www.mastoni.com


SERAT GATHOLOCO
Pirembagan antawisipun
Yu Senik kaliyan Mas Dwi ing Milis Jawi


Mas Dwiyatno:
Mas, mbok manawi sagedo paring pangertosan bab serat Gatholoco, langkung utami manawi saged dipun pajang wonten ing menu kados dene serat-serat sanesipun. Rumiyin kulo sampun nate maos, ujaring kathah serat meniko porno, namung sa-inget kulo, serat puniko inggih hanggadahi wewarah ingkang sae. Sagedipun porno menika amargi relatif ingkang maos kemawon. Manawi dipun waos kanthi wening, pawawas kulo, sejatosipun mboten porno. Sakdereng lan saksampunipun, kulo aturaken agenging panuwun

Yu Senik:
Mugi tenibihna saking sadaya tulah sarik, panginten kula, ingkang handadosaken mboten remenipun ngakathah punika mboten namung perkawis lekohipun, nanging ugi perkawis ingkang saged dipun anggep *nyangklak* kanggenipun sawetawis tiyang muslim. pramila, manawi samangke wonten ing serat punika wonten perkawis ingkang kapenggalih nyangklak, punika mboten ateges kok kula nedya ngubak-ubak banyu ingkang pancenipun sampun radi buthek. Ewa semanten, manawi patrap kula ingkang saderma caos atur dhumateng ingkang ngersakaken serat punika, kapenggalih *ngubak-ubak banyu ingkang radi buthek*, karsaa paring panyendhu.

Serat Gatholoco ingkang kula mangertosi wonten kalih [nanging kadosipun kok langkung saking kalih]. ingkang setunggal saged dipun panggihaken ing majalah *Indonesia* no 12, menawi kula mboten klentu, wedalan Cornell University, ingkang dipun terjemahaken dening Ben Anderson. Serat Gatholoco ingkang wonten ing majalah punika radi benten menawi dipun tandingaken kaliyan serat *yasanipun* ke prawirataruna ingkang dipun ecap dening Dahara Prize Semarang.

Serat ingkang wonten ing majalah *Indonesia* dipun purwakani *asal usul* lan candranipun pun gatholoco. Tembang jangkepipun kula mboten kengetan.
namung gancaripun, gatholoco punika dipun cariyosaken putraning *raja* ingkang dipun *kebonaken* kinen mertapa wonten ing satengahing wana. Anggenipun mertapa gatholoco apatrap *kalong*, gumandhul ing wit-witan kanthi sirah wonten ngandhap, dangunipun selikur [?] tahun.

Perangan pambuka ingkang pinanggih ing Serat Gatholoco ingkang dipun ecap ing majalah *Indonesia* punika saged dipun tegesi minangka *lampah jantraning palanangan*, inggih pun gatholoco. menawi perangan punika dipun lenggahaken ing basa lan teges wantahan, saged kemawon para maos mastani bilih perangan punika [lan sakwetahipun serat] barang saru, amargi ngrembag perkawis *planangan* [lan pawadonan]. wah...kok dadi nglantur....

Serat yasanipun Ki Prawirataruna [?], wedalan Dahara Prize, Semarang, 1990, dipun purwakani tembang mijil. Mekaten ungelipun:

prana putek kaputek ngranuhi,
wiyoganing batos,
raosing tyas karaos kekese,
taman bangkit upami nyelaki,
rudah gunging prihatin,
nalangsa kalangkung,

jroning kingkin sinalamur nulis,
serat gatholoco,
cipteng nala ngupaya lejare,
tarlen muhung mrih ayeming galih,
ywa kalantur sedhih,
minangka panglipur,

kang kinarya bebukaning rawi,
rejasari pondhok,
wonten kyai jumeneng gurune,
tiga pisan wasis muruk ilmu,
kathah para santri,
kapencut maguru,

Wonten ing serat gatholoco ingkang wonten ing majalah *Indonesia*, gatholoco dipun candra ngantos langkung saking sedasa pada, sakderingpun ngancik perangan pondhok rejasari.

Makaten tigang pada purwakaning serat gatholoco, yasanipun Ki Prawirataruna, ingkang dipun babar dening Dahara Prize, Semarang, 1990. Menawi wonten para ingkang kepingin mangertosi pada saklajengipun, sanes wekdal kula kintunaken lumantar jawa@

Mas Dwiyatno:
Matur nuwun sanget sampun kerso paring pangertosan bab Serat Gatholoco. Rumiyin wonten ing tahun 1990-an, Serat Gatoloco (SGL) kawedalaken awujud buku saku, dipun sade wonten ing gramedia ugi, ingkang wekdal puniko kathah sanget serat-serat kino ingkang ke-wedalaken malih maujud buku saku. SGL wonten peredaran mboten dangu lajeng ka-larang dening pamarentah, meniko ingkang versi pundi Yu Senik ?!

Yu Senik:
Mbokbilih punika ingkang wedalan Dahara Prize.
Nyuwun pangapunten, mas. Mboten kok kula badhe meksi klangenan, kuminter lan ngendhon ngendhoni anggen panjenengan usaha abasa jawa, namung pangandikan panjenengan, *asta kula* punika mbokmenawi leresipun *tangan kula*. Kula piyambak ugi asring klentu. Nanging ngendikanipun para sepuh: "sing kelingan ngelingna sing lagi kalimput". Semanten ugi, menawi samangke kula nembe klentu utawi kalimput, sampun dipun kendelaken kemawon; kersaa paring panyendhu.

Wonten ing pupuh asmaradana, ingkang kula panggihaken namung bantahipun gatholoco kaliyan Kyai Hasan Besari, lan pepelingipun gatholoco dhateng para sekabat. makaten ungelipun pepeling:

gatholoco sukeng galih,
angandika mring sakabat,
sanak sanakingsun kabeh,
yen sira arsa raharja,
poma poma elinga,
aywa tiru lir gurumu,
anggepe sawenang wenang,

kang mangkono ora becik,
ngina-ina mring sasama,
umat iku padha bae,
pinter bodho becik ala,
beja lawan cilaka,
wong kuli tani priyantun,
lanang wadon ora beda,

wus pinesthi mring hyang widdhi,
tan kena ingowahana,
pepesthine dhewe dhewe,
mulane becik narima,
aywa katungkul sira,
urip iku bakal lampus,
aneng dunya ngelingana,

aja jub riya lan kibir,
sumengah ngugung salira,
open dahwen panastenne,
karem dora pitenahan,
jail silib melikan,
angapusi agal alus,
anggluweh dhemen sikara,

aja pisan ladak edir,
watak angkuh nguja hawa,
aja wareg mangan sare,
nglakonana sawatara,
ingkang sabar tawakal,
ingkang sumeh aja nepsu,
ngajeni marang sasama,

aja sira gawe serik,
aja sira gawe gela,
aja gawe wedi kaget,
iku aran najis karam,
nyandhang mangan ingkang sah,
iku lakune wong ngilmu,
tan kena kanthi sembrana,

back to the top