Kringetku krasa kerih-kerih anget tumetes
ndromos bar mlaku kepanasan turut ndalan
nyoba golek kamar penginepan sing murah-murah
bae tinimbang katon gumlethak klimprak-klimpruk
kaya gombal amoh ing terminal bis Tirtonadi.
Dhasar wisnu kere kaya aku, senadyan penginepane
rada apek-apek sithik ya ben no problem I
can put up with Moroseneng, sing penting
panggonane minus panti pijet sing satemene
luwih pantes nganggo tetenger panti ulah
rasa, rasaning driji-driji sing wiwit mau
tansah ngawe-awe ngajak nyawiji. Adate sing
nganggo serpis kaya ngene iki saka kadohan
gandane wis beda, genah iki ora becik kanggoku
apamaneh aku isih lajang. Kesebelasan iman
pasti bisa bertahan satu kosong, sing ora
kuwat iki bapakne toha sing gawane babarpisan
pancen ora sabaran.
Wetengku wis mulai krasa kriwik-kriwik
sedina
mung kisenan keluke rokok karo
kopi sak gelas.
Bar ngombe kopi ing terminal
wetengku langsung
klempoken wong kopine mung sak
imit banyune
akehe kaya bar nguras segara
kidul. Nedya
golek isine wadhuk, aku mandheg
ing ngarepe
Warung Sederhana. Jenenge karo
kahanan warunge
pancen gathuk, embuh maneh yen
bar maem terus
kena thuthuk regane sing pranyata
ora kena
diarani sederhana, lha ora ana
daftar rega
panganane, dadi ya mung beja-beji.
Ngersakaken dhahar menapa, Mas? pitakone
sing adol sega.
Wonten sekul napa mawon?aku ganti takon.
Soto ayam nggih wonten, menawi ngersakaken
sekul rames napa opor ayam nggih mangga.
Mangga pinarak, Mas. Sing adol sega wonge
ayu cecet-cuwet nyumanggakna karo lambene
minca-mincu, kalah Mustakaweni.
Sontoloyo mawon Mbak, eh klentu, soto ayam
mawon, panjalukku.
Nggih …kok mboten nate ketingal, Mase menika
saking pundi lan ajenge kesah teng pundi
kok mbeta tas giedhi banget kaya wong purik?
Anu Mbak … kula menika saking nJombang, lha
kula menika pancen ajenge minggat diuber-uber
tagihan kreditan sepeda motor Mbak. Abot-abote
nguber gengsi, kula wani-wani pados kreditan
sepeda, sak niki ngelu dhewe sirahku mikirna
cicilane ora entek-entek. Inggih, menika
saestu. Sampun pinten taun niku …dugi sepriki
teksih dereng lunas-lunas, duka nggih … kula
menika mboten ngertos itungane. Wis pokoke
ruwet Mbak.
Ah, Mase ki ana-ana wae. Mase
wau nitih sepeda
montor ta ngriki?
Mboten, wong sepedae sampun amblas kula sade.
Napa saestu niku, …sampun ngoten ah! Dipun
rantos sekedhap nggih mas, sotone ajenge
kula panasi riyin. Mbake sing adol sega banjur
mecethat mak nyet mlebu menyang pawon nyumet
kompore.
Ooo … Mase menika saking nJombang
ta? Tebih
nggih? Kula kinten namung celak
ngriki mawon.
Kula nggih nggadhah sedherek
wonten Denanyar.
Bis nJombang Solo sak menika
pinten, Mas?
Sangang ewu, Mbak.
Wah … mindhake kathah nggih. Kula riyin ngrika
namung nem ewu limang atus. Mase menika asmane
sinten ta? Njenengan menika lucu ketingal
radi cemlondho ning sumeh.
Sumeh mboten ateges mesum tur njuweweh ta?
Nami kula Agus, agak gugup sedikit, lha lho
sing adol sega wonge ayu.
Ah, empun ngoten ah, marake kula isyen. Mengko
gek wis duwe bodzo. Wong lanang ki biasya
… selalu mengambil kesempatan dalam kesempitan.
Lha menika pancen sing enak lho Mbak. Saya
memang selalu menunggu kapan ada kesempatan
berada dalam kesempitan.
Ah, Mase iki lho … aja njarak ….mentas wae
kenal kok wis wani gegojegan. Sampun nggadhah
yuga pinten Mas?
Dereng. Kula dereng pajeng kok, radi kasep
nggih? Lha Mbake sampun gadhah momongan pinten?
Kula menika teksih senggel Mas. Teng nggriya
mawon, mboten nate medal, ajrih mangke saged
disrengeni ibu kaliyan bapak. Paling banter
nggih teng warung mriki menawi sonten, menawi
injing nggih ibu kula ingkang wonten mriki.
Dados tiyang estri menika angel Mas, wanita
menika jarene kudu wani ditata.
Ooo…ngaten ta. Lha menawi priya
menika tegesipun
napa?
Duka nggih, kula mboten ngertos. Nanging
menawi "lanang" kula ngertos tegesipun.
Napa?
Yen lagi mancal aja nganti konangan!
Menawi
konangan malem minggon kliwat
saka jam rolas
saged ditangkep dikawinke ngenggon.
Dikawinke ngenggon rak malah sekeca ta Mbak,
mboten sisah repot-repot pados penginepan.
Kula malah remen menika. Paket hemat akhir
pekan. Menawi dinikahaken ngenggon menika
kula ingkang radi was-was. Lha menawi mboten
remen, rak mesake anake mbesuk. Anu, Mbak
… sotone mlajeng teng pundi, kula enteni
koq mboten muncul-muncul ngantos weteng kula
kothekan lho!
Oh, nggih Mas ngapunten ngantos
kesupen kula.
…………………….……………………………..
Mangga, menika sotonipun. Minume
napa Mas?
Teh mawon Mbak.
Ngangge es napa mboten?
Es krim napa esek-esek?
Nggih mboten ta Mas, wong teh kok dicampur
es krim, pripun ta Mase iki. Es batu Mas
…ngangge es batu.
Mboten Mbak, mangke menawi disukani
es batu
mundhak katosen tehe. Wong es
koq ana watune,
pripun ta Mbake iki.
Mase iki ana-ana wae. Kandhane sing adol
sega karo nyawiske tehe.
………………………..…………………..
Lho, Mbak!…. niki tehe teh celup ta, amit-amit
jabang bayiiii, kok mboten sanjang riyin
ta Mbaaaak….!!!???
Nggih Mas, …. wonten napa?
Kula mboten kolu ngombe tehe
Mbak.
Lha kenging napa …. napa kenclokan laler?
Dicuthik mawon beres Mas, dijarne teng mriku
malah sae nambah protein hewani ..hii...hiii!
Mboten ngoten Mbak, teh biasa
mawon enten
napa mboten? Kula mboten doyan
ngombe teh
celup. Kelingan sing ora-ora.
Kelingan napa Mas?
Niku lho Mbak kelingan talang bocor! Wujudipun
memper pembalut. Tehe sing biasa mawon Mbak,
mboten usah dipun balut, bocor nggih kersane!
Malah sae saged dibeta teng pameran lukisan
abstrak!
|