|
|
|
|
|
Sastra Gêndhing
dening
Sultan Agung,
Jumênêng Nata Kraton Mataram
(1613-1645)
Dhandhanggula
1.
Pawitane wong urip puniki,
pan sadasa lamun datan bisa,
nistha kuciwa dadine,
dhihin karêm ing ngelmu,
kaping kalih bisa angaji,
ping tiga bisa maca,
ping sakawanipun, kudu ahlul anênurat,
kaping lima wignya anitih turanggi,
ping nêm bisa bêksa.
2.
Kaping pitu kudu wruh ing gêndhing,
kaping wolu apan kudu bisa,
têmbung kawi têmbang gêdhe,
ping sanga bisa iku, ulah yudha gêlaring
jurit, limpad pasanging grahita,
ping sadasanipun, wong urip wekasan lena,
den-prayitna ing pati patitis,
patitis ing kamuksan.
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
The Book of Music
by
Sultan Agung
Ruler of the Mataram Kingdom
(1613-1645)
In the Dhandhanggula Meter
1.
The skills one needs starting out in life
are ten. Whoever does not have them
will be of low status and disappointing.
First is a love of knowledge;
second, the ability to recite Qur'an;
third, the ability to read;
fourth, the ability to write;
fifth, equestrian skills;
sixth, the ability to dance.
2.
Seventh is ability in music;
eighth a knowledge of literary
vocabulary and high poetry;
ninth is skill in military arts and tactics;
high spiritual attainment is tenth.
Life must end in death.
Learn the right way of dying,
the skill of separating from the body.
|
|
|
|
|
|
|