www.mastoni.com

SERAT WULANG REH
IS. Pakubuwana IV, jumeneng 1788-1820


Padha gulangen ing kalbu,
Ing sasmita amrih lantip,
Aja pijer mangan nendra,
Kaprawiran denkaesthi,
Pesunen sariranira,
Sudanen dhahar lan guling.

Dadia lakunireku,
Cegah dhahar lawan guling,
Lan aja asuka-suka,
Anggoa sawatawis,
Ala wateke wong suka,
Nyuda prayitnaning batin.

Yen wis tinitah wong agung,
Aja sira nggunggung dhiri,
Aja leket lan wong ala,
Kang ala lakunireki,
Nora wurung ngajak-ajak,
Satemah anenulari.

Nadyan asor wijilipun,
Yen kalakuane becik,
Utawa sugih carita,
Carita kang dadi misil,
Iku pantes raketana,
Darapon mundhak kang budi.
(Kinanthi)

Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong,
Sira uga satriya arane,
Kudu anteng jatmika ing budi,
Ruruh sarwa wasis,
Samubarangipun.

Lan den nedya prawira ing batin,
Nanging aja katon,
Sasabana yen durung mangsane,
Kakendelan aja wani mingkis,
Weweka ing ati,
Densamar densemu.

Lan densami manteb marang becik,
Lan ta wekas ingong,
Aja kurang iya panrimane,
Yen wus tinitah maring Hyang Widi,
Ing badan puniki,
Wus pepancenipun.

(Mijil)
Wong amarsudi kawruh,
Tetirona ing reh kang rahayu,
Aja kesed sungkanan sabarang kardi,
Sakadare angengimpun,
Nimpeni kagunganing wong.

Tinimbang lan angenganggur,
Baya becik ipil-ipil kawruh,
Angger datan ewan panasten sayekti,
Kawignyane wuwuh-wuwuh,
Wekasan kasub kinaot.

Lamun wus sarwa putus,
Kapinteran sinimpen ing pungkur,
Bodhonira katokna ing ngarsa yekti,
Gampang traping tindak tanduk,
Amawas pambekaning wong.

back to the top

Quality book report is waiting for you at termpapers.com resource