www.mastoni.com


TARAK BRATA


"Ngilmu iku dadine saka laku", tegese manawa arep miguna'ake ngilmu-ngilmu, wajib disumurubi lan ditindakake kanthi temenan sarate. Kayata laku-laku kang dadi sarana nggayuh mantra-mantra, aji-aji uga sarana kanggo jimat-jimat iki kabeh kudu katindakake amrih kasembadane apa kang dadi gegayuhane. Dene kang dikarepake pasa mutih, patigeni, lan sakpanunggalane iku kaya ing ngisor iki jarwane:
  • PATI GENI: Ora mangan ora ngombe lan ora turu, sarta manggon ana ing kamar bae, apadene yen bengi ora kena nyumet diyan.
  • NGLOWONG: Ora mangan lan ora ngombe ananging kena turu sawetara bae lan kena lelungan.
  • NGEBLENG: Ora mangan ora ngombe lan ora kena metu saka kamar. Kenane metu mung yen kabener seni utawa bebanyu, lan uga kena turu sawetara bae. Laku nglowong utawa ngebleng kang wewangen 3 dina 3 bengi utawa 7 dina 7 bengi iku utamane yen wis kari sadina nganggo dirangkepi ambisu, yaiku ora caturan sarta manggone kudu andhewe ana sajroning papan kang kinira ora srawungan karo wong.
  • MUTIH: Kang dipangan mung sega thok, tanpa uyah lan lelawuhan utawa pepanganan liyane, sarta ngombene mung banyu wantah (tawar) bae. Wondene laku mutih kang suwene nganti 40 dina 40 bengi iku hakekate mung nyirik uyah, yaiku ora mangan sarupane panganan kang nganggo uyah.
  • LAKU MUTIH MILANG KEPE: Tegese laku mutih 7 bengi lan pati geni sewengi sarana mutih ing dalem sadina sawengi kang sapisanmung mangan sega putih 7 kepel, banjur saben sadina kasuda sakepel tumekane dina kang kaping pitune mung kari mangan sega sakepel, nuli katerusake patigeni sadina sawengi.
  • LAKU MELEK: Ora kena turu, anggone miwiti kudu saka wengine dhisik, banjur katerusake rinane, upamane wiwit Jumuah sore jam 6, rampunge Setu sore jam 6.

Wong kang arep nglakoni tirakat iku kudu anuceni badan lan ati dhisik, mungguh kang aran nuceni badan iku adus kramas kang resik, dene nuceni ati iku sarana nyenyuda ubaling nafsu. Wong kang mentas luwar saka anggone anglakoni, kayata mutih ngebleng, pati geni lan liya-liyane, iku ora kena banjur daya-daya mangan lan ngombe apa-apa sakarepe dhewe, ananging kudu di rih-rih saka sathithik.

Wiwit kang sapisanan mung ngombe banyu tawa sathithik, antara sak jam lawase banjur kena ngombe banyu intip (intip kabakar banjur dicori banyu tawa). Banyu intip iku uga diombe mbaka sathithik. Manawa wus sawetara weteng ora krasa lara banjur kena mangan bubur adhem uga mbaka sathithik, iki mau kabeh kudu diduga-duga sapantese aja banjur mangan sawarege mundhak lara wetenge.

Saluware anglakoni manawa awake wus kapenak kaya adat sabene, banjur anganakake slametan, kang lumrah slametane sega gurih, lawuhe pitik utawa endhog pitik diolah lambaran, ujube asung dhahar Gusti, dinonganana Slamet Kabul.

back to the top

online uvb lamps for sale