Pangawikan Pribadi: Bebukaning Semedi


Para aji sepuh ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lebda ing [mbokmanawi ... panglanturing] pitutur :)

Manawi boten kalentu kula sampun nate *ngroweng* ing mriki ukara ingkang ungelipun makaten:

"Kaweruh bab ngelmu [kabatosan] punika manawi taksih saking piwulangipun asanes, utawi piwulangipun buku-buku, punika taksih dereng kenging dipun percados wetah, jalaran piwulang wau sayektosipun namung ancer-ancer minangka kangge cocogan ing tembe."

Sampun kalimrah tumraping bangsa Wetanan nindakaken laku prihatin, anggentur tapa brata, semedi, lsp. minangka panembungipun dhateng Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Mangke rumiyin ta, punapa panjenengan piyambak sampun nate angrawuhi utawi dados member sawijining pakempalan kabatosan [please enter your user name and password], lajeng sesarengan nindakaken semedi ingriku? Punapa panjenengan piyambak sampun saged nyumurubi semedi ing sanyatanipun? Kados pundi?

Prayoginipun panjenengan sampun namung maos andharan kula kemawon. Ning sesarengan ngangkah sageda sumerab lan ngalami semedi ingkang sanyata punika. Manawi panjenengan dereng sumerab semedi ingkang nyata, punika ateges panjenengan dereng angsal pangawikan pribadi, basa monceripun self knowledge.

Lan samangsa dereng damang dhateng pribadi panjenengan piyambak, semedi punika boten wonten tegesipun. Manawi boten wonten tegesipun, [ngampil guyonanipun Kang Lurah Setyadi, moderator milis Jawi], 'lha rak mudakir, eh ... mubadzir ta?'

Lajeng kados pundi supados Mudakir boten mubadzir, hayo?
Mubadzir ya ben, ning Mudakir rak kedhip-kedhip.

Weee ... lha kojur, punika wau rak bantahanipun Kanjeng Sunan Girilaya ing Kotagede. Sampun ditiru, mangke bejat milis Jawa. Niru kula kemawon, heheheee ... Nyiak, ngomong kok sakepenake udele dhewe, napa udele dhewe niku enak?

Lenggah ing pojokan patamanan pinggir margi merana seorang diri menanti pujaan hati utawi kliyek-kliyek ing pasareyan ngenteni mudhune ponang wahyu lenga tala, punika rak boten teges semedi ta?

Makaten punika wau leregipun namung nggelengaken cipta, tegesipun misah. Kula saged mesthekaken yen wonten sawatawis tiyang ingkang nyobi ngecakaken semedi kanthi cara-cara wau.

Panjenengan ngangkah nggelengaken cipta, ning nggagas sawijining lesan, pikir panjenengan klambrangan mrika-mrika, mripat merem melek kemuayu kados Yong Ma, panjenengan pidih sagedipun gumeleng. Samangsa kandhas ing sedya, lajeng panjenengan ndonga umik-umik.

Dados manawi tiyang saestu pangangkahipun badhe mangertos pundi ta semedi ingkang leres punika, tiyang kedah sumerab kalintuning tanduk ingkang kita wastani semedi. Sampun tetela yen nggelengaken cipta punika sanes semedi.

Panjenengan ngangkah badhe nggelengaken cipta dhateng sawijining lesan, ning pikir panjenengan slewengan dhateng barang sanes, temahan dumados cengkah-cinengkah, benceng kajeng ajegan. Yen pancenipun makaten badhe katujokaken dhateng satunggiling lesan, ananging pikir boten purun, nyleweng dhateng sanes.

Cobi sapunika panjenengan waspadhakaken, ing salebeting lampah nggelengaken cipta makaten punika, ing ngriku rak ketingal mengku patrap mageri pribadi, dados nyimpang saking tujuwan.

Samangke nyandhak bab ndonga. Cetha bilih ndonga punika wonten wohipun. Upami boten makaten, mangsa puruna tiyang pinten-pinten ndonga. Kados-kados ing salebeting ndonga pikir lajeng kadamel kendel [dede kendel = wani]. Kanthi ngucapaken tetembungan ajeg wongsal-wangsul pikir lajeng dados lerem, sarta ing salebeting lerem wau lajeng wonten pitedah, sawangan utawi wangsulan. Ning, makaten punika inggih taksih kalebet peranganing karti sampekaning pikir.

Jalaran, gunggung kepruk sarana dedonga panjenengan saged damel lereming pikir. Sarta ing dalem lerem wau, wonten wangsulan sandhi jumedul saking raos ingkang boten kawedhar dalah ingkang kawedhar. Ning, makaten punika inggih taksih kawengku ing kawontenan ingkang boten suka pangertosan.

Semedi punika sanes panembah [panembah dhateng pamanggih, gegambaran, utawi kapitadosan] amargi samukawis gegubahaning pikir, punika taksih kalebet ewoning brahala. Saged ugi tiyang boten mangeran dhateng reca, jalaran dipun manah yen pakarti punika nasar saking nalar, kapilare, lan gugon tuhon.

Semedi kanthi mundi-mundi barang gegubahaning pikir, pepetan, pamanggih, rama, begawan, kyai, selebriti kados kula ehm:), lsp., punika inggih sanes semedi ingkang nyata. Cethanipun, punika namung sawenehing lampah ngoncati dhiri pribadi. Patrap ngoncati makaten wau pancen asring saged damel pemareming manah. Ning, inggih taksih ewoning ngoncati.

Pangangkah saged dados tiyang utami kanthi pambubidaya ingkang tanpa kendhat [ngangkah badhe dados tiyang utami sarana masuh dhiri sarana pangatos-atosing pamerdi dhateng dhiri pribadi tuwin sanesipun], punika inggih sanes semedi ingkang nyata.

Kathah ingkang kawilet ing lampah makaten wau. Sarehning punika wau boten mbuka pangertosan kita tumrap kajatening pribadi, pramila lampah punika wau sanes margi ingkang anjog dhateng saleresipun. Pepunthonipun, punapa ta dhasar panjenengan kangge mawas ing saleresipun manawi tanpa pangawikan pribadi?

Bilih tanpa pangawikan pribadi, sadaya ingkang panjenengan tindakaken punika namung badhe manut dhasaring pangangen-angen kita, manut tanggaping cipta ingkang sampun mawa corek.

Tanggaping cipta ingkang mawa corek makaten punika sanes semedi. Ning, sagedipun tiyang sumerab ing tanggaping cipta [tegesipun saged kraos dhateng mobah-mosiking pikir lan raos], punika tanpa ngemohi lan tanpa nanggapi [basa monceripun without condemnation and justification], pasrah bongkokan wis apa jare kono, ngantos pana dhateng mobah-mosiking pribadi, polahipun pribadi. Lha inggih punika margi ingkang saged anjog dhateng semediingkang nyata.

Semedi punika boten ateges kedah nilar bebrayan lho! Bebrayan sampun dipun tilar piyambakan, mangke ndhak sakit rindu. Semedi punika lampah ingkang tundhonipun mbuka pangertosan dhiri pribadi. Bilih tiyang sampun wiwit sumerab ing dhiri pribadi [boten namung ing raos ingkang kawedhar, nanging ugi peranganing dhiri pribadi ingkang tan kawedhar], lha ingriku punika bebukaning kahenengan.

Pikir ingkang kakendelaken sarana peksan, sarana tiru-tiru, punika boten kendel [lerem]. Punika pikir ingkang kandheg. Punika sanes cipta ingkang awas ing pangawikan, tan ika iki, sarta gampil nggraita ing pambudi.

Semedi punika mbetahaken tansah awas lan pamawas, tansah kraos ing saben tembung, pikir lan raos, ingkang medharaken kajatenipun pribadi kita ingkang kawedhar dalah ingkang boten kawedhar. Ing sarehne makaten punika sakelangkung rungsitipun, mila kathah ingkang milih ngoncati lampah semedi, lajeng pados sadhengah kasenengan barang ingkang nggendeng manah.

Ning, samangsa tiyang mangertos bilih pangawikan pribadi punika bebukaning semedi, prakawis punika lajeng dados sakelangkung wigatos sarta damel seming manah. Awit, gunggung keprukipun [wiwit mau kok keprukan terus ta ya! ...biasa, 'kan lagi ngetrend sekarang] bilih tanpa pangawikan pribadi, panjenengan saged nindakaken ingkang panjenengan wastani semedi.

Ning, manawi panjenengan taksih leket ing kapracayan panjenengan, rekening panjenengan, zhang-zhangan [pacar] panjenengan, utawi kosokwangsulipun, panjenengan babarpindhah nyingkur samukawis kadonyan, utawi, saged ugi panjenengan taksih leket dhateng pamanggih [feeling panjenengan nggeleng mriku, temahan pamanggih-pamanggih wau dados dhasaring gegubahan panjenengan ingkang saya mindak-mindak], sampun samesthinipun punika sanes semedi ingkang leres.

Kados atur kula ing inggil, bilih pangawikan pribadi punika minangka bebukaning semedi. Tanpa pangawikan pribadi, tangeh sagedipun semedi. Manawi tiyang punika saya lebet pangawikaning ing dhiri pribadinipun, angen-angenipun dados lerem lan lugu kendel, saged nglalekaken kajatenipun.

Kendelipun punika boten kadamel, boten kapeksa awit saking melik ganjaran swarga utawi saking ajrih neraka. Ingriku lajeng wonten kahenengan, lah ing ngriku ngalelanipun Ingkang Sanyata, The Reality.

Ning, kahenengan ing ngriku sanes kahenengan cara Islam, Kristen, Budha, utawi Hindhu. Kahenengan ing ngriku punika kahenengan ingkang boten kenging kawastanan. Mila, bilih panjenengan ngambah margining kahenengan cara Islam, Kristen, Budha utawi Hindhu, tangeh sagedipun kendel.

Dados, manawi tiyang nedya manggih Kasunyatan, kedah nyingkur babarpisan wewatesanipun, punapa Islam, Kristen, Hindhu, Buddha, utawi golongan sanesipun.

Manawi prenthulipun, eh kleru, perlunipun namung nyantosakaken dhedhasaranipun [i.e. agama/kapracayan panjenengan] sarana semedi, sarana mituhu ing tuladha isining kitab-kitab utawi dhawuhing ika iki, punika tumraping kula pribadi namung badhe damel kandheg lan bawuring cipta.

Lan kula boten saged mesthekaken saestu punapa ingkang dipunpingini ing akathah, awit pancen gampil damel patuladhan lajeng dipunpituhu. Ning, manawi tiyang ngangkah badhe luwar saking dhedhasaripun, punika mbetahaken pamawas ingkang tanpa kendhat dhateng sesrawungan.

Samangsa sapisan kemawon sampun kasil saged ngambah ing kahenengan makaten wau, temahan tuwuh kawignyan bawa anggit ingkang boten kados salimrahipun. Ning, kahenengan punika boten saged ginayuh punapa malih dipuntiru, manawi makaten lajeng ical. Panjenengan boten saged dumugi ingriku sarana ngambah margi pundi kemawon.

Sagedipun kadumugen, namung manawi larahing pribadi dipunmangertosi, sarta pun pribadi dalah sadaya pakartinipun lan kajuliganipun sampun telas. Angen-angen sampun boten nggubah, punika dhatengipun bawa anggit [creation]. Awit saking makaten wau, pikir kedah dados prasaja, angen-angen kedah tentrem.

Ning, tembung 'kedah' punika estunipun boten leres. Ungel-ungelan 'pikir kedah dados prasaja, angen-angen kedah tentrem', punika mengku suraos pameksa. Angen-angen punika saweg tentrem samangsa boten dipun peksa, nembeh sadaya pakartining pribadi saged kendel.

Manawi sadaya polahipun pribadi punika sampun kendel, lha ing ngriku saweg wonten kehenengan. Kahenengan makaten punika semedi ingkang sanyata. Inggih salebeting kahenengan ingkang makaten wau ngalelanipun Kasunyatan.

Well, ... just an idea from a child who is traveling from the world of appearances to the world of Reality.

"Do not struggle.
Go with the flow of things,
And you will find yourself at one with
The mysterious unity of the Universe."

~ Chuang Tzu
["Sipit ya ben, ning rak kedhip-kedhip," maka berkatalah Kanjeng Sunan Girilaya.]

Mastoni


back to the top

Just create ringtones of your favorite tracks.