaken basa tuwin sastranipun, inggih
punika Carakan. Punika kula dereng ajeng, jalaran basa
Jawi punika dereng pepak, saya sastranipun
punika terang manawi boten luwes utawi boten
praktis. Sampun samesthinipun manawi dipun
tilar lan boten perlu dipun openi malih,
boten perlu dipun pigunakaken jalaran namung
badhe ngreribedi. Kejawi makaten, kajiwan
punika jejegipun boten gumantung dhateng
bab kasusastran, nanging gumantung dhateng
kaluhuraning bebuden. Manawi badhe njejegaken
kajiwanipun tiyang Jawi, ingkang perlu boten
kedah migatosaken kasusastran Jawi, nanging
kedah ngreka dhaya supados saged luhur bebudenipun.
Punika pamanggih kula.
Ki Kenthir:
Anggen kula matur makaten minangka upami,
bilih dereng jejeging kajiwan wau amargi
saking anggenipun kirang migatosaken basa
lan sastra Jawi, jalaran basa lan sastra
punika saestu dados pratandha pambabaring
jiwa. Mila ngantos wonten pangunen-unen:
Bahasa menunjukkan bangsa. Manawi sampun saged nylulupi basanipun,
tiyang punika badhe kasembadan saged nylulupi
jatining bangsa. Tiyang Jawi nggadhahi basa
lan sastra piyambak, punika jiwanipun piyambak
jalaran basa lan pikir punika nyawiji. Lajeng
manawi basa lan sastranipun punika boten
dipun openi, lha punika rak ateges boten
ngopeni dhateng jiwanipun piyambak. Temtunipun
sok sintena kemawon ngertos, kados pundi
tiyang kok boten purun ngopeni jiwanipun
piyambak, punika kados pundi? Punapa punika
nama leres?
Saya manawi kawawas saking bab kabatosanipun,
punika lajeng ketingal anggenipun kirang
prayogi sanget. Sanadyan ngangge lan migunakaken
basa lan sastra sanes, nanging gadhahanipun
piyambak inggih wajib dipun uri-uri lan dipun
dadosaken baku. Tumrap wawasan, manawi basa
lan sastra Jawi boten praktis, punika inggih
boten maton, jalaran terang, upaminipun kemawon,
panjenengan piyambak tamtu badhe langkung
sekeca lan langkung lebet punapa dene manteb
lan marem manawi migunakaken basanipun piyambak.
Rak inggih makaten ta?
Gembluk:
Inggih Ki.
Ki Kenthir:
Lha salajengipun, raos ingkang kados ngaten
wau terang bilih basa Jawi punika jiwanipun,
inggih jiwa kula jiwa panjenengan.
Gembluk:
Inggih, samangke kula sampun plong lan marem
nampi katrangan panjenengan punika. Anu Ki,
kala wau panjenengan mratelakaken bilih dhaya
prebawa pinten-pinten saking sanes nagari,
ingkang sampu kelet lan kraket ing jiwanipun
bebrayan Jawi punika ugi andadosaken jalaraning
boten jejegipun kajiwan, punika kula boten
cocog. Kula nggadhahi pamanggih sanes. Sadaya
kemawon tumrap bab-bab ingkang saking sanes
negari ingkang mlebet dhateng tanah Jawi
lan rumesep ing balung sungsum, punika malah
saya mewahi ndadosaken santosa lan ndadosaken
saya jejegipun kajiwan Jawi. Jalaran sadaya
wau apesipun saged ngindhakaken kawruh, kapinteran
tuwin sanes-sanesipun ingkang salajengipun
badhe saya langkung mikantuki dhateng kawontenan
sarta panggesanganipun tiyang Jawi. Dados
kula nggadhahi pamanggih, sangsaya kathah
bab-bab saking sanes negari ingkang mlebet
dhateng tanah Jawi, punika saya badhe nyangling
jiwanipun bebrayan Jawi, temahan badhe saya
katingal anja.
Ki Kenthir:
Manawi kawawas saklebatan katrangan panjenengan
wau pancen badhe saya mikantuki. Nanging
manawi dipun galih ingkang saestu, punika
teksih mbetahaken panimbang malih. Cobi kaparenga
ngemataken punapa wigatosipun dene negari-negari
sanes punika sami tansah ngesokaken dhaya
prebawanipun dhateng tanah kita ngriki? Manawi
saking wawasan kula, makaten wau boten sanes
inggih supados tetiyang Jawi punika sageda
dados korban dhaya prebawanipun, satemah
manawi sampun rumesep, punika ing tembe badhe
gampil dipun enggak-enggokaken.
Kanthi makaten wau, botena njajah kalayan
panguwaos, inggih sageda njajah namung kalayan
migunakaken dhaya prebawaning kabudhayanipun
kemawon. Manawi reka dhaya wau sampun saged
kaleksanan, punika tamtu badhe mbibrahaken
gadhahan kita piyambak. Bibrahing gadhahan
kita piyambak ateges badhe gampil mbibrahaken
raosing kabangsan. Bibrahing raos kabangsan
saestu badhe gampil mbibrahaken raos manunggal,
raos rumaket, raos gotong royong, utawi raos
persatuan. Gampil dipun pisah pisah kanthi
migunakaken cara alus. Manawi sampun makaten
tegesipun kabangsan kita lajeng gampil ringkihipun,
gampil kangge dolanan praja-praja sanes.
Rak inggih makaten ta?
Gembluk:
Anu Ki, sanadyan katrangan panjenengan punika
sampun gamblang, nanging kula meksa dereng
ajeng manawi dereng panjenengan sukani bukti.
Jalaran makaten: sanadyan kita korban punapa
kemawon saking sanes negari, nanging manawi
kita saged tansah enget dhateng kabudhayan
kita piyambak, punika tamtu boten badhe saged
kesupen dhateng raos kabangsanipun lan boten
gampil dipun paeka dening sanes.
Ki Kenthir:
Pancen kasinggihan, nanging makaten punika
manawi tansah saged enget lan tansah saged
mindeng kanthi tliti saestu. Mangka nyatanipun
boten makaten, janji tiyang sampun klebetan
dhaya prebawa kabudhayan sanes, punika limrahipun
boten kraos ewahing raosipun. Manawi kabudhayan
sanes wau tansah lumintu anggenipun mlebet,
punika tamtu saya meka, saya njiwa. Langkung-
langkung manawi anggenipun klebetan wau saya
wiwit alit. Punika tamtu saya hebat anggenipun
kelet lan boten ngrumaosi manawi punika sanes
gadhahanipun.
Pakulinan manawi sampun owah dados wewatekan
punika awrat sanget sagedipun dipun bangsulaken
malih kados wingi uni. Tuladha, cobi keparenga
naliti kawontenan samangke, upaminipun kathah
sanget ingkang kagliwang dhateng kesenian
manca, ngantos kula asring mireng reraosan:
Klenengan ki kuna, kampungan, cocoge mung
kanggo wong tuwa-tuwa, saben ndina kok pijer
krungu klenengan.
Makaten wau nelakaken anggenipun sampun boten
ngaosi dhateng asiling pakarti saking kabangsanipun
piyambak. Apesipun kenging dipun wastani
sampun boten purun ngrewes. Kosokwangsulipun,
anggenipun boten nate nacad lan boten purun
nyariyosaken bilih kesenian manca punika
kuna cocoge mung kanggo wong tuwa-tuwa. Lan
malah inggih kesenian sabrang kilenan wau
ingkang tansah kumanthil wonten ing manahipun,
punika kenging kangge bukti, bilih punika
nama kasengsem, klebetan dhaya prebawa, terang
manawi boten kraos.
Sepele-sepelenan kemawon, apesipun ingkang
njalari ndadosaken kauntungan negari sanes
anggenipun nyade barang-barangipun sangsaya
laris. Dados apesipun sampun saged angsal
kauntungan bandha ingkang boten sakedhik,
punika saweg alit-alitan. Ingkang langkung
ageng malih, moril kita punika kajajah boten
kraos. Wohipun, manawi boten enget, badhe
mbebayani sanget tumrap adeging kabangsan
kita piyambak. Dados terang, manawi badhe
ngreka dhaya sagedipun tansah waskitha, enget,
lan kraos tumrap nanggapi mlebetipun dhaya
prebawaning punapa kemawon saking manca negari,
punika genah rekaos sanget, limrahipun boten
saged. Makaten wau saweg sak bab kemawon,
sanesipun kathah sanget.
Gembluk:
Inggih, samangke sampun kathah cocogipun.
Namung kemawon sanadyan makatena, kula teksih
gadhah pamanggih: Manawi bangsa kita saya
mindhak pinter, tamtunipun ugi badhe saya
wasis anggenipun ngekahi kabudhayan kita
piyambak, lan gampil anggenipun nulak dhaya
prebawa sanes.
Ki Kenthir:
Sajakipun pancen makaten. Nanging kauningana,
dhaya prebawa punika sipatipun alus, manjingipun
dhateng raos. Manawi sampun ngethel, mangke
tamtu kelet dados wewatekan, dados naluri.
Medalipun boten kraos, punika rumaos gadhahanipun
piyambak. Tuladha ingkang gampil ugi wonten.
Upaminipun: para pemusik Indonesia punika
angsalipun bahan sadaya saking kilenan. Nitik
wekdal mbabaripun ngantos dumugi samangke,
ingkang kula yektosi seprika ngantos dumugi
sepriki, wohing aransemenipun kathah dhoyongipun
dhateng raos kilenan. Cobi kula aturi ngemataken
siaran-siaran radio saking pinten-pinten
pemancar mangke rak saged nglimbang, awis
ingkang asipat mengku raos wetanan.
Saking nanceping raos ingkang boten kraos
wau, kathah ingkang lajeng boten purun gepok
senggol babar pisan, tuwin nyirik lan nebihi
tembang-tembang Jawi. Makaten punika kedadosanipun
kanthi boten rumaos utawi boten dipun njarag.
Dene ingkang makaten wau ugi sanes golonganing
tiyang cubluk, nanging klebet para sarjana
sujana, klebet tiyang pinter. Dados bab kapinteran
punika boten kenging dipun agul-agulaken.
Lajeng kados pundi anggenipun nyegati badhe
migunakaken sarana punapa malih?
Gembluk:
Wah, pancen inggih repot kok. Manawi makaten
kula nggadhahi pamanggih enggal.
Ki Kenthir:
Punapa?
Gembluk:
Manawi pamarentah kepareng nyaring lebeting
barang-barang kabudhayan saking sanes negari,
mbokmanawi kemawon badhe saged dados pitulungan
ageng. Jalaran manawi namung saking reka-dhayanipun
rakyat piyambak kemawon, kinten kula badhe
rekaos sanget saged kaleksanan. Kadosta upaminipun
kemawon, lebetipun majalah-majalah manca,
filem-filem manca, kaset, VCD tuwin sanes-sanesipun,
punika klebet bahan ingkang wigatos.
Ki Kenthir:
Makaten wau kula ugi ndherek sanget. Nanging
mlebetipun barang-barang impor wau inggih
nguntungaken konsumen piyambak saking langkung
kathah macemipun barang lan reginipun. Dados
konsumen saged milih-milih lan milah-milah
pundi ingkang nyocogi seleranipun tuwin kanthongipun.
Kathahipun barang-barang mlebet sakinjg mancanegari
punika inggih saged nuwuhaken dhaya pangripta
[kreativitas] enggal lan saya mindhakipun
mutu anggenipun ngladosi para pangguna. Ingkang
langkung wigatos punika inggih tuwuhing pangertosan
utawi kasadharanipun kita sadaya, klebet
ingkang sami ngasta pusaraniing praja, bilih
gadhah jejibahan lan kedah enggal nyengkud
anggenipun nengenaken kabudhayan Jawi, jalaran
manawi tanpa dipun kanteni tangining raos
pangertos wau, inggih kasadharan wau, punika
boten badhe gampil kadumugenipun.
Gembluk:
Inggih sami dipun pepuji kemawon, mugi sageda
kabul anggen kita manah lan ngleksanani mbangun
tuwin njejegaken adeging jiwanipun bebrayan
Jawi lan kabangsan kita.
|