Nrima punika leregipun dhateng tentreming
manah, dados dede tiyang ingkang lumuh ing
gawe, nanging kang narima ing sapandum. Punapa
ingkang sampun kacepeng ing astanipun, digarap
kanthi suka renaning manah, boten weweka
lan ngangsa-angsa.
Narima punika ateges boten melik
darbeking
tiyang sanes kanthi tumindak
awon, sarta
boten meri dhateng begjanipun
asanes. Mila
tiyang nriman punika saged kawastanan
tiyang
ingkang kadunungan raos sukur
ing Pangeran.
Panarimah punika mujudaken sawijining
bandha
ingkang boten badhe telas. Tiyang
nriman
punika begja wonten ing salebeting
gesangipun
amargi piyambakipun menang lumawan
owah gingsiring
kahanan.
Kuciwanipun, kathah ingkang gadhah pamanggih
bilih kasisahan-kasisahan ingkang pinanggih
punika limrahipun lajeng kawastanan kodrat.
Awit saking punika mila sampun
dados kalimrahaning
akathah, sauger wonten tiyang
ingkang nandang
kasisahan lajeng kalipur kaliyan
tetembungan
supados narimah kemawon amargi
tewahing lelampahan
punika sampun dados kodratipun.
Sanadyan tembung makaten punika inggih sampun
leres, utawi wonten leresipun, nanging tumrap
ingkang kataman babarpisan boten maedahi
punapa-punapa, kajawi mbokmanawi namung saged
ambirat kasisahanipun ing sawatawis mangsa.
Nanging manawi sanes wekdal kataman
lelampahan
malih ingkang boten cocog kaliyan
pangajeng-ajengipun,
saestu badhe kaget anjenger malih.
Punika
amargi wewarah ingkang sampun
katampi ing
ngajeng wau dereng dados kaweruh,
nanging
namung dados jampi panglipur
kemawon.
Makaten kawontenanipun pitedhah
ingkang namung
lelambaran sumende dhateng kodrat
tamtu boten
saged nambahi indhaking kaweruh.
Sadhengah pakarti punika sanadyan sepele
tamtu badhe wonten kedadosanipun. Rehing
tiyang punika limrahipun boten kendhat tansah
makarti, mila inggih tamtu badhe tansah nyumerabi
kedadosan yeyasanipun piyambak.
Dene sadaya kedadosan ingkang limrahipun
kawastanan kodrat punika benten sanget kaliyan
angger-angger yasanipun manungsa ingkang
tansah saged kalindhih dening sebab.
Pramila pitedhah ingkang murih
nampi kedadosan
wau kalayan genging panarimah
punika pancen
inggih sampun samesthinipun,
sauger saged
nyumerabi bilih kedadosan ingkang
sinandang
wau yasanipun piyambak.
Makaten wau lajeng badhe saged
mindhak kasagedanipun.
Dene ing pawingkingipun, lajeng
saged prayitna
ing damel, supados boten ngantos
yasa pandamel
ingkang ing tembenipun badhe
dumados boten
damel renaning sariranipun piyambak.
Nuwun - Mastoni
|