Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar
Ketawang Puspawarna, wonten ganda hangambar
arum Le Feu d'Issey katiyu bing samirana
manda, kawistara jengkaring wong ayu lencir
kuning bokong zzz…zhemok bahenol montol-montol
mijil saking tepas wangi, tepas mengku werdi
papan wangi wus hangarani ateges mijil saking
Sari Kemayu Beauty Salon.
Lembehane mblarak sempal nedya tindhak terminal
Blok M kang eM-e wus diblok mandheg greg!--hanggarbini
suwene watara rong sasi sawise kawin siri
senadyan satemene sirikan kawin luwih seneng
kumpul kebo, sapi, jaran lan bangsa sato
kewan liyane mung amerga saka wedi nora kersa
diarani wong ndesit.
Jemek-jemek gulane Jawa, aja
ngenyek padha
kanca.
Wong ayu wong ayu, sira hangagem busana ingkang
sarwa retna hangemba busananing garwa simpenan
pejabat nekat Kabyuk paten-pinaten Boyolali
lali marang beboyo.
Dhuh wong ayu, busana sira katon
pating galebyar
pating pancurat ngedab-ngedabi
lamun kasaru
sunaring lampu-lampu merkuri.
Hangagem puspita rinonce by La Roche-Posay
ing ukelira, sinampiran wonten ing pamidhangan
kanan, lamun katiyuban samirana manda kongas
gandane hangebegi wisma palereman.
Endah edining busana batik Iwan Tirta hamimbuhi
gandes luwes solah bawane, lamunta cinandra
ical sipating janma sawantah pun yayah Bethari-a-Sonata
tumurun mak krusek bleg! ... ambyuk ing simbar
dhadha ireng ketel kang ketele lan irenge
kaya rekening sira ing BCA--Bank Capek Antre,
Bank Cubluk Administrasine. Nedya buka rekening
nitip dhuwit mayuta-yuta cacahe ing BCA Solo
nanging nora tinampan nganggo Paspor, kudu
nganggo KTP! Kamangka aku wus nape manggon
ing mancanegari ora nate gepok senggol karo
kang aran KTP.
Wajik kletik gulane Jawa, luwih
becik sing
prasaja.
Wong ayu wong ayu, badhe nyebataken sinten
ta asma panjenengan punika kula teksih ewuh
pakewuh, awit kula dereng nyumurubi punapa
panjenengan piyambak sampun pirsa punapa
ta tegesipun 'asma' punika. Manawi dereng,
keparenga kula aturi pirsa bilih asma punika
asalipun saking tembung 'asal manunggal'.
Hewandene werdhinipun inggih punika asal-usulipun
kita sadaya punika inggih saking 'manunggaling
bapa lan biyung'. Minangka wohing manunggal,
lajeng 'mbrojol, lahir, utawi ana'. Pramila
punika tanpa manunggal rumiyin boten bakal
tumukul tetenger 'asma'.
Saben tiyang punika kagungan asma, senadyan
boten sadaya saged mangertosi asmanipun piyambak.
Miturut Romo Shakespeare, asma punika boten
wigatos, apalah artinya sebuah nama. Tumraping
tiyang Jawi asma punika wigatos sanget kedah
dipun mangertosi maksud suraosipun, amargi
asma punika ngiket budi pakerti. Minangka
tuladha kula 'Toni' ateges waton muni tur
yen ditonton bisa medeni nanging yen ditolak
bakal ngangeni, horotoyoh! Semanten ugi Mbah
Landa, manawi alane boten manda-manda punika
ateges boten runtut kaliyan asmanipun. Nyuwun
sewu Mbah.
Balung klapa, Mbah Landa ethok-ethok
ora
ngerti yen disapa.
Kowe iki durung pecus kaselak besus, dijapri
ngono ya ben. Menter, jare wong Jombang.
Sekar aren mastoni.com, sampun dangu-dangu
angsalipun nggedabrus kementhus. Roning mlinjo,
inggih kula pancen sampun sayah nyuwun ngaso.
Hambokbilih wonten kiranging
trapsila, suba
sita miwah kiranging basa tuwin
sastra karana
budi dhayaning manungsa kirang
sampurna manawi
boten dipun jejeli rokok Sampoerna,
mawantu-wantu
nyuwun lubering pangaksama.
|