www.mastoni.com


SERAT SABDA TAMA
R. Ng. Ronggowarsito


Gambuh
Rasaning tyas kayungyun
Angayomi lukitaning kalbu
Gambir wanakalawan hening pitutur
Sumingkring reh tyas mirong

Den samya amituhu
Ing sajroning jaman Kala Bendhu
Yogya samyanyenyuda hardaning ati
Kang anuntun mring pakewuh
Uwohing panggawe awon

Ngajapa tyas rahayu
Ngayoma sasameng tumuwuh
Wahanane ngendhake angkara klindhih
Ngendhangken pakarti dudu
Dinulu luwar tibeng doh

Beda kang ngaji pumpung
Nir waspada rubedane tutut
Kakinthilan manggon anggung atut wuri
Tyas riwut-ruwet dahuru
Korup sinerung agoroh

Ilang budhayanipun
Tanpa bayu weyane ngalumpuk
Sakciptane wardaya ambebayani
Ubayane nora payu
Kari ketaman pakewoh

Rong asta wus katekuk
Kari ura-ura kang pakantuk
Dandanggula lagu palaran sayekti
Ngleluri para leluhur
Abot ing sih swami karo

Galak gangsuling tembung
Ki Pujangga panggupitanipun
Rangu-rangu pamanguning reh harjanti
Tinanggap prana tumambuh
Katenta nawung prihatos

Wartine para jamhur
Pamawasing warsita datan wus
Wahanane apan owah angowahi
Yeku sansaya pakewuh
Ewuh aya kang linakon

Sidining Kala Bendhu
Saya ndadra hardaning tyas limut
Nora kena sinirep limpating budi
Lamun durung mangsanipun
Malah sumuke angradon

Ing sapangu
Pangungaking kahanan wus mirud
Morat-marit panguripaning sesami
Sirna katentremanipun
Wong udarasa sakenggon-enggon

Kemat isyarat lebur
Bubar tanpa daya kabarubuh
Paribasan tidhem tandhaning dumadi
Begjane ula dahulu
Cangkem silite anyaplok

Ndhungkari gunung-gunung
Kang geneng-geneng padha jinugrug
Parandene tan ana kang nanggulangi
Wedi kalamun sinembur
Upase lir wedang umoh

Kalonganing kaluwung
Prabanira kuning abang biru
Sumuruba iku mung sorote warih
Wewarahe para Rasul
Dudu jatining Hyang Manon

Supaya padha emut
Amawasa benjang jroning tahun
Windu kuning kono ana wewe putih
Gegamane tebu wulung
Arsa angrebaseng wedhon

Rasane wus karasuk
Kesuk lawan kala mangsanipun
Kawisesa kawasanira Hyang Widhi
Cahyaning wahyu tumelung
Tulus tan kena tinegor

Karkating tyas katuju
Jibar-jibur adus banyu wayu
Yuwane turun-temurun tan enting
Liyan praja samya sayuk
Keringan sak enggon-enggon

Tatune kabeh tuntum
Lelarane waluya sadarum
Tyas prihatin ginantun suka mrepeki
Wong ngantuk anemu kethuk
Isine dinar sabokor

Amung padha tinumpuk
Nora ana rusuh colong jupuk
Raja kaya cinancangan aneng nyawi
Tan ana nganggo tinunggu
Parandene tan cinolong

Diraning durta katut
Anglakoni ing panggawe runtut
Tyase katrem kayoman hayuning budi
Budyarja marjayeng limut
Amawas pangesthi awon

Ninggal pakarti dudu
Pradapaning parentah ginugu
Mring pakaryan sregep tetep nastiti
Ngisor ndhuwur tyase jumbuh
Tan ana wahon winahon

Ngratani sapraja agung
Keh sarjana sujana ing kewuh
Nora kewran mring caraka agal alit
Pulih duk jaman ruruhun
Tyase teteg teguh tanggon.

back to the top

First class seo edinburgh overview