Wong kang ambudi daya kalawan anglakoni tapa
utawa semedi kudu kanthi kapracayan kang
nyukupi apa dene serenging lan kamempengan
anggone nindhakake. Atine kudu santosa temenan
supaya wong kang nindhakake sedyane mau ora
nganti kadadeyan entek pengarep-arepe yen
kagawa saka kuciwa dening kahanane badane,
wong mau kudu nindakake pambudi dayane luwih
saka wewangening wektu saka katamtuwaning
laku kang dikantekake marang sawiji-wijining
mantram lan ajaran ilmu gaib awit gede gedening
kagelan iku ora kaya wong kang gagal enggone
nindakake lakune rasa kuciwa kang mangkono
iku nuwuhake prihatin lan getun, nganti andadekake
ciliking ati lan enteking pangarep-arep.
Sawise wong mau entek pangarep arepe lumrahe
banjur trima bali bae marang panguripan adat
sakene mung dadi wong lumrah maneh.
Kawruhana wong kang lagi miwiti
ngyakinake
ilmu gaib sok sok dheweke iku
mesthi nemoni
kagagalan kagagalan kang nuwuhake
rasa kuciwa.
Sawijining wewarah kang luwih
becik tumrap
wong kang lagi nglakoni kasutapan
iya iku
ati kang teguh santosa aja kesusu-susu
lan
aja bosenan ngemungake wong kang
anduweni
katetepan ati lan santosaning
sedya sumedya
ambanjurake ancase iya iku wong
kang bakal
kasembadan sedyane. Wong ngyakinake
prabawa
gaib iku anduweni kekarepan supaya
dadi wong
lanang temenan kang diendahake
dening wong
akeh, iya anaa ing ngendi wae
enggone nyugulake
dirine, Amarehe diwedeni ing
wong akeh panguwuhe
gawe kekesing wong yen anyentak
dadi panggugupake
lan gawe gemeter dirine, ditrisnani
ing wong
akeh pitembungane digatekake
lan pakartine
diluhurake ing wong akeh, iya
pancen nyata
wong liyane mesthi tunduk marang
sawijining
wong kang ahli ilmu.
Wong ahli kasutapan tansah yakin
enggone
ngumpulake kekuwatan gaib ing
dalem dhirine.
Ana paedahe kang migunani banget
manawa wong
nindakake pambudi daya kalawan
misah dheweke
ana ing papan kang sepi karana
tinimune kekuwatan
gaib iku sok-sok tinemu dhewekan
ana ing
sepen. Wong ahli kasutapan kudu
budidaya
bisane nglawan marang nepsune
kekarepan umum
(kekarepan wong akeh kang campur
bawur ngumandang
ana ing swasana), kalawan tumindak
mangkono
wong ahli kasutapan mau dadi
nduweni pikiran-pikiran
kang mardhika, iya pikiran-pikiran
kang mangkono
iku kang bisa nekakake kasekten
gaib.
Sangsaya akeh kehing kang kena
tinides, uga
sangsaya gedhe tumandhoning kekuwatan
gaib
kang kinumpulake. Kekuwatan gaib
iku tansah
makarti tanpa kendhat enggone
mujudake sedya
lan nganakake kekarepan. Wong
ahli kasutapan
kudu anduweni ati kang tetep
lan kekarepan
kan dereng, kalawan ora maelu
marang anane
pakewuh pakewuhe lan kagagalan-kagagalaning.
Kasekten iku kaperang ana rong
warna, iya
iku kasekten putih (Witte magie/white
magic)
utawa kasekten ireng (Zwarte
magie/Black
Magic). Awit saka anane perangan
mau banjur
dadi kanyatan yen perangan kang
sawiji iku
becik, dene perangan liyane ala.
Kasekten putih iku satemene ilmu
Allah Kang
Maha Luhur wis mesthi bae kapigunakake
mligi
kanggo kaslametane wong akeh.
Dene kasekten
ireng iku ilmu kaprajuritan kang
kapigunakake
luwih-luwih kanggo nelukake kalayan
paripaksa,
sarta bakal anjalari kacilakaning
wong liya.
Ananing sakaro karone saka sumber
ilmu Allah
sarta sakaro karane iku padha
dipigunakake
kalawan atas asma Allah. Tinemune
ilmu-ilmu
kasekten iki saranane kalawan
kekuwataning
pikiran pikiran iku manawa kagolongake
meleng
sawiji bisa nuwuhake kekuwatan
kaya panggendeng
kang rosa banget tumrap marang
apa bae kang
dipikir lan disedya.
Wong kang nglakonitapa kalawan
nindakake
laku-laku kang tinemtokake wis
mesthi bae
gumolonging pikirane bebarengan
padha kumpul
dadi siji sarta katujokake marang
apa kang
disedya kalawan mangkono iku
kekuwatan daya
anarik migunakake sarosaning
kekuwatane banjur
anarik apa kang dikarepake. Swasana
kang
katone kaya dene kothong bae
iku satemene
ana drate rupa-rupa kayata :
geni murub emas
kayu lemah waja, electrieiteit
zunrstof koolzunr
sarpaning Zunr lan isih akeh
liya-liyane
maneh.
Samengko umpamane ban ana sawijining
wong
kang lagi tapa kalawan duwe sedya
supaya
andarbeni daya prabawa kang luwih
gedhe sarta
anindakake sakehing kekuwatan
pikiran kalawan
ditujokake marang sedyane mau
nganti nuwuhake
daya prabawa. Kekuwataning daya
anarik saka
pikiran iku banjur anarik dzat
ing swasana
kang pinuju salaras karo daya
prabawa mau
kalawan saka sathithik sarta
sareh dzat daya
prabawa kang ing swasana iku
katarik mlebu
ing dalem badane wong kang lagi
tapa mau.
Kalawan mangkono dzat "prabawa"
iku dadi kumpul ing dalem badane
wong narik
dzat iku nganti tumeka wusanane
badane wong
ahli tapa, iku bisa metokake
daya prabawa
kang gedhe daya karosane.
Wong kang andarbeni ilmu kang
mangoko iku
dadi sawijining wong kang sakti
mandraguna.
Tumrap wong-wong kang nglakoni
tapa ditetepake
pralambang telu : Diyan, Jubah
lan Teken.
Diyan minangka pralambanging
pepadhang, tumrap
kahanan kang umpetan utawa gaib.
Jubah minangka
dadi pralambange katentremaning
ati kang
sampurna, dene teken minangka
dadi pralambanging
kekuwatan gaib.
Ing dalem sasuwene wong nglakoni
tapa iku
prelu banget kudu migateake marang
sirikane,
kayata : wedi, nepsu, sengit,
semang-semang
lan drengki. Rasa wedi iku sawijining
pangrasa
kang luwih saka angel penyegahe.
Menawa isih
kadunungan rasa wedi ing dalem
atine wong
ora bakal bisa kasambadan apa
kang disedyaak.
Kalawan "rasa wedi"
iku atining
wong dadi ora bisa anduweni budi
daya apa-apa.
Sajrone nglakoni tapa utawa salagine
ngumpulake
kekuwatan gaib, atining wong
iku mesthi kudu
tetep tentrem lan ayem sanadyan
ana kadadeyan
apa wae. Manawa atine wong iku
nganti gugur,
kasutapan iya uga dadi gugur
lan kudu lekas
wiwit maneh. Gegeman kalawan
wadi sakehing
ilmu gaib lkang lagi pinarsudi,
luwih becik
murih nyataning kasekten tinimbang
karo susumbar
kalawan kuwentos kayakenthos.
"Nepsu" iku andadekake
tanpa dayane
kekuwataning batin. "Semang-semang"
iku andadekake ati kang peteng
ora padhang
terang. "Sengit utawa drengki"
iku uga dadi mungsuhing kekuwatan
gaib. Wong
kang lagi nindakake katamtuwan
ing dalem
kasutapan kudu kalawan ati kang
sabar anteng
lan tetep. Patrapebadan kang
kaku lan kagugupan
kudu didohake .
- Aja sok singsot
- Aja duwe lageyan sok nethek nethek kalawan
driji tangan marang meja kursi utawa papan
liyane.
- Aja ngentrok-entrokake sikil munggah mudhun.
- Aja sok anggigit kukuning dariji tangan.
- Aja mencap-mencepake lambe.
- Aja molahake lidhah lan andhilati lambe.
- Aja narithilake kedheping mata.
- Ngedohake sakehing saradan utawa bendana
kang ora becik, kayata glegak-glegek molah-molahake
sirah, kukur-kukur sirah, ngangkat pundhak
lan liya-liyane sabangsane saradan kabeh.
Satemene perlu banget nyirnakake
kekarepan
"drengki" luk wit ngrasaning
karep
drengki iku banget nindhih marang
diri pribadi.
Ana maneh "drengki"
iku kaya anggawa
sawijining pikulan abot kang
tansah nindhes
marang dhiri lan sarupa ana barang
atos medhokol
kang angganjel pulung ati. "Drengki
lan meri" iku mung anggawa
karugiyan
bae tumrap kita, ora ana gunane
sathithik
-thithika. Salawase wong isih
anduweni pangrasan
karep "drengki lan meri"
iku ora
bakal bisa tumeka kamajuwane
tumrap dunya
prabawaning gaib.
Ora mung tumindak bae tumrap
sawijining wong
bae bisa maluyakake wong liya
kalawan kekuwatan
gaib nanging uga tumindak tumrap
sawijining
wong maluyakake dhiri pribadi
kalawan kekuwatan
iku. Bisane maluyakake larane
wong liya,
mesthine kudu ngirima kekuwatan
waluya marang
sajroning badane wong kang lara.
Manawa wong
gelem naliti yen wong iku bisa
ngumpulake
kekuwatan gaib ing dalem badane
dhewe lan
ngetokake sabageyan kekuwatan
gaib kawenehake
marang wong liyane mestheni uwong
bisa ngreti
yen arep migunakake kekuwatan
iku nganggo
paedahe dhiri dhewe uga luwih
gampang.
Supaya bisa nindhakake pamaluya
marang dhirine
dhewe kalawan sampurna wong ngesthi
kudu
mahamake cara-carane maluyakake
panyakit.
Iya iku cara-cara kang katindakake
kanggo
maluyakake wong liya lan wusanane
ambudidaya
supaya bisa migunakake obah-obahan
iku marang
awake dhewe.
Kawitane wong kudu nindakake
patrape mangreh
napas, kanggo negahake asabat.
Dene carane
ngatur napas iku kaprathelakake
kalayan ringkes
kaya ing ngisor iki :
- Madika panggonan kang sepi.
- Lungguha ing sawijining palinggihan kang
endhek lan kepenak, sikil karo pisan tumapak
ing lemah.
- Badan kajejegake lan janggute diajokake.
- Benik-beniking klambi kang kemancing padha
kauculan, sabuk uga diuculi supaya sandangan
dadi longgar lan kepenak kanggo tumindhak
ing napas.
- Pikiran katarik mlebu, supaya luwar saka
sakehing geteran pikiran kaya saka ing jaba.
- Sakehing urat-urat kakendokake.
- Banjur narika napas kalawan alon lan nganti
jero banget tahanen napas iku sawatara sekon/detik
(kira-kira 6 detik) lan wusanane wetokna
napas iku kalawan sareh.
Anujokna gumolonging pikiran
kalawan ngetut
marang napas kang mlebu metu
iku kalawan
giliran. Cara nindakake napas
kaya ing ngisor
iki :
- Narik napas kalawan alon lan nganti jero
ing sabisane, nganti dhadha mekar lan weteng
dadi nglempet.
- Nahan napas iku kira-kira nem saat utawa
luwih suwe ing dalem paru-paru dhadhane cikben
lestari mekare, lan wetenge cikben lestaringlempetake
kalawan mangkono iku gurung dalaning napas
tansah tetep menga.
- Ambuangna napas kalawan alon nganti entek
babar pisan nganti dhadha dadi kempes, lan
weteng dadi mekar.
- Banjurna marambah-rambah matrapake mangkono
iku suwene kira-kira saka lima tumeka limolas
menit utawa luwih suwe nganti bisa nemoni
pangrasa anteng lan tentrem ing sajroning
badan.
Carane matrapake kasebut ing
dhuwur iku sawijining
cara kanggo napakake napas, iki
kena lan
kudu ditindakake saben dina telung
rambahan,
dening sapa bae kang nglakoni
tapa supaya
oleh ilmu gaib. Daya kang luwih
bagus iya
iku miwiti makarti miturut pituduhan.
Aja
weya nindakake patrap kanggo
napakake napas
iku.
Cara matrapake tumindaking napas
iku kena
uga ditindakake kalayan leyeh-leyeh
mlumah
: ngendokake sakabehing urat-urat
nyelehake
tangan karo pisan sadhuwuring
weteng lan
nindakake lakuning napas miturut
aturan.
Daya ngisekake Prana Ngadeg kalawan
jejeg
sikil karo pisan kapepetake dadi
siji lan
driji -drijining tangan karo
pisan dirangkep
dadi siji kalawan longgar.
Banjur matrapa lakuning napas
sawatara rambahan
miturut aturan. Gawe segering
utek lungguha
kalawan jejeg lan nyelehna tangan
karo pisan
ing sandhuwuring pupu kiwa tengen:
mripat
mandheng marang arah ing ngarep
kalawan tetep:
sikil karo pisan tumadak ing
lemah. Kalawan
jempol tangan tengen anutup lenging
grana
sisih tengen lan anarika napas
liwat lenging
grana sisih kiwa, wusana nglepasake
jempol
iku banjur ambuwang napas lan
nutupa lenging
grana kiwa kalawan driji narika
napas liwat
lenging grana tengen, lepasna
driji panutup
iku lan ambuwanga napas. Mangkono
sabanjure
kalawan genti-genten kiwa lan
tengen.
|