Pangkur
Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ingaranan cubluk,
Sukeng tyas yen dedina,
Nora kaya si Punggung anggung
Gumunggung,
Ugungan sadina-dina,
Aja mangkono wong urip.
Sapantuk wahyuning Allah,
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
Bangkit mikat reh mangukut, kukutaning
Jiwangga,
Yen mangkono kena sinebut wong
epuh,
Lire sepuh sepi hawa,
Awas roroning atunggil.
Tan samar pamoring Suksma,
Sinukmaya winahya ing asepi,
Sinimpen telenging kalbu,
Pambukane warana,
Tarlen saking liyep layaping
Aluyut,
Pindha pesating supena,
Sumusup ing rasa jati.
Sajatine kang mangkono,
Wus kakenan nugrahaning Hyang
Widhi,
Bali alaming asuwung,
Tan karem karamean,
Ingkang sipat wisesa winisesa
wus,
Mulih mula-mulanira,
Mulane wong anom sami.
|