Bangsa Indonepunsiwalan punika umuripun teksih
enem, teksih abege [saged ugi dipun tegesi
atas bawah gundul, wong nyatane ngono]. Upaminya
lare jaler, punika sinebut Jaka Kumala Kala,
tegesipun dereng ajeg kekajenganipun. Manawi
kempalan kaliyan tiyang ingkang awon kalakuwanipun,
inggih gampil ketularan awon. Wewatekanipun
dados cules, selagine ana butuhe katone apik
banget, ngrampek-ngrampek, guyune sumeh,
tur sumehe nganti lambene katon ngoweh-ngoweh
binti ndoweh njuweweh kaya tempeh [amit-amit
gek krama inggrisku kok dadi alus banget
ta ya].
Lha mengko yen niyate wis klakon, bisa malih
utawa kolu kejem nguntal sing nulungi. Diuntal
mak glegek tanpa nganggo gedhang. Kajawi
punika wonten malih ingkang hobinipun namung
remen ndilat ndhuwuran, nanging ngidek utawi
ngencot ngisorane kaya lakune wong nyigar
pring kae lho ... mak prek byakkk banjur
metu kadhale! Kadhal manganggo ageman bathik
pating plungker kados pola Parangbejat punika
awrat tetengeranipun lho, tanpa kanyana wis
lumebu ing njerone ati [lha ati kuwi manggone
ya mesti ana ing jero no, apa ya ana ati
ing njaba hayo?].
Sapunika upamiya antawisipun tigan lan ayam,
pundi ingkang wonten rumiyin, tiganipun punapa
ayamipun? Cakra Manggilingan, dadine bunder
munyer.
Samanten ugi kawontenanipun tiyang bodho.
Tiyang cubluk punika gampil dados santapane
tiyang pinter. Mila sampun kendhat anggenipun
ngudi kawruh amrih saged dados tiyang pinter
sauger manawi sampun pinter boten lajeng
kangge minteri tiyang asanes.
Nanging tiyang pinter punika teksih kaworan
dening tiyang kuwasa. Mila ingkang sabar
kemawon dados tiyang ingkang dereng anggadhahi
kuwasa, sauger ing tembe manawi sampun gadhah
panguwasa sampun ngantos dados kumawasa.
Tiyang kuwasa punika sayektosipun
inggih
teksih kawon kaliyan tiyang begja
karana
kabegjan punika kagunganipun
Gusti piyambak.
Mila sampun kendhat anggenipun
sami ngibadah
miturut kayakinanipun piyambak-piyambak
lan
samya anebihi tumindhak gampil
maido utawi
nyalahaken asanes.
Nanging tiyang begja punika inggih
teksih
kalah kaliyan tiyang edan! Lha
punika ingkang
damel mumeting sirah kula piyambak.
Jalaran
tiyang edan punika utawi tiyang
ingkang ngedan
punika wani nekad, cara Suroboyoanipun
bonekan
[bondhone mek nekad]. Mila tiyang
kabegjan
wau lajeng rumaos lingsem manahipun,
trima
ngalah bae wong ya mungsuh wong
edan. Lha
tiyang edan manawi dipun ladeni,
sing ngladeni
rak bakal melu katut edan tenan,
nggih napa
nggih?
Pungkasanipun tiyang edan punika kalahe nggih
namung kaliyan tiyang bodho. Hopo tumon dulur?
Lha kepriye orane, sapunika sinten ingkang
kumawantun kaliyan tiyang edan manawi boten
tiyang bodho, ingkang boten anggadhahi pamikiran
ingkang muluk-muluk, sauger praktis pragmatis
[basa ngendi maneh iki?], soal ketemune mengko
ora isis urusan mburi, sing penting urusane
klakon dhisik, mongsa bodhoa, ya bodho tenan.
Wong edan iku sing diendelake dudu tekad
asih, nanging tekad pamrih sangune kuwat
urat, wanine mung njaring teri dudu kakap
apamaneh sing kelas paus [ngapausi terus
nich ceritanya]. Yen wani nangkep sing cilik,
kudune mbok iya wani nangkep sing gedhe.
Aja yen kucing nyolong pepes teri jamuren,
wong sakampung padha nggebuki nganti modyar.
Nanging yen macan mlebu kampung kabeh padha
nutupi lawange. Kudune sing 'macani' rakyat
kuwi sing digebuki amerga luwih mbebayani.
Ngomong apa ta aku iki kok banjur mblarah
tekan ngendi-endi?
Wis wis, ... sapunika kula kantun nyumanggakaken
kemawon, panjenengan badhe milih dados tiyang
bodho, tiyang pinter, tiyang kuwasa, tiyang
begja punapa sami dados tiyang edan kemawon,
sumangga ndherek kersa. Kula pribadi milih
dados tiyang ingkang tansah eling lan waspadha.
Kaserat ing Kalatidha anggitanipun Raden
Ngabehi Ronggawarsita ing Surakarta cedhak
kaliyan kula:)
"Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lan waspada."
Awit saking punika ing salebetipun 'lare'
abege umur semanten wau, para ingkang sami
kajibah nggulawentah, kedah ngatos-atos sampun
ngantos gumluweh lan nggegampil [sembrana].
Kedah nuladhani tindhak-tandhuk ingkang prayogi
jalaran pancadriyanipun lare abege wau wiwit
tumangkar, wong jare wakil rakyat kok tumindahke
anglingsemi bangsa.
Kamangka punapa kemawon ingkang kepireng
lan dipun sumerebi badhe saged tumanem lebet
sanget wonten ing manahipun. Salajengipun
pakulinan punika asring saged rumesep dados
watak.
Lha punika ingkang kula ajrihi, manawi sampun
malih mak grombyang ingkang waunipun nembe
arupi pakulinan sapunika sampun dados watak,
punika tamtu awrat sanget, boten gampil anggenipun
saged ngowahi malih. Minangka tuladha cobi
kula aturi mirsani hasil pamulanganipun pendidikan
ala Orba dhumateng mentalipun bangsa kita
samangke. Hebring sanget njih? Mastoni mung
bisa mesem kecut.
Pisambate Ki Denggleng Pagelaran jragane
milis Wojoseto banjur ngaru-ara kebak panalangsa
"Suedhiiiiih aku...!" Wis ta menenga,
ndang dilapi kono luhe, iki lho ngelape nganggo
gombal bae, gek tisyu ya larang regane, barang
impor maneh. Gek tisyu bae kok ya ndadak
ngimpor ta ya, 'Suedhiiih aku ...!"
Bisane apa ya mung gawe perkara thok?
Ing Serat Wulang Reh ugi sampun
nyebataken
kawrat wonten ing Sekar Kinanti
ungelipun
makaten:
"Yen wong anom pan wus tamtu, manut
marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh
bangsat, nora wurung bisa maling, yen kang
ngadhep keh durjana, nora wurung bisa juti."
Tumrap lare gampil sanget netepi kados ungeling
uran-uran ing inggil wau. Pramila punika
prelu sanget dipun jagi lan angsala tuntunan
ingkang sae. Lare punika ateges tiyang ingkang
dereng dhewasa. Lha dhewasa punika tegesipun
lare ingkang sampun gadhah kekencenganing
manah ingkang badhe kangge sarana nggayuh
kekajenganipun. Punika sampun kenging dipun
culaken, namung kantun ngulataken kemawon,
lan sampun ngantos dipun wengku sanget-sanget
supados manahing lare saged omber, lega.
Manawi kawengku sanget-sanget,
akal lan pikirane
lare adhakanipun kerep kesindhet,
boten saged
subur ngrembuyung, lajeng kagol,
boten nggadhahi
tekad ingkang kenceng. Makaten
wau boten
beda kaliyan taneman ingkang
dipun salap
wonten pot, tamtu boten badhe
saged ageng
tuwuhipun. Kosokwangsulipun manawi
dipun
umbar katanem ing siti, taneman
wau badhe
saged nyrekakah oyodipun, temahan
witipun
sampun saged langkung ageng,
roninipun nggrembuyung,
kenging kangge pangayoman.
Tumraping bangsa Indonesia sasampunipun mardhika
rong uwe siji kapendhet sekawan dasa gangsal
dados sampun 56 warsa [bener apa ora ta,
matematikaku kaku tenan], nyarengi kaliyan
tuwuh saya mindhak ngrembakanipun kamajengan
teknik kalairan maneka warni. Sayang seribu
sayang, kamajengan ing bab olah kawruh kabatosan
katingalipun boten sami majeng mangarsa nggelar
pangawikanipun. Kamangka manawi kawruh kekalih
[lair lan batosipun] sampun saged kacakup
sadaya, saiba badhe saenipun bangsa lan negari
kita punika, boten amburadhul kados wekdal
samangke.
Kawruh kabatosan punika saestu dados urub-urubing
kawruh kalairan. Sakawit ingkang jumedhul
rumiyin punika batin. Mangke sampun tumindhak,
pun batin lajeng mapan wonten sawingkingipun
lair minangka panjurungipun. Mila kawruh
lair lan batin boten kenging kasingkur salah
satunggal, kedah sami ngrasuk, saha dipun
pigunakaken samesthinipun. Awit lair lan
batin punika pirantosing manungsa ingkang
tansah gegandhengan boten kenging kapisah,
sanadyan kabetahanipun beda, nanging sampun
tinakdir jejodhowan.
Tiyang bebojowan ingkang jodho, punika limrahipun
malah kosokwangsul wewatakanipun. Manawi
sami malah sok boten jodho. Upaminya makaten:
ingkang jaler awatak brangasan, ingkang estri
ugi awatak brangasan punapa boten badhe nggegirisi,
punika mesthi karep paben. Nanging manawi
watakipun beda, badhe saged mong kiinemong.
Tiyang bebojowan ingkang jodho, raosing manah
sakalih-kalihipun namung sreg lan seneng.
Manggena wonten pundi kemawon, wonten griya
sae utawi wonten ngandhapipun krenteg inggih
tansah sreg lan seneng [duile anak mami ...].
Wondene lair lan batin punika
sami nggadhahi
hak piyambak piyambak, lan hak
wau kedah
kita paringaken dhateng ingkang
kagungan,
lan sampun ngantos dipun kirangi.
Awit manawi
sampun dipun kirangi tamtu badhe
ndadosaken
sabab kadosta, manawi ingkang
dipun kirangi
lair, badhe saged ndadosaken
sabab susuting
raga. Manawi ingkang dipun kirangi
hakipun
batin, badhe ndadosaken sabab
pamikiranipun
kerep peteng utawi sok sok malah
buntu. Dados
manungsa gesang punika ugi gadhah
ratu salebeting
badhan, inggih punika manah.
Manungsa manawi
risak manahipun, lajeng ketingal
kemawon
risaking badhanipun.
Mirid andharan ing ngajeng wau kita boten
perlu mamang lan nyumelengaken bilih kawruh
kabatosan punika badhe ngalang alangi utawi
ngrendhet ngrendheti kamajenganipun tata
kalairan, punika babarpisan boten. Malah
kosokwangsulipun, amargi kawruh kabatinan
punika panuntuning jiwa ngambah margi ingkang
anjog manah jujur, inggih punika marginipun
piyambak. Teka mokal, tiyang olah kabatinan
purun nyleweng dhateng tumindak awon, culika,
kejem, cidra lsp. Manawi wonten ingkang tumindak
makaten, inggih dede utawi dereng saged sinebut
tiyang olah kabatinan.
Ing wekdal punika mangga sami
nenuwun mugi
sageda netepi kados ungeling
paribasan: pinter njala langit. Nanging sampun ngantos tilar aji lan dhaya
tetimbangan lair lan batosipun.
Manawi kalih
kalihipun sami kaudi kamajenganipun,
inggih
makaten punika ingkang badhe
nuwuhaken katentremaning
jagad.
..... Nalika iku jagad katon padhang sumilak,
langit resik sumeblak biru maya rinengga
grembel-grembeling mega putih memplak. Nalika
iku alam sasisine katon sumringah gumuyu
renyah, melu suka bungah nanggapi omonganku
sing kemrusuk kaya kandhang bubrah mlarah-mlarah
ora nggenah. Iya wis tekan samene bae.
Wasana nyumanggakaken. |