|
|
|
|
|
Anenggih punika pituduh ingkang sanyata,
anggelaraken dunung lan pangkating kawruh
kasampurnan, winiwih saking pamejangipun
para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka
pitedhah kasajatining kawruh kasampurnan,
tutuladhan saking Kitab Tasawuf.
Panggelaring wejangan wau thukul saking kaweningan
raosing panggalih, inggih cipta
sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wedha
ing pangandikaning Pangeran dhumateng Nabi
Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makaten:
"Ing sabener-benere manungsa iku kanyatahaning
Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji."
Pangandikaning Pangeran ingkang makaten wau,
inggih punika ingkang kawedharaken dening
para gurunadi dhumateng para ingkang sami
katarimah puruitanipun.
Dene wonten kawruh wau, lajeng kadhapuk
8 pangkatan, sarta pamejanganipun sarana
kawisikaken ing talingan kiwa.
Mangêrtosipun asung pepenget bilih
wedharing kawruh kasampurnan, punika boten
kenging
kawêjangaken dhateng sok tiyanga, dene
kengingipun kawejangaken namung dhumateng
tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming
Pangeran, tegesipun tiyang ingkang sampun
tinarbuka papadhanging budi pangangen-angenipun
(ciptanipun).
Awit saking punika, pramila ingkang sami
kasdu maos serat punika sayoginipun sinembuha
nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning
saged anampeni saha angecupi suraosing wejangan
punika, awit suraosipun pancen kapara nyata
yen saklangkung gawat.
Mila kasêmbadanipun saged angecupi
punapa suraosing wejangan punika, inggih
muhung
dumunung ing ndalêm raosing cipta kemawon.
Mila inggih boten kenging kangge wiraosan
kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos,
inggih ingkang dereng kepareng angsal
ilhaming Pangeran.
Hewadene sanadyana kangge wiraosing kaliyan
tiyang ingkang dereng nunggil raos, wedaling
pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi,
mangertosipun kedah angen mangsa lan empan
papan saha sinamun ing lulungidaning basa.
Menggah wontening wewejangan 8 pangkat wau,
kados ing ngandhap punika:
Wewejangan ingkang rumiyin, dipun wastani:
pitedahan wahananing Pangeran, sasadan
pangandikanipun Pangeran dhateng Nabi Muhammad
s.a.w. Makaten pangandikanipun:
Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih
awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang
ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging
ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani
warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat,
asma, afngal).
Menggah dunungipun makaten: kang binasakake
angandika ora ana Pangeran anging Ingsun.
Sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun
inggih gesang kita punika rinasuk dening
Pangeran kita, mênggahing warna nama
lan pakarti kita.
Punika sadaya saking purbawisesaning Pangeran
kita, inggih kang sinuksma, tetep tinetepan,
inggih kang misesa, inggih kang manuksma,
umpami surya lan sunaripun, mabên lan
manisipun, sayekti boten saged den pisaha.
Wewejangan ingkang kaping kalih, dipun wastani:
Pambuka kahananing Pangeran.
Pamejangipun amarahakên papangkatan
adeging gesang kita dumunung ing dalem pitung
kahanan, sasadan pangandikanipun Pangeran
dhateng Nabi Muhammad s.a.w. Makaten pangandikanipun:
Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan
anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika
saka karsa lan pêpêstheningsun,
ing kono kanyatahane gumelaring karsa lan
pakartiningsun, kang dadi pratandha.
Kang dhihin,
Ingsun gumana ing dalem awang-uwung kang
tanpa wiwitan tanpa wekasan, iya iku alam
Ingsun kang maksih piningit.
Kapindho,
Ingsun anganakake cahya minangka
panuksmaningsun dumunung ana ing alam
pasenedaningsun.
Kaping telu,
Ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma
lan dadi rahsaningsun, dumunung
ana ing alam pambabaraning wiji.
Kaping pat,
Ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha
kauripaningsun, dumunung ana ing alaming
getih.
Kaping lima,
Ingsun anganakake angen-angen kang uga dadi
warnaningsun, ana ing dalêm alam kang
lagi kena kaumpamaake bae.
Kaping enem,
Ingsun anganakake budi, kang minangka
kanyatahan pencaring angen-angen kang
dumunung ana ing dalem alaming badan alus.
Kaping pitu,
Ingsun anggelar warana kang minangka
kakandhangan sakabehing paserenaningsun.
Kasebut nem prakara ing dhuwur mau tumitah
ana ing donya iya iku sajatining manungsa.
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
Yes, you may trust these premonitions, which
describe the essence and extent of knowledge
of the prefection of spiritual enlightenment,
and this enlightenment eminates from the
wise ones of the Isle of Java. It is their
desire to reveal the truth of enlightenment
as set forth by the Sufistic books.
The revelation of these teachings come from
a quite and peaceful mind as you become one
with God. Divined through the teachings of
the Prophet Moses, God says to his people:
"In truth, mankind is the reality of
the Lord, and the Lord is one with mankind."
The word of the Lord is the essence of the
message imparted by spiritual teachers to
their followers.
These teachings are then divided into 8 levels.
The message of each is whispered into the
left ears of the faithful.
This practice is observed as a reminder that
the teachings of spiritual knowledge should
not be revealed carelessly. They should be
heard only by those who are open and have
been blessed with enlightenment from God.
For this reason, those who are interested
in learning about these teachings should
pray
to God for an open mind so that they may
go
beyond the texts into an understanding of
their deeper meaning. To do otherwise can
be
truly dangerous.
In order to achieve the complete understanding
of these teachings, one must surrender oneself
completely to one's own consciousnes.
It is not permissible to discuss these teachings
with those who have not had a revelation
of spiritual unity and received divine inspiration.
If it is necessary to share these teachings
with those who are not yet prepared, then
one must exercise great cautions and wisdom
by choosing the proper place and time and
by carefully explaining the deep symbolism
and parables.
As for the eight levels of these teachings,
they are as follows:
The first lesson is called:
The knowledge of the the Lord.
One must learn that this great knowledge
is
delivered through the teachings of the Prophet
Muhammad:
"Peace be unto him, In truth nothing
existed in the universe, except God. There
is no other God. And God exists in utter
holiness and perfection throughout all realms
of essence, attributes, names, and works."
The importance of what we have just revealed
can be understood by the Lord's words
"There is no Lord but I."
Life is indeed holy and in truth, our lives
are completely imbued with the presence of
the Lord in all matter, names, and deeds.
In reality, all life originates from the
creation at the hand of God. These creations
are
inextricably connected in a continuous cycle.
For instance, the sun is inseparable from
the sunshine, and honey cannot be parted
from its sweetness.
The second lesson is a preface which speaks
of the existence of God.
It describes our life is divided into seven
levels. The Lord told the Prophet Muhammad,
"Peace be unto him."He said, "I
am the very God, and at My command I have
created everything, and it all came into
being at once as I ordained and decreed.
This creation unfolded at My command and
it is a sign."
First,
I was isolated in the heavens,
in My untouchable world, without beginning
or ending.
Second,
I created light as a spiritual means so that
I could manifest Myself and to leave
My untouchable realm.
Third,
I created shadows as a means of manifesting
Myself in the hidden places of the universe
so that I could be present in the genosis
of all things.
Fourth,
I gave a living soul to the blood that causes
through the world as a sign that I am alive
in all things.
Fifth,
I created thoughts as a vehicle for Myself
so that I may live in the realm of imagination.
Sixth,
I created the capacity of the mind to discern
right from wrong. The mind is the seat of
the soul and separate from My presence in
the physical body.
Seventh,
I unfolded a screen as a home within which
I could rest. All of the six lessons I have
stated above were created as a true reflection
of the nature of humanity.
BACK TO INDEX |
|
|
|
|
|
|