SUGENG RAWUH
Saking Mastoni ing New York

Esthining manah panêmbah kulå namung dhumatêng ngarsaning Gusti Kang Akaryå Jagad ingkang mêngku saliring papadhang tansah ambubuhi sagunging tusnuwuh lan ngrêkså sagunging dumadi.

Sumånggå sami hanênuwun murih kasêmbadaning sêdyå ingkang utami sagêdå tåtå titi têntrêm kartå raharjå sartå tinebihnå saking sadåyå panyêluding wisayaning ngagêsang.

Pårå sutresnå kabudhayan Jawi,

Bêrandåwårtå PAWARTOS JAWI punikå karacik, rinumpåkå tuwin kariptå botên namung mligi kangge nglêmpakaken kawêruh ulah kabatosan ingkang sinêngkêr ing sêrat-sêrat Jawi kinå titilaranipun para lêluhur kita, nanging ugi sapêrlu kangge hangonceki båså sasandhining sadåyå piwulang kalawau ginayuh sarana imbal wacana antawisipun kula lan panjênêngan para maos..

Hewadene perlu kawuningan bilih pun pangriptå sanes ahli ing babagan pambabaring sastrå Jawi kinå ingkang ukaranipun kathah ingkang kirang cêthå maksud suraosipun, tlêsihing panjarwå bab têmbung-têmbung ingkang pinanggih ing kitab-kitab Jawi kinå punika ingkang botên kalimrah ing pasrawungan padintênan.

Ananging sadåyå piwulang Jawi ingkang tansah dinapur ing pralampitå titilaranipun pårå lêluhur kitå punika kêdah kababar malih murih sagêdå dipun wuningani punåpå ingkang dados suraosipun saenggå badhe migunani sartå ambrêkahånå ing akathah.

Panggêlaring sadåyå piwulang ingkang kawursitå ing salêbêting kitab-kitab kados dene Primbon tamtu wigatos sangêt supados kitå sagêd amanggihi usådå ingkang sampun cêtha welå-welå abên-abênan lan tumanjanipun, dados botên sami kinen ambatang adêging cacangkriman malih.

Manawi sampun kita jinggleng maksud suraosing sadåyå piwulang kalawau, tamtu kita botên badhe sami rêbah ing sêkar cêmpåkå, tånsåh winadungan, tinêgoran, tinutuhan, lan kaprapalan êrining pung sêcang, têgêsipun amastani dhatêng manungså ingkang tanpå nindhakakên ing dugi prayogi, tanpa ngati-ati, surti tuwin riringå.

Hewadene anggenipun kita nyumêrêbi dhatêng suraos tuwin maksudipun ukårå ing salêbêting piwulang wau, pamêndhêtipun kêdah mawi pangot wåjå kanthi landhêping panggraitå, inggih punikå papadhanging pangangên-angên.

Kawontênanipun tiyang ingkang sawêg nglamuri among urub bramaning kasengseman angobar-ngobaraken håwå nafsunipun, saêstu botên angrewes dhatêng sawarnaning piwulang sae arupi ulah kabatosan ingkang sinêngkêr ing rêrangkêning ukara ingkang rinangkul ing saklêbêting sêrat-sêrat Jawi kinå punikå.

Kosokwangsulipun rumaos ecå lan sakecå yen anglampahi saliring pandamel ingkang sami nêrak anggêr-anggêr tinarajang ing wêwalêring kasusilan tinêbihnå saking pawartos kabingahan.

Ananging pårå ulah katêntrêman sakalangkung rêsêp andulu dhatêng pårå ingkang sami kalis saking babandaning hawanafsu atêgês boten kapincut ing kabingahan kasugihan, kamukten lan saksaminipun. Dados gêsangipun sampun botên kapuråså dening ecå-sakecå tuwin bingah sisah, darbekipun namung tansah anglênggahi dhatêng ulah katêntrêman.

Pangimpun sami nothol dhåyå-dhåyå kumåwantun kêpingin ndherek ambabar piwulang Kêjawen ing pangajab sagêdå kabudhayan Jawi ingkang hadiluhung punikå sagêd kondhang kaonang-onang ing saindhênging jagad nåtå.

Ing wusånå, mugi bêrandåwårtå punikå wontên pigunanipun lan botên badhe andadosakên ibå kuciwaning pênggalih panjênêngan sadåyå.

Nuwun,
Mastoni - New York

back to the top

cheap cigarettes . car insurance . Payday loans online